Menyang kontèn

Prau panumpes Jepang Naganami

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Prau panumpes Jepang Naganami, taun 1942.

Prau Naganami (長波? Ombak dowo) iku prau panumpes klas Yūgumo kang kaanggo nalika Perang Donya II darbéné Wadya Sagara Kamaharajan Jepang. Prauné minangka prau angka papat ing klas Yūgumo.

Naganami kapernahaké rikala 5 April 1941 déning Fujinagata Shipyards; banjur kababar rikala 5 Maret 1942. Prau iki kinepyakaké rikala 30 Juni 1942 ing pamangkuné Lètnan Kolonèl Tsutau Kumabe[1]. Prau iki kèrem rikala 11 Novèmber 1944 cedhak Ormoc (10°50′N 124°35′E / 10.833°N 124.583°E / 10.833; 124.583).[2]

Réferensi

[besut | besut sumber]
  1. ↑ "7月(1)". www.jacar.archives.go.jp. Diarsip saka sing asli ing 2020-06-08. Dibukak ing 2019-05-24.
  2. ↑ Nevitt, Allyn D. (1998). "Prau panumpes Jepang Naganami ing Combinedfleet.com". Kuchikukan!. www.combinedfleet.com. Dibukak ing July 5, 2010.

Wacan liyané

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]