Raden Gunadewa
Raden Gunadewa iku putra mbarepe Prabu Kresna lan prameswari Dewi Jembawati. Wujude satriya bagus, nanging duwe buntut lan saranduning awak wulune dhiwut - dhiwut, tan prabeda wanara (kethek). Ora mokal yen Gunadewa wujude kaya ngono, awit isih trahing wanara.
Ramane Dewi Jembawati iku asmane Jembawan (Kapi Jembawan). Saiki madeg pandhita ing padhepokan/pertapan Gandamadana, peparab Resi Jembawan. Wujude wanara (kapi, kethek). Duking uni dadi pamomonge Guwarsa (Subali) lan Guwarsi (Sugriwa). Nate labuh labet marang Prabu Rama nalika dumadi perang mungsuh wadyabala Ngalengka. Nyirnakake ambeg angkara budi candhala.
Jembawan nadyan kethek tuwek, awit mantheng panuwune marang dewa, wasana klakon nggarwa Dewi Trijatha, putri ayu putrane Raden Gunawan Wibisana. Banjur kagungan putra Dewi Jembawati. Mula wis trep yen Dewi Jembawati kagungan putra memper kethek. Saka garis keturunan bapa.
Amarga wujude Raden Gunadewa memper kethek, Prabu Sri Bathara Kresna rumaos lingsem (isin) lan ngemohi (ora remen). Mula Raden Gunadewa banjur digawa menyang padhepokan/pertapan Gandamadana dening Dewi Jembawati, dititipake marang rama ibune. Mula wiwit cilik Raden Gunadewa mapan ing pertapan, ndherek eyange.
Bareng Raden Gunadewa wus umur sepuluh taun, Dewi Jembawati nggarbini (ngandhut) maneh. Sawise bayi lair, wujude satriya bagus, nanging saranduning awake kebak wulu, ora beda kaya kethek. Ing mangka Prabu Kresna wus kadhung ngucap yen putrane sing angka loro iki bakal kajumenengake pangeran pati, kang ing tembene wenang nglintir kaprabon Dwarawati.
Wus wola-wali Prabu Kresna ngruwat putrane nganggo Kembang Wijayakusuma, kaya nalika ngruwat Sisupala kang nalika bayi mripate telu, tutuke mujur kaya cangkeme dhemit, tangane telu, lan sikile uga telu, lan bisa dadi bayi lumrah. Nanging bareng ngruwat putrane dhewe, ora bisa. Bola-bali putrane sing angka loro iku dipangku lan diungkuli Kembang Wijayakusuma, tetep ora bisa ruwat.
Katimbang ndedawa wirang, Dewi Jembawati banjur pamitan nggawa putrane sing angka loro menyang pertapan Gandamadana. Prabu Kresna ngidini. Wiwit iku, Dewi Jembawati lan putrane loro mapan ing pertapan Gandamadana.
Sawijining dina, pertapan Gandamadana karawuhan Raden Janaka lan panakawane papat. Raden Janaka nelakake prihatin awit laire ponakane kang ora kaya lumrahe bayi. Sadurunge wis diparingi priksa dening eyange (Begawan Abyasa) yen bayi putrane Dewi Jembawati iku mung Bathara Sambu kang bisa ngruwat. Mula Raden Janaka nyuwun marang Dewi Jembawati, supaya dikeparengake nggawa para putrane Sang Dewi menyang Kahyangan Suwelagringging.
Dewi Jembawati ngidini lan nelakake gedhening panuwun marang Raden Janaka, dene wis kersa tilik lan nedya sabyantu murih ruwate putrane. Nanging Resi Jembawan mung nglilakake putune sing isih bayi. Apa maneh bayi iku ginadhang ing tembe dadi pangeran pati.
Samba Ruwat
[besut | besut sumber]Raden Janaka sigra mondhong bayi putrane Dewi Jembawati, digawa menyang Kahyangan Suwelagringging, sowan Bathara Sambu. Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong ora keri. Tansah tut wuri tindake bendarane.
