Menyang kontèn

Pratélan panampa Nobel Fisiologi utawa Kadhokteran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pratélan panampi Nobel Fisiologi utawi Kadhokteran

Dianugerahaké tumrap Kontribusi misuwur salebetipun fisiologi utawi kadhokteran
Dianugerahaké déning Akademi Èlmu Pengetahuan Krajan Swèdhen
Negara  Swèdhen
Pisanan dianugerahaké 1901
Situs resmi

Pangaji-aji Nobel Fisiologi utawi Kadhokteran (Inggris: Nobel Prize in Physiology or Medicine; Swèdhen lan Nurwègen: Nobelpriset i fysiologi eller medicin) punika satunggal saking gangsal Pangaji-aji Nobel ingkang dipunwontenaken saking panyuwunan déning pamanggih lan indhustrialis Swèdhen Alfred Nobel. Bebungah Nobel punika dipunparingaken dhumateng tiyang ingkang paling sregep ngleksanakaken gayutan ingkang asifat internasional, pamadeg owahan perdamaian utawi ngéupados ngurangi utawi ngicalaken paperangan. Pangaji-aji Nobel ing Fisiologi utawi Kadhokteran dipunparingaken kanggé panemu wigatos salebeting babagan kadhokteran lan fisiologi.

Pariwara[besut | besut sumber]

Pariwaranipun boten dipunlampahaken ing tanggal tinentu, nanging limrahipun dipunleksanakaken nalika dinten Senin pertengahan Oktober. Pariwaranipun dipunlangsungaken ing gedhong Institut Nobel lan sampun dados prastawa ageng. Bebungahipun piyambak dipunparingaken saben taunipun saben tanggal 10 Dhésèmber, tanggal ing pundi Alfred Nobel tilar donya nalika taun 1896. Saking taun 1905 dumugi taun 1946, upacara panganugerahanipun dipunwontenaken ing Institut Nobel, salajengipun wiwit taun 1947 dipunselenggarakaken ing aula Univèrsitas Oslo, lajeng nalika taun 1990 dipunpindahaken dhumateng balai kutha Oslo.

Ing ngandhap punika pratélan para panampi Bebungah Nobel Fisiologi utawi Kadhokteran wiwit taun 1901:

