Project Hail Mary (filem)
| Project Hail Mary (filem) | |
|---|---|
| Barkas:Project Hail Mary poster.jpg Poster babaran biyoskup | |
| Disutradarani | Phil Lord Christopher Miller |
| Diprodhuseri |
|
| Diskénariyoni | Drew Goddard |
| Adhedhasar | Project Hail Mary déning Andy Weir |
| Dibintangi |
|
| Dimusiki | Daniel Pemberton |
| Sinématografi | Greig Fraser |
| Dibesut déning | Joel Negron[1] |
Perusahaan prodhuksi | |
| Dibabar déning |
|
Tanggal metu |
|
Suwéné | 156 minutes[2] |
| Nagara |
|
| Basa | Inggris |
| Rantaman | |
| Kalarisan | $684 million[4][5] |
Project Hail Mary yaiku filem rekan èlmiyah (fiksi ilmiah) dikirta (diproduksi) lan disutradharani dening Phil Lord saha Christopher Miller. Naskahé ditulis dening Drew Goddard, miturut novèl Project Hail Mary anggitan Andy Weir ing 2021. Filem iki dijuruparagani Ryan Gosling sing uga ngirta filem iki, lan juru paraga pandukung Sandra Hüller, James Ortiz, and Lionel Boyce. Lakon filem iki nyritakaké Ryland Grace, sawijiné guru pawiyatan madya sing weruh-weruh tangi jroning wahana antariksa tanpa kelingan kepriyé dhèwèké bisa ana ing kana.
Purwakirta tumandang ing 2020, sadurungé novèlé dibabar. Sutingé mapan ing Inggris ing 2024, ing papan nyata uga ing set. Kabèh adegan wahana antariksa Hail Mary digarap ing set sing diyasa mligi kanggo filem.
Prawedharé Project Hail Mary ana ing London ing 9 Maret 2026, banjur dibabar ing Amérika Sarékat dening Amazon MGM Studios ing 20 Maret 2026. Babaran nagarantara dikemunah dening Sony Picture Releasing International. Filem iki nampa biji apik. Akèh sing ngelem cara nyutradharaniné Lord lan Miller, akting Gosling lan paraga Rocky. Samana uga banyolan, underan (tema), lan visualé. Filem iki kasil ing babagan banijakarma (komersial), nampa pikantuk kasar $684 yuta sadonya, lan minangka filem kapitu kanthi pikantuk kasar paling dhuwur ing 2026.
- 1 2 Rooney, David (March 10, 2026). "Project Hail Mary Review: Ryan Gosling Proves He Can Have Chemistry with a Rock in Thrilling Space Odyssey Warmed by Humanity and Hope". The Hollywood Reporter. Dibukak ing March 12, 2026.
- ↑ "Project Hail Mary (2026)". Irish Film Classification Office. February 10, 2026. Dibukak ing February 10, 2026.
- 1 2 Mendelson, Scott (March 3, 2026). "Amazon's $200 Million Hail Mary". Puck (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing March 3, 2026.
- ↑ "Project Hail Mary". Box Office Mojo. IMDb. Dibukak ing July 22, 2026.
- ↑ "Project Hail Mary". The Numbers. Nash Information Services, LLC. Dibukak ing July 22, 2026.