Menyang kontèn

SMP Negeri 1 Berbah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
SMP Negeri 1 Berbah
SMP Negeri 1 Berbah
Barkas:SMP Negeri 1 Berbah.jpg
SMP Negeri 1 Berbah
Informasi
Diadegaké1979
JenisNegeri
AkreditasiA
Nomor Pokok Sekolah Nasional20401099
Kepala SekolahDra. Hewi Murdaningsih, M.Pd.Si.
Gunggung kelas12 Kelas
Rentang kelas7,8,9
KurikulumKurikulum 2013
Gunggung siswa381 Murid
StatusNegeri
Alamat
LokasiJl. Tanjungtirto, Kalurahan Kali Tirto, Kecamatan Berbah, Kabupaten Sleman, 55573, Daerah Istimewa Yogyakarta
Telp./Fax0274497029
Koordinat7.790440908° S, 110.4594142° E
Situs webhttps://smpn1berbah.sch.id/

SMP Negeri 1 Berbah salah satunggaling SMP wonten ing tlatah Sléman. Alamat jangkepipun wonten ing Dusun Tanjungtirto, Kalurahan Kali Tirto, Kecamatan Berbah, Kabupatèn Sléman, Propinsi Daérah Istiméwa Yogyakarta.[1]

Salah satunggaling gedhung wonten ing sekolah menika dipunbangun wonten ing jaman penjajahan Walanda. Lan wonten jaman penjajahan Jepang, sekolah menika dipunagem dados griya dinas Slinder utawi mandor tebu.[2]

Sasampunipun Indonésia merdéka, bangunan kasebat sempet mboten dipunagem lan dipunkuwaosi déning pasukan TNI ing Serangan Umum 1 Maret 1949, lan mboten wonten ingkang ngagem ngantos warsa 1951. Wiwiting warsa 1951, bangunan menika dipunagem déning sekolah. Dipunwiwiti dados Sekolah Tèknik Negeri Kalasan (STNK) saking warsa 1951 ngantos 1952, lajeng dados STN Kalasan saking warsa 1952 ngantos 1969, sadèrèngipun pungkasanipun dados SMP Negeri 1 Berbah ngantos sapunika.

Bentuk Bangunan lan Dénah

[besut | besut sumber]

Bangunan SMP Negeri 1 Berbah majeng dhateng kidul lan wonten 2 pérangan utama. Pérangan ngajeng nggadhahi payon segi enem. Sawatawis pérangan wingkingipun awujud persegi dawa lan payon limasan. Bangunan asli dipunbangun kaliyan pondasi ekspose sanginggil 72 cm saking jogan, ingkang kadamel saking sela lèpèn gundul ingkang dipunplèstèr semèn. Sela gundul dipuncat pethak, plèster semèn wonten saubenganipun dipuncat cemeng, lan pinggiripun pondasi dipuncat ijem sepuh.

Bangunan menika dipunjangkepi kaliyan 2 undhak-undhakan ingkang mlebet jobin. Jobinipun keramik ijem motip lan gadhahi 6 undakan, ingkang piyambak-piyambakipun ngarah wonten lèr. Undhak-undhakan kilèn mbelok dhateng tengen lan undhak-undhakan wetan mbelok dhateng kiwa tumuju konten mlebet. Témbok bangunan kadamel saking banon ingkang dipunlèster kaliyan pasangan setunggal sela, sawatawis konten, chendela, lan boven sedayanipun kadamel saking kajeng lan dipuncat klawu.

Langit-langit panggènan babon dipuntutup kaliyan plapon sèng waos ingkang gadhahi gelombang lan dipuncat pethak. Payonipun ngagem ragangan kajeng kaliyan gendhèng prèss lan bubungan saking lempung, saha lisplank kajeng ingkang dipuncat klawu wonten buntutipun. Pérangan ngajeng payon awujud segi enem kaliyan èmpèr segi gangsal ugi payonipun kadamel saking asbès ingkang gadhahi glombang lan bumbunganipun saking plèster semèn, saha rerenggan muncak awujud kuncup saking lempung wonten pucukipun.[3]

SMP Negeri 1 Berbah ugi gadhahi panggènan kabikak. Cacahipun wonten kalih. Panggènan kabikak ingkang angka setunggal wonten ing kidul utawi ngajeng bangunan asli (plataran ngajeng) lan panggènan kabikak ingkang kaping kalih wonten ing lèr (plataran wingking).

Awis - awis[4]

[besut | besut sumber]
  • Juara 1 O2SN Cabang Taekwondo tingkat kabupatèn/kota taun 2018
  • Juara 2 Kejuaraan Daérah Taekwondo DIY tingkat propinsi taun 2017
  • Juara 1 Kyourgi Under 32 KG Kadet Putra tingkat propinsi taun 2017
  • Juara 1 Kejuaraan Nawacita Mok's Taekwondo tingkat nasional taun 2017
  • Juara 2 Paskibraka tingkat kabupatèn/kota taun 2016
  • Juara 3 Kejurkab tingkat kabupatèn/kota taun 2016
  • Juara 3 Pramuka tingkat kabupatèn/kota taun 2015

Sarana lan Prasarana[5]

[besut | besut sumber]
  • Ruwang Kelas
  • Jedhing

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Data Kemdikbud".
  2. "JOGJACAGAR | Sistem Informasi Cagar Budaya". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-05-31.
  3. "Direktori Budaya Kabupaten Sleman".[pranala mati permanèn]
  4. "SMP NEGERI 1 BERBAH - Aku Pintar". AkuPintar (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-05-31.
  5. "Data Sekolah Kemdikbud".