Taun Asma Karya ingkang Dipunparingi Pangaji-aji
1901 Emil Adolf von Behring panemon terapi serum kanggé perawatan difteri
1902 Ronald Ross panlitèn ngenani malaria
1903 Niels Ryberg Finsen panemon parawatan lupus vulgaris
1904 Ivan Petrovich Pavlov karya ngenani fisiologi sistem pancernan
1905 Robert Koch panemon jalaran tuberkulosis
1906 Camillo Golgi, Santiago Ramón y Cajal panlitèn ngenani sistem saraf
1907 Charles Louis Alphonse Laveran panemon ngenani protozoa ingkang njalari lelara
1908 Ilya Ilyich Mechnikov, Paul Ehrlich karya ngenani sistem kakebalan
1909 Emil Theodor Kocher karya ngenani klanjer tiroid
1910 Albrecht Kossel panlitèn ngenani biologi sèl mliginipun protéin lan asam nukleat
1911 Allvar Gullstrand panlitèn ngenani pambentukan citra ing lensa mata
1912 Alexis Carrel karya ing sutura pambuluh getih lan transplantasi
1913 Charles Robert Richet panemon anafilaksis
1914 Robert Bárány panlitèn apparatus vestibularis ing kuping njero
1919 Jules Bordet panemon sistem komplemen ing sistem kakebalan
1920 Schack August Steenberg Krogh nedahaken bilih ijolaning udara ing paru-paru punika satunggiling difusi biyasa
1922 Archibald Vivian Hill, Otto Fritz Meyerhof panlitèn dhateng otot, mliginipun ngenani prodhuksi panas lan gandhènganipun kaliyan metabolisme asam laktat lan panggunaan oksigèn
1923 Frederick Grant Banting, John James Richard Macleod panemon insulin
1924 Willem Einthoven panemon mekanisme elektrokardiogram (EKG)
1926 Johannes Andreas Grib Fibiger panerangan Spiroptera carcinoma lan kanker ingkang dipunprabawai kanthi gawéan ing kéwan
1927 Julius Wagner-Jauregg panyarasan kalumpuhan umum kanthi infeksi déning malaria
1928 Charles Jules Henri Nicolle karya ing tifus
1929 Christiaan Eijkman, Sir Frederick Gowland Hopkins panemon manéka vitamin
1930 Karl Landsteiner nemokaken golongan getih manungsa
1931 Otto Heinrich Warburg panlitèn ngenani sitokrom ing ambegan selulèr
1932 Sir Charles Scott Sherrington, Edgar Douglas Adrian karya ngenani fungsi neuron kalebet kasunyatan bilih rangsangan ingkang langkung kiyat njalari frekuensi ingkang langkung inggil dhateng impuls saraf
1933 Thomas Hunt Morgan panemon peran kromosom kanthi genetis
1934 George Hoyt Whipple, George Richards Minot, William Parry Murphy panemon terapi ati kanggé anemia
1935 Hans Spemann penemon punjer pangaturan ing pangembangan awal makluk gesang
1936 Sir Henry Hallett Dale, Otto Loewi karya ngenani transmisi impuls saraf liwat neurotransmitter
1937 Albert Szent-Györgyi von Nagyrapolt panggambaran vitamin C lan panemon bilih oksigèn nggabung kaliyan hidrogen ing ambegan selulèr"
1938 Corneille Jean François Heymans panedahan bilih tekanan getih lan kandhutan oksigèn ing getih dipunukur déning awak lan dipunilèkaken dhateng utek
1939 Gerhard Domagk panemon protonsil sulfonamida, obat ingkang sepisanan èfèktif nglawan infèksi baktèri
1943 Carl Peter Henrik Dam, Edward Adelbert Doisy panemon vitamin K lan struktur kimiawinipun
1944 Joseph Erlanger, Herbert Spencer Gasser panemon manéka serat saraf
1945 Sir Alexander Fleming, Ernst Boris Chain, Sir Howard Walter Florey panemon penisilin lan fungsinipun dhateng panyarasan lelara infèksi
1946 Hermann Joseph Muller panemon bilih mutasi saged dipunprabawai déning sinar x
1947 Carl Ferdinand Cori, Gerty Theresa Cori panemon pripun glikogen dipunéwahi dados glukosa ing badan lan ngenani èfèk hormon hipofisis ing metabolisme karbohidrat
Bernardo Alberto Houssay panemon peran hormon saking lobus anterior klanjer pituitaria gadhah prabawa dhumateng metabolisme karbohidrat
1948 Paul Hermann Müller panemon insektisida DDT
1949 Walter Rudolf Hess pametaan fungsi utek tengah
