Pulo Gag
| Géografi | |
|---|---|
| Koordhinat | 0°27′6.51″S 129°52′34.50″E / 0.4518083°S 129.8762500°EKoordhinat: 0°27′6.51″S 129°52′34.50″E / 0.4518083°S 129.8762500°E |
| Jembar | 77,27 km2 (29,834 sq mi) |
| Administrasi | |
Indonesia | |
| Dhémografi | |
| Cacah jiwa | 633 |
Pulo Gag iku sawijining pulo kang kapernah ing Kabupatèn Raja Ampat, Provinsi Papua Kulon Kidul. Pulo iki wewatesan karo Pulo Gebe, Maluku Lor ing sisih lor-kulon.
Uripé Wong Gebe ing Pulo Gag
[besut | besut sumber]Atusan taun kepungkur Pulo Gag didhuwéni déning Wong Gebe, Desa Umera, amarga wektu iku Wong Gebe wis manggoni Pulo Gag nanging isih pindhah-pindhah. Wong Gebe urip ing Pulo Gag kang tujuané kanggo tetanèn lan menawa wis panèn banjur bali manèh menyang Gebe. Wong Gebe bali menyang Gabe amarga kahanan kang répot amarga akèh urusan marang Kasultanan Tidore. [1]
Lelampahan urip Wong Gebe kaya ngene iki wis suwé lan pungkasané sawisé Kamardikan Indonésia, Wong Gebe bali menyang Pulo Gag lan kepengin manggon terus, mula udakara ing taun 1956, wong-wong iki ngyasa desa sing kapernah ing Musawalo sing saiki diarani Kampung Tua. Nanging, sawetara taun, Wong Gebe diganggu déning prastawa rebutané Irian Kulon ing taun 1960, lan pungkasane bali menyang Gebe amarga Pulo Gag dianggep ora aman. Nganti ing taun 1962 sawise Operasi Trikora rampung lan kahanan katon aman, wong-wong iki bali menyang Pulo Gag lan nata urip manèh lan ngyasa desa sing jenengé Fanipnu lan diresmikaké ing taun 1966 kanthi jeneng Kampung Gambir nganti saiki.
Irian Kulon nalika diamanké déning PBB ing taun 1969 nalika PEPERA, Wong Gebe sing manggon ing Pulo Gag uga mèlu kagiyatan PEPERA. Sawisé PEPERA rampung ditindhakaké lan kahanan dadi aman, Wong Gebe sing manggon ing Pulo Gag resmi dadi warga Provinsi Irian Kulon.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Moifilit, Mesak (10 Desember 2007). "Dukungan Hak Ulayat Warga Suku Gebe". Warga Masyarakat Suku Maya Klanafat Raja Ampat Salawati Selatan Distrik Salawati Selatan dan Distrik Seget Kabupaten Sorong.
{{cite journal}}: Check date values in:|date=(pitulung)