Ritme sirkadian
Ritme sirkadian yaiku proses saka njero lan alamiah kang ngatur siklus turu lan tangi kang mbaleni kira-kira saben 24 jam.[1] iki bisa ngrujuk marang proses biologis kang nuduhake osilasi endogen kang bisa nyelarasake dhewe kira-kira saben 24 jam sepisan. Ritme 24 jam iki digerakake dening jam sirkadian, lan proses iki wis akeh diamati ing tetuwuhan, kewan, jamur, lan cyanobacteria.[2]
Tembung sirkadian asale saka basa Latin circa, kang ateges "mubeng" (utawa "kurang luwih"), lan anteng, kang uga tegese "dina". Parembugan ngenani ritme biologis temporal, kayata ritme saben dina, pasang surut, minggonan, musiman, lan taunan, diarani kronobiologi. Proses kanthi osilasi 24 jam luwih umum diarani ritme diurnal; kanthi tegas, ora bisa diarani ritme sirkadian kajaba sifat endogen wis dikonfirmasi.[3]
Sajarah
[besut | besut sumber]Cathetan babagan proses sirkadian bisa dirunut wiwit abad kaping 4 SM, nalika Androsthenes, sawijining kapten kapal kang makarya ing sangisoré kakuwasan Alexander Agung, nggambarake gerakan diurnal saka godhong wit asem.[4]
Pengamatan babagan proses sirkadian utawa diurnal ing manungsa uga kasebut ing teks-teks pangobatan Tiongkok kang asalé kira-kira saka abad 13, kalebu Pedoman Siang lan Wengi lan Ritme Mnemonik kanggo Mbantu Milih Titik Akupunktur Miturut Siklus Diurnal, Dina-dina ing Sasi, lan Mangsa sajrone Setaun.[5]
Ing tahun 1898, Patrick lan Gilbert nggatekake manawa sajrone wektu dawa deprivasi turu (proses yen kurang turu), ana mundhak lan mudhuné rasa ngantuk kanthi nduweni siklus udakara 24 jam.[6] Ing taun 1918, J. S. Szymanski nuduhaké manawa kéwan bisa njaga reroncèning kagiyatan 24 jam sanajan tanpa pratandha njaba kayata cahya lan owah-owahan suhu.[7] Ing wiwitan abad kaping 20, ritme sirkadian uga diamati ing pola wektu mangané saka kewan kang arane tawon. Panaliten kang luwih jembar ditindakake déning Auguste Forel, Ingeborg Beling, lan Oskar Wahl kanggo mriksa apa irama iki disebabaké déning jam endogen (jam biologis kang asalé saka njero awak). Ing awal taun 1970-an, Ron Konopka lan Seymour Benzer kasil nglokalisasi mutan jam biologis pisanan ing Drosophila lan kasil nemokake sebarané gén “periode”, yaiku komponen génetik pisanan saka jam sirkadian kang ditemokaké.[8]
Banjur ing taun 1994, Joseph Takahashi nemokaké “jam gén” mamalia pisanan (CLOCK) kanthi nggunakaké tikus minangka model panaliten.[9]
Paugeran
[besut | besut sumber]Bisa diarani ritme sirkadian, nalika nduweni ritme utawa biologis kudu mlebu papat tetenger ing ngisor iki:
- Ritme kasebut mbaleni sapisan saben dina (tegesé sawijining ritme nduwèni periode 24 jam). Kanggo mangerteni wektu iku, bisa niteni wektu kedadeyan kang padha ing saben 24 jam.
- Ritme kasebut lestari sanajan tanpa anané isyarat eksternal (endogen). Ritme kasebut tetep ajeg ing kahanan konstan kanthi jangka wektu watara 24 jam. Alesan saka kritéria iki yaiku kanggo mbedakaké ritme sirkadian saka tanggapan prasaja marang isyarat eksternal saben dina. Sawijining ritme ora bisa diarani endogen, kajaba wis diuji ing kahanan tanpa input periodik eksternal.
