Ratu Tisha Destria
Ratu Tisha Destria (lair ing Jakarta, 30 Desember 1985) minangka wanita Indonesia pisanan sing njabat minangka Sekretaris Jenderal Persatuan Sepak Bola Seluruh Indonesia (PSSI). Wiwit tanggal 16 Februari 2023, dhèwèké njabat minangka salah siji Wakil Ketua Umum PSSI kanggo periode 2023–2027, sing ndadekake dhèwèké wanita pisanan sing nyekel posisi kasebut.
Biografi
[besut | besut sumber]Dhèwèké lair saka pasangan Tubagus Adhe lan Venia Maharani. Tisha ngrampungaké studi sarjana ing bidang Matematika ing Institut Teknologi Bandung (ITB). Wiwit jaman sekolah nganti kuliah, Tisha duwé minat gedhé marang bal-balan—dudu minangka pemain, nanging minangka manajer sing mbantu mbangun lan ngembangaké tim wiwit saka nol.
Sawisé lulus saka ITB ing taun 2008, Tisha langsung nampa tawaran kerja saka perusahaan layanan ladang minyak Schlumberger. Wanita Muda, Cerdas, lan Sekretaris Jenderal PSSI Anyar. Ing perusahaan iki, dhèwèké entuk kawruh sing jembar—utamane babagan eksplorasi data lan manajemen konflik—lan, amarga tugas perusahaan, dhèwèké kudu pindhah-pindhah negara, wiwit saka Kairo (Mesir) menyang Houston (AS), banjur menyang London (Inggris), lan Beijing (Tiongkok). Akibaté, Tisha dadi lancar ngomong nganggo limang basa.
Kanggo nambah kawruh lan wawasan, dheweke uga melu maneka seminar bal-balan internasional sing dianakake ing Jepang, Belgia, lan Denmark. Dheweke uga nyinaoni babagan program FIFA Master, sing disponsori dening FIFA. Kanthi sangu portofolio saka seminar-seminar sing wis ditututi, Tisha ngajokake lamaran lan melu ujian mlebu program FIFA Master ing International Centre for Sports Studies. Saka 6.400 pelamar, mung 28 sing ditampa, kalebu Tisha. Sawise ngrampungake program FIFA Master suwene setaun setengah, Tisha entuk gelar Master of Arts. Dheweke lulus kanthi asil sing nggumunake, yaiku peringkat kaping 7 saka 28 mahasiswa kasebut. Nganggo kawruh sing dipikolehi ing FIFA, Tisha banjur kapasrahake peran ing bal-balan Indonesia, kalebu dadi Direktur Kompetisi kanggo Indonesia Soccer Championship (ISC) ing taun 2016. [1] Sukses dari gelaran acara tesebut, Tisha lantas diangkat menjadi Sekretaris Jenderal PSSI periode 2017-2020.[2]
Tisha mundur saka jabatan Sekjen PSSI tanggal 13 April 2020. [3] Sepuluh bulan sebelumnya, Ia terpilih sebagai Wakil Presiden AFF.[4]
Tanggal 16 Fèbruari 2023, dhèwèké kapilih dadi Wakil Ketua II PSSI periode 2023–2027. [5]
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ "Ratu Tisha Destria: Ratunya Torabika Soccer Championship". SWA. Diarsip saka asliné ing 2017-06-05. Dibukak ing 1 April 2020.
- ↑ "Mundur dari Sekjen PSSI, Ratu Tisha Kutip Lirik Lagu Barat". Republika. Diarsip saka asliné ing 2022-06-15. Dibukak ing 1 April 2020.
- ↑ "Biodata Ratu Tisha, Alumnus ITB yang Tinggalkan Perusahaan Minyak Demi Bola, Kini Eks Sekjen PSSI". Tribunnews. Diarsip saka asliné ing 2022-06-13. Dibukak ing 28 April 2020.
- ↑ Ariandono, èd. (23 Juni 2019). "Ratu Tisha Jadi Wakil Presiden AFF, Komunitas Sepak Bola Protes". Tempo.co. Diarsip saka asliné ing 2021-09-17. Dibukak ing 29 Juni 2022.
- ↑ Afif Farhan (16 Februari 2023). "Profil Ratu Tisha, Waketum PSSI Terbaru yang Tidak Asing". Detik.com (ing basa Indonesia). Diarsip saka asliné ing 2023-03-07. Dibukak ing 18 Februari 2023.
{{cite web}}: Check date values in:|access-date=and|date=(pitulung)