Raden Samba
Raden Samba iku putrane Prabu Bathara Kresna lan Dewi Jembawati kang nomer loro. Wujude satriya bagus, mbranyak pasemone. Duwe kakang, asmane Raden Gunadewa. Gunadewa wujude satriya bagus, nanging duwe buntut lan saranduning awake kebak wulu dhiwut-dhiwut kaya kethek. Raden Samba nalika bayi uga dhiwut-dhiwut wulune, mung bedane ora duwe buntut. Wis bola-bali Prabu Kresna ngruwat putra-putrane nganggo Kembang Wijaya Kusuma, nanging ora kasil. Raden Samba bisa wujud satriya lumrah, rontog wulune, awit saka pitulungane Bathara Sambu.
Kasatriyane Raden Samba ing Paranggarudha . Biyen negarane Prabu Kilatmaka (Kusuma Wiratmaka). Bareng Prabu Kilatmaka bisa disirnakake dening Raden Samba, negarane dadi duweke Samba, didadekake kasatriyan. Garwane Raden Samba asmane Dewi Sugatawati, putrane putri Raden Arjuna (Janaka). Peputra siji, jenenge Raden Dwara.
Raden Samba panjanmane Bathara Drema (Ulamderma). Garwane Bathara Drema asmane Dewi Dremi (Ulamdermi), widadari kahyangan. Amarga Bathara Drema manjanma ing marcapada, Dewi Dremi uga banjur melu tumurun ing marcapada, manuksma ing jagade Dewi Agnyanawati, putri Giyantipura.
Sarehning Dewi Agnyanawati iku panjanmane widadari Dewi Dremi, ana ing marcapada kudune dadi garwane panjanmane Bathara Drema, yaiku Raden Samba. Nanging nyatane ora mangkono. Dewi Agnyanawati dadi garwane Prabu Sitija Boma Narakasura, ratu ing Trajutrisna. Amarga manjanmane Dewi Dremi 'salah alamat', mula nalika panggihing temanten, sing kudune Dewi Agnyanawati mijiki ampeyane/sukune Prabu Sitija, nanging Sang Dewi malah mijiki ampeyane Raden Samba. Gawe kaget lan ndadekake tandha pitakon ing pikirane kang padha jagong manten. Iki ngalamat/pratandha apa? Kleru apa sengaja kleru?
Raden Samba sabaline saka jagong manten, dadi ngengleng. Kasmaran marang mbakyune ipe. Jebul wanita ayu sing ana ing impene seminggu kapungkur iku Dewi Agnyanawati. Mula sing tansah cumithak ing pikirane Samba mung pasuryane Dewi Agnyanawati. Ora ngelingi yen garwane pinuju nggarbini sepuh (meteng tuwa, meteng pitung wulan). Saking ora kuwat ngampet kasmarane, banjur menyang Astana Gandamadana, manggihi kakange, nyuwun iguh supayane bisa sapajagong karo Dewi Agnyanawati.
Raden Gunadewa ora kersa paring iguh/pitulungan, awit Agnyanawati wis ana kang mengkoni. Samba didhawuhi meper kekarepane sing ora bener. Rehne Samba ora kena diendhakake kekarepane, banjur diiguhake supaya sowan Raden Arjuna (Janaka) ing kasatriyan Madukara. Sing luwih pengalaman bab wanita.
Nalika lakune ngliwati alas, dumadakan Samba ditubruk macan, bakal kabadhog. Tujune bisa uwal. Bareng macan dipanah, ilang wujude macan; dadi Dewi Wilutama.
Kinarya piwales anggone wis luwar saka sote/upatane Bathara Guru, Dewi Wilutama genti bakal paring pitulungan marang Samba. Bareng Samba matur yen tresna marang garwane Prabu Sitija, Dewi Wilutama ora sarujuk. Nuli dituturi murih becike. Aja nganti ngrusuhi garwane kadange tuwa. Jagad ora mung sagodhong kelor. Wanita ayu ora mung Agnyanawati. Nanging Samba tetep kenceng kekarepane. Wekasan Dewi Wilutama paring patrem kinarya gawe urung-urung tumuju tamansari Trajutrisna. Mung piwelinge, yen mengko ana pepadhang nyalawadi, ora diparengake noleh buri.
Klakon Samba gawe urung-urung. Nanging durung nganti tekan taman Trajutrisna, Samba noleh buri, amarga kepengin ngerti pepadhang iku asale saka ngendi. Jebul saka sorot badhonge (pawadonane) Dewi Wilutama, njalari kagugah birahine Samba. Dewi Wilutama bakal karodhapeksa. Sang Dewi duka banget, banjur ngesotake Samba: yen Samba bakal mati siya dijejuwing Sitija.
Kapethik Saking
[besut | besut sumber]Mulyantara, 2020, Majalah Jaka Lodhang (cover tokoh wayang), Yogyakarta: Jaka Lodhang Press