Menyang kontèn

Reracanan dhigital

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Patang gambar disungsun dadi gambar pungkasan sing manunggal

Reracanan dhigital utawa pangomposisian dhigital (basa Inggris : digital compositing) yaiku tumindak nyungsun maneka gambar kanggo ngasilaké gambar pungkasan sing manunggal. Umumé kanggo dicithak, kanggo motion picture (gambar mobah), utawa kanggo ditampilaké ing layar. Reracanan dhigital padha karo reracanan film optik. Tumindak iki dadi sawijiné bagéyan ing pangolahan VFX.