Raden Podhang Binorehan
Raden Podhang Binorehan iku putrane ratu Slagaima Sang Prabu Candrawimana. Podhang Binorehan duwe kadang cacahe 29. Kabeh kakung, mung siji kang mijil putri, yaiku sing ragil, sesilihe Dewi Kuntulwilanten.
Tokoh iki arang dikelirake. Metune mung ing lakon-lakon tartamtu.
Ing lakon Dewi Kuntulwilanten, Podhang Binorehan mbiyantu kadange tuwa kang kekasih Raden Bimakurda, ngedegake sayembara perang kanggo mboboti Dewi Kuntulwilanten. Pamrihe supaya garwane Dewi Kuntulwilanten iku ora mung waton lanang. Nanging wong sing temen-temen tresna, bisa ngayomi garwa, darbe kaprawiran linangkung, lan sekti mandraguna.
Wus akeh para raja lan satriya kang ngleboni sayembara perang, bali tanpa antuk gawe. Kadigdayane Bimakurda sakadang ora kena disangga entheng. Nanging wusanane Bimakurda bisa disirnakake dening Raden Wrekudara. Kadang-kadange Bimakurda, klebu Podhang Binorehan, padha manungkul marang Raden Wrekudara. Dewi Kuntulwilanten didhaup karo Raden Janaka, wondene Podhang Binorehan sakadang dadi andhahane Raden Wrekudara.
Ing lakon Drona Gugur, Podhang Binorehan lan prajurit Jodhipati mangsah yuda nandhingi kridhane senapati Kurawa kang aran Raden Widandini lan Raden Jayanurwenda (Naranurwenda). Perange rame banget, padhadene numplak kadibyan lan kadigdayan. Nanging wekasane Podhang Binorehan gugur ing madyaning paprangan, dilimpe, dilepasi panah saka kadohan dening Widandini.
Kapethik Saking
[besut | besut sumber]Mulyantara.2019. Majalah Jaka Lodhang.Yogyakarta: Jaka Lodhang Press.