Roti baya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Roti baya
Roti Buaya.JPG
Roti baya
JinisSasrahan
AjanganPambuka
Panggonan asalIndonesia
Tlatah utawa prajaBetawi, Jakarta
Hawa ajanganAdhem
Woworan pokokGlepung, endhog, mertega, gula
Katerangan liyanéAna ing adicara pahargyan pawiwahan temanten
Buku masakan: Roti baya  Médhia: Roti baya

Roti baya yaiku panganan saka Betawi arupa roti legi maujud kéwan baya . [1] Roti baya mesthi ana ing adicara lan pahargyan pawiwahan tradhisional Betawi. [2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Wujudé roti baya ing mantènan tradisional Betawi didayani dening tumekaning wong Eropa menyang Indonesia. Wong Eropa iku nuduhaké katresnan kanthi menehi kembang, mula padunung Betawi ngrumangsani kudu ana simbol liyané kanggo nuduhaké katresnan. Banjur roti sing digawé kaya baya iki dipilih minangka simbol katresnan. Roti Buaya digawé sepasang, sing wanita ditandhani roti roti baya cilik sing diwènèhaké ing sisih mburi utawa ing sisih. Makna prasetya tembé urip bebarayan supaya duwé anak lan putu.

Wiwitané digawé roti baya iki teksturé sing atos lan sengaja ditinggal supaya empuk. Iki nglambangaké manawa pawongan sing rabi nganti pungkasaning urip. Nanging bebarengan karo jaman saiki, roti baya digawé nganggo tekstur sing luwih lembut supaya bisa cepet didhahar. Roti baya disebar kanggo sanak sedulur sing ora omah-omah kanthi pangarep-arep amrih gagé-gagé nyusul rabi. [3]

Teges[besut | besut sumber]

Roti baya sapasang

Wong Betawi mitayani yèn baya mung kawin sepisanan karo pasangané. Mulané roti iki dipercaya nglambangaké setya ing kawinan. [1] [2] Nalika lamaran, roti diselehaké ing sandhingé panganten putri lan tamu, kahanan roti iki nglambangaké karakter lan sifat panganten lanang. [4] Baya kanthi tradisional dianggep sabar (nalika ngenteni mangsa). Kejabi kasetyan, baya uga nglambangaké kamapanan. [5] Nanging saiki simbolisme budaya modern, artine baya dadi barang sing ala, umpamané baya judi, baya ngombé (tukang mendem) lan baya dharat (wong sing mripaté kranjang utawa nglirik kana-kene).

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b "The Symbolism of Crocodile Bread: Jakarta, West Java". indonesialogue.com. April 8, 2008. Dibukak ing July 9, 2011.
  2. a b Garmina, Rina. "Aneka Makanan Khas Betawi nan Lezat". Dibukak ing July 9, 2011. (ing basa Indonésia)
  3. Fimela.com. "Makna Filosofis Roti Buaya Dalam Pernikahan Adat Betawi". fimela.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-10-21.
  4. Shahab 2001
  5. "Nikmatnya Kuliner Khas Betawi". bataviase.co.id. June 26, 2010. (ing basa Indonésia)

Kapustakan[besut | besut sumber]