Raden Walmuka
Raden Walmuka iku putrane Prabu Baladewa (ratu ing Mandura) lan Dèwi Érawati. Raden Walmuka linairake kembar karo kadange tuwa kang kekasih Raden Wisatha. Kekarone putra kinasihe Prabu Baladewa, kang tansah didama-dama ing tembe dadi wong utama, bisa dadi pemimpine bangsa.
Ora beda karo ramane, Raden Walmuka gampang duka, nanging uga gampang lilihe. Watake jujur , setya ing sesanggeman, tanggung jawab , ora wedi ngadhepi bebaya. Wiwit cilik digulawenthah bab tata kaprajan dening Patih Pragota. Uga wineleg babagan kaprajuritan. Kayata:trampil ing ulah gegaman warna-warna, lan rakit gelaring baris.
Tokoh iki arang dipentasake ing pagelaran wayang purwa. Arang kocap. Metune mung ing lakon Wisatha Krama. Raden Walmuka ngancani kangmase munggah ing Gunung Kutharunggu, saperlu nyuwun ngampil Payung Garudha Nglayang marang Garudha Sempati. Kanggo sarana pitukone temanten.
Nalika iku Garudha Sempati lagi wae rampung ngontalake para Kurawa. Banjur katungka praptane Raden Wisatha lan Raden Walmuka.
Raden Wisatha matur wigatine sedya kanthi kebak trapsila. Sang Garudha kepranan marang ature Raden Wisatha. Nanging pendadaran tetep bakal katindakake yen satriya iki kepengin mboyong Payung Garudha Nglayang. Raden Wisatha lan Raden Walmuka saguh didadar. Garudha Sempati nuli kekablak. Nadyan brondhol (tanpa wulu), nanging kekablake swiwi bisa mijilake angin gedhe kang nempuh satriya loro iku. Wisatha lan Walmuka budidaya ngadeg jejeg karo ngeningaken cipta.
Dumadakan Garudha Sempati mandheg olehe kekablak. Raden Wisatha dililani njupuk Payung Garudha Nglayang kang ana burine. Jebul payung iku digawe saka wulune Garudha Sempati; kang duking nguni dibrondholi dening Prabu Dasamuka. Raden Wisatha banjur nyuwun pamit. Payung iku besuk bakal dibalekake yen anggone dhaup karo putri Madukara wis purna.
Raden Wisatha lan Raden Walmuka wis adoh saka Gunung Kutharunggu, Ing satengahing dalan, dumadakan diadhang Patih Sengkuni lan para Kurawa. Tujuane nedya ngrebut Payung Garudha Nglayang. Sulayaning rembug dadi pancakara. Rehne Kurawa cacahe akeh, Raden Wisatha lan Walmuka karepotan. Banjur ngegarake Payung Garudha Nglayang. Diobat-abitake, satemah mijilake angin gedhe kang bisa gawe kontale Patih Sengkuni lan para Kurawa.
Ing dina kang wis katemtokake, rombongan penganten priya wus tumeka ing Madukara. Nitih kreta kencana, pinayungan Payung Garudha Nglayang. Prabu Baladewa, Prabu Kresna, Patih Udawa, Raden Setyaki katon mudhun saka pagedhongane kreta. Raden Arjuna mapag rawuhe kulawarga besan. Dumadakan katungka sowane abdi emban kang asung palapuran yen Dewi Nilawati diculik wong. Prabu Baladewa sigra dhawuh marang Raden Walmuka supaya nggoleki si maling. Raden Wisatha ora negakake. Lukar busana manten, nututi adhine.
Jebul kang nyulik wujude buta wadon, jenenge Emban Durgamarungsit, abdine Prabu Kaladurgama saka Negara Timbultaunan. Wasana Raden Wisatha lan Raden Walmuka bisa nyirnakake kabeh pepalange. Raden Wisatha klakon dhaup karo Dewi Nilawati.
Kapethik Saking
[besut | besut sumber]Mulyantara, 2020, Majalah Jaka Lodhang (cover tokoh wayang), Yogyakarta:Jaka Lodhang Press