Raden Janaka nuli matur wigatine sowan Bathara Sambu, nyuwun tulung marang Sang Bathara, supaya kapareng ngruwat bayi putrane Prabu Kresna lan Dewi Jembawati. Bathara Sambu ora kabotan. Kanthi lega lila bayi banjur didusi nganggo banyu Musthika Tirta Kencana. Sanalika wulu kethek ing saranduning awake bayi iku rontog. Dadi bayi lumrah. Glewo-glewo kaya golek kencana. Bayi banjur kadhawuhan nggawa menyang Dwarawati, awit ing kana ana parigawe kang kudu dirampungi dening si bayi.
Raden Janaka ngaturake agunging panuwun, banjur pamitan nedya ngestokake dhawuhe Bathara Sambu. Sadurunge menyang Dwarawati, Raden Janaka luwih dhisik tumuju ing pertapan Gandamadana. Nuduhake bayi kang wus kasil diruwat dening Bathara Sambu.
Kaya ngapa bungahe Dewi Jembawati, bareng priksa wujude putrane kang dadi bagus tanpa cacad. Minangka pangeling-eling lan tandha panuwune marang dewa kang wus kersa ngruwat, bayi iku kaparingan tetenger Raden Samba.
Raden Janaka banjur ngaturake dhawuhe Bathara Sambu; supaya bayi enggal digawa menyang Dwarawati. Mula bayi iku enggal dibopong Dewi Jembawati, digawa menyang Dwarawati. Raden Janaka lan panakawane tut wuri.
Nalika iku, Dwarawati dilurugi ratu Parang Garudha Sang Prabu Kusuma Wiratmaka sabalane, kang nedya mboyong Dewi Jembawati, jumbuh klawan dhawuhing impene. Negarane bakal makmur yen kadunungan Dewi Jembawati. Mula ditekadi kudu entuk gawe. Sulayaning rembug dadi bandayuda. Raden Setyaki kang dadi bebetenge Dwarawati, ora menang mungsuh Prabu Kusuma Wiratmaka. Setyaki mlayu sowan Prabu Kresna.
Tekan ngarsane Prabu Kresna, bareng karo praptane Dewi Jembawati kang mbopong bayi Samba, didherekake Raden Janaka lan panakawane. Dewi Jembawati matur yen bayi putrane wis bisa ruwat, diruwat dening Bathara Sambu. Prabu Kresna semu ora percaya. Piyambake kersa ngaku putra yen bisa mbengkas reretu. Raden Janaka tanggap. Bayi Samba enggal digawa menyang paprangan, diedu mungsuh Prabu Kusuma Wiratmaka.
Bayi Samba dibanting, diidak-idak, ora mati. Malah saya mundhak gedhe. Banjur bisa lumawan. Samba sing wis rumaja iku sigra jingklak-jingklak karo mere-mere. Tandange cukat trengginas. Wasana Prabu Kusuma Wiratmaka sirna margalayu, dicokot gulune nganti pedhot. Sukmane manunggal jiwa ing ragane Raden Samba. Negarane dadi kukubane Samba. Prabu Kresna kersa ngaku putra, banjur paring wuruk; besuk maneh yen perang ora kena nyokot lan mere-mere kaya patrape kethek.
Lakon Samba Sebit
[besut | besut sumber]Ing lakon Samba Sebit, Samba sowan kangmase ing Gandamadana. Nyuwun iguh supaya klakon nggarwa Dewi Agnyanawati. Raden Gunadewa mituturi akeh-akeh kang tumujune marang karahayon. Nanging Samba ora kena diendhakake kekarepane. Wasana, diprayogakake supaya sowan ing Madukara, nyuwun iguh marang Raden Janaka.
Kapethik Saking
[besut | besut sumber]Mulyantara. (2020). Jaka Lodhang (sampul majalah tokoh wayang). Yogyakarta: Jaka Lodhang Press