- Ritme kasebut bisa diselarasaké supaya cocog karo wektu tartamtu (entrainable). Ritme iku bisa diatur nganggo srengéngé.
- Ritme kasebut njaga périodisitas sirkadian ing rentang suhu fisiologis, yaiku nuduhaké kompensasi suhu.
Ritme sirkadian iki mengaruhi prabawa anggone turu utawa kang luwih dikenal minangka siklus turu-tangi. Kurang turu utawa pola turu kang ora ajeg bisa nduwé dampak kang dadi gedhé kanggo fungsi awak kang penting ing saben dina. Konsolidasi memori, panyembuhan awak, lan pangaturan metabolisme kedadeyan nalika siklus turu. Siklus turu-tangi iki uga bisa ngaruh ing kebiasaan mangan, pencernaan, suhu awak, pelepasan hormon, lan fungsi awak liyane. Dampak kang ora apik marang turu bisa mengaruhi kemampuan wong kanggo nindakake aktivitas kanthi becik lan bisa nyebabake akèh gangguan. Maneka warna kondhisi kasihatan ing badan kronis kang ana gandhèngané karo ritme kang ora teratur kalebu diabetes, obesitas, depresi, gangguan bipolar, gangguan afektif musiman, lan gangguan turu liyane.[10]
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ "What makes us sleep?". https://www.nichd.nih.gov/ (ing basa Inggris). Dibukak ing 2026-03-07.
{{cite web}}: External link in(pitulung)|website= - ↑ Edgar, Rachel S.; Green, Edward W.; Zhao, Yuwei; van Ooijen, Gerben; Olmedo, Maria; Qin, Ximing; Xu, Yao; Pan, Min; Valekunja, Utham K. (2012-05-24). "Peroxiredoxins are conserved markers of circadian rhythms". Nature (ing basa Inggris). 485 (7399): 459–464. doi:10.1038/nature11088. ISSN 0028-0836. PMC 3398137. PMID 22622569.
- ↑ Vitaterna, M. H.; Takahashi, J. S.; Turek, F. W. (2001). "Overview of circadian rhythms". Alcohol Research & Health: The Journal of the National Institute on Alcohol Abuse and Alcoholism. 25 (2): 85–93. ISSN 1535-7414. PMC 6707128. PMID 11584554.
- ↑ Gwei-Djen Lu (25 Oktober 2002). Celestial Lancets. Psychology Press. hlm. 137–140. ISBN 978-0-7007-1458-2.
- ↑ de Mairan JJO (1729). "Observation Botanique". Histoire de l'Academie Royale des Sciences: 35–36.
- ↑ Dijk, Derk-Jan (Agustus 2005). "Timing and Consolidation of Human Sleep, Wakefulness, and Performance by a Symphony of Oscillators". J Biol Rhythms. 20 (4). SagePub: 279–290. doi:10.1177/0748730405278292. PMID 16077148.
- ↑ Danchin, Antoine. "Important dates 1900–1919". HKU-Pasteur Research Centre. Paris. Diarsipkan dari asli tanggal 2003-10-20. Diakses tanggal 2026-03-14
- ↑ Konopka R, Benzer S (September 1971). "Clock Mutants of Drosophila melanogaster". Proc. Nat. Acad. Sci. USA. 68 (9): 2112–2116. Bibcode:1971PNAS...68.2112K. doi:10.1073/pnas.68.9.2112. PMC 389363. PMID 5002428.
- ↑ Vitaterna MH; King DP; Chang AM; et al. (April 1994). "Mutagenesis and mapping of a mouse gene, Clock, essential for circadian behavior". Science. 264 (5159): 719–25. doi:10.1126/science.8171325. PMID 8171325.
- ↑ Reddy, Sujana; Reddy, Vamsi; Sharma, Sandeep (2021). StatPearls. Treasure Island (FL): StatPearls Publishing. PMID 30137792.