Antonio Caetano De Abreu Freire Egas Moniz panemon èfèk panyarasan ing lobotomi
1950 Edward Calvin Kendall, Tadeus Reichstein, Philip Showalter Hench panemon hormon salebeting korteks adrenal, struktur lan fungsinipun
1951 Max Theiler pangembangan vaksin dhumateng mriyang kuning
1952 Selman Abraham Waksman panemon streptomisin, antibiotik pisanan ingkang èfèktif nglawan tuberkulosis"
1953 Hans Adolf Krebs panemon siklus asam sitrat ing ambegan sélulèr
Fritz Albert Lipmann panemon lan panlitèn ngenani koenzim A
1954 John Franklin Enders, Thomas Huckle Weller, Frederick Chapman Robbins panjlasan pripun ngultur virus poliomielitis ing tabung pacobèn"
1955 Axel Hugo Theodor Theorell panlitèn ngenani enzim lan peranipun, mliginipun enzim oksidase
1956 André Frédéric Cournand, Werner Forssmann, Dickinson W. Richards panerangan ngenani nglebetaken kateter dhateng jantung lan panlitèn dhateng manéka lelara jantung
1957 Daniel Bovet panemon obat sintetik kados ta antihistamin ingkang saged nyandhet aksi amina biologis
1958 George Wells Beadle, Edward Lawrie Tatum, Joshua Lederberg panerangan ngenani langkah-langkah pangontrolan gen individu ing metabolisme
1959 Severo Ochoa, Arthur Kornberg pendamelan asam nukleat RNA lan DNA
1960 Sir Frank Macfarlane Burnet, Peter Brian Medawar panemon bilih sistem kakebalan janin saged mbèntenaken kakebalan saking piyambakipun lan sasanèsipun saking piyambakipun
1961 Georg von Békésy panerangan ngenani koklea kuping
1962 Francis Harry Compton Crick, James Dewey Watson, Maurice Hugh Frederick Wilkins panemon ing struktur molekuler asam nukleat lan tegsipun kanggé pamindhahan informasi[1]
1963 Sir John Carew Eccles, Alan Lloyd Hodgkin, Andrew Fielding Huxley panggambaran transmisi èlèktrik saking impuls sadawanipun saraf-saraf
1964 Konrad Bloch, Feodor Lynen panlitèn ngenani metabolisme asam lemak lan kolesterol
1965 François Jacob, André Lwoff, Jacques Lucien Monod panemon RNA duta, ribosom, lan gen ingkang ngatur èksprèsi gen sanèsipun
1966 Peyton Rous panemon bilih virus saged mangaruhi tumor
Charles B. Huggins panemon parawatan kanker prostat kanthi hormon
1967 Finlan Swèdhen Ragnar Granit, Haldan Keffer Hartline, George Wald panjlasan ngenani manéka sèl peka-cahya ing mata lan pripun interaksi sèl kasebat kaliyan cahya
1968 Robert W. Holley, Har Gobind Khorana, Marshall W. Nirenberg panjlasan kodhe genetik lan pripun kodhe mau gadhah peran ing sintesis protéin
1969 Max Ludwig Henning Delbrück, Alfred Hershey, Salvador E. Luria karya ngenani mekanisme réplikasi lan genetika saking virus
1970 Sir Bernard Katz, Ulf von Euler, Julius Axelrod karya ngenani neurotransmitter
1971 Earl W. Sutherland, Jr. panemon peran hormon, mliginipun epinefrin liwat caraka kaping kalih
1972 Gerald M. Edelman, Rodney R. Porter panemon struktur kimiawi saking antibodi
1973 Karl von Frisch, Konrad Lorenz, Nikolaas Tinbergen panlitèn dhateng tingkah laku kéwan sosial, mliginipun panjlasan "basa jogetan" tawon lan pripun peksi anem dados gumantung dhateng indhukipun
1974 Albert Claude, Christian de Duve, George E. Palade panjlasan struktur lan fungsi organel ing sèl
1975 David Baltimore, Renato Dulbecco, Howard Martin Temin panjlasan pripun virus tumor gadhah peran dhateng matèri genetik ing sèl
1976 Baruch S. Blumberg panemon virus hepatitis B
D. Carleton Gajdusek panjlasan lelara kuru ingkang dipunjalari kanibalisme
1977 Roger Guillemin, Andrew Wiktor Schally karya ngenani hormon peptida ingkang dipundamel ing utek"
Rosalyn Yalow pendamelan métodhe Yalow-Berson kanggé ngukur gunggung hormon peptida migunakaken antibodi
1978 Werner Arber, Daniel Nathans, Hamilton O. Smith panemon enzim restriksi ingkang wujud instrumen ing biologi molekuler
1979 Allan M. Cormack, