Puskesmas Mlathi II

Puskesmas Mlathi II (Carakan: ꦥꦸꦱ꧀ꦏꦼꦱ꧀ꦩꦱ꧀ꦩ꧀ꦭꦛꦶ꧇꧒꧇) ya iku situs cagar budaya arupa Puskesmas kang papanné ana ing Padhukuhan Cabakan, Kalurahan Sumberadi, Kapanéwon Mlathi, Kabupatèn Sléman, Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta. Puskesmas iki kacathet minangka fasilitas keséhatan pertama ing Kabupatèn Sléman.[1][2]
Mula bukané, Puskesmas Mlathi II iku griya sakit pambantu duwéné Griya Sakit Petronella (saiki Griya Sakit Bethesda) kang dibangun ing taun 1879[3] lan dibukak taun 1929.[1] Griya sakit pambantu iki tau ditutup ing 1932 lan dibukak maneh ing 1935. Ing taun 1995, griya sakit iki diowah jenengé dadi Puskesmas Mlathi II.[4]
Puskesmas Mlathi II nduwèni ciri arsitèktur Indis[5] (campuran budaya Éropa kususé Walanda lan budaya Indhonésia kususé Jawa) awujud langit-langit lan jendhéla kang dhuwur, nduwèni berandha ngarep lan mburi, dénah simetris, uga bangunan tambahan ana sisih kiwa lan tengen bangunan utama.
Rujukan
[besut | besut sumber]- 1 2 Media Center Sleman (2019-04-02). "Puskesmas Mlati II, Cagar Budaya Fasilitas Kesehatan Pertama di Sleman". Media Center Sembada. Dibukak ing 2025-05-17.[pranala mati permanèn]
- ↑ "Pusksemas Mlati II Sleman, Saksi Bisu Tempat Layanan Kesehatan Pertama di Masa Penjajahan Belanda". SINDOnews Daerah (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-05-17.
- ↑ "Puskesmas Mlati II Sleman, Cikal Bakal RS Bethesda Tinggalan Belanda". SINDOnews Daerah (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-05-17.
- ↑ "Berdiri Sebelum Kemerdekaan, Begini Kiprah Puskemas Mlati II di Sleman". suara.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-05-17.
- ↑ "Puskesmas Mlati II". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-05-17.