Menyang kontèn

Richard Gabriel Fox

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Richard Gabriel Fox ya iku ahli antropologi saka New York, Amérikah Sarékat, kalairan tanggal 2 Maret 1939[1]. Richard naté kuliah ing Columbia University (AB) taun 1960. Sabanjuré ana ing University of Michigan (MA) taun 1961 lan Ph.D. taun 1965[1]. Dhèwèké uga naté nglakoni panlitian lapangan antropologis ana inf Uttar Pradesh Indhi (1963), Edinburgh (1975), lan Delhi, Punjab, Indhi (1980, 1981)[1]. Saka panlitiané, Richard nulis karya-karya akademis kaya déné From Zamindar to Ballot Box: Community Change in a North Indian Market Town (1969), Kin, Clan, Raja, and Rule: State-Hinterland Relations in Pre-Industrial India (1971)[2], Lions of the Pinjab: Culture in the Making (1985), lan Gandhian Utopia: Experiments with Culture (1989)[1][3][4]. Richard nyumbangké panemuné ing bab analisis bebrayan sing komplèks kaya ing Indhi. Karyané sing kaping kapisan ya iku nuduhaké kajian kutha pasar cilik Indhi.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 Amit, Vered (2004). Biographical dictionary of social and cultural anthropology. London: Routledge. kc. 241. ISBN 020364459X. OCLC 436848672.
  2. Thriftbooks. "Richard Gabriel Fox Books | List of books by author Richard Gabriel Fox". Thriftbooks (ing basa Inggris). Dibukak ing 2018-01-09.
  3. Fox, Richard Gabriel (1996). Gandhian Utopia: Experiments with Culture (ing basa Inggris). University Microfilms. ISBN 9780783718033.
  4. Fox, Richard Gabriel (1991). Recapturing Anthropology Working in the Present.