Menyang kontèn

Raden Surabasah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Raden Surabasah iku putrane Patih Sengkuni, rayine Raden Antisura. Tokoh iki mung tinemu ing crita padhalangan, lakon Rubuhan (Duryudana Gugur).

Wayah bengi, adheme njekut, Patih Sengkuni metu saka jroning pakuwon Bulupitu (Sewuntana), ngawe Raden Antisura lan Raden Surabasah. Dijarwani yen arep mukti ya dina iki, yen arep mati ya dina iki.

Antisura lan Surabasah padha miterang, apa karsane ramane.

Patih Sengkuni ngendikake yen pakuwon Bulupitu mentas bae katamuan ratu saka negara Girigupita, jejuluke Prabu Suryagupala. Ratu mau nedya sabyantu Kurawa, saguh mateni Pandhawa. Nanging yen menang, wuluwetu negara Ngastina kudu dheweke kang mranata. Prabu Duryudana uga bakal dicaosi, nanging wis wujud dadi. Ibarate sandhangan, wis kari nganggo. Dadi yen nganti Suryagupala bisa menang perange, wuluwetu negara Ngastina bakal digawa menyang negara Girigupita. Ngastina kari ampase. Mula supaya aja nganti kabeh wuluwetu diboyong menyang negarane Suryagupala, Patih Sengkuni ndhawuhi Antisura lan Surabasah nyenapateni wadya Plasajenar, maju ing paprangan mateni Pandhawa, ndhisiki lakune Suryagupala sabalane. Yen Antisura lan Surabasah bisa menang perange, bakal gedhe ganjarane. Sengkuni kang bakal nyuwunake ganjaran marang Prabu Duryudana.

Esuke, ing dina kaping 18, esuk umun-umun, Surabasah wis tandhing yuda mungsuh Patih Nirbita. Antisura nonton saka kadohan.

"Adhimu wis miwiti perang, kok kowe malah meneng wae ki priye ta Antisura? Kowe tekan kene ki arep nonton apa arep perang? Gage adhimu bantunen. Patih Nirbita lepasana gegaman saka kadohan," ngendikane Patih Sengkuni.

"Menawi ngaten, tegesipun kula lajeng boten nglenggahi jiwaning satriya. Menika pakarti licik."

" Kowe ora perlu mikir kaya ngono. Perang iku bakune menang. Dalan sewu kudu ditempuh. Supaya menang perange, kudu migunakake akal, yen perlu nakal. Gage tulungana adhimu!"

Raden Antisura sigra nglepasake panah, tumanduk ing lambunge Patih Nirbita. Patih Wiratha iku sirna margalayu. Nanging sabanjure Antisura genti disirnakake dening Raden Wrekudara, dibanting sakayange.

Dilangkahi Surabasah, Antisura bali urip maneh. Semono uga yen Surabasah mati, dilangkahi Antisura, bisa urip maneh.

Prabu Kresna paring priksa, " Antisura lan Surabasah iku nunggal guru. Padha sumpah ing ngarepe bapa guru. Urip nunggal sakamulyan, mati nunggal sapapan. Bisane mati bareng kudu kokkapakake?"

Antisura lan Surabasah banjur didu kumba dening Raden Wrekudara. Mustakane pecah, kekarone sirna margalayu.

Kapethik Saking

[besut | besut sumber]

Mulyantara.2019.Majalah Jaka Lodhang. Yogyakarta: Jaka Lodhang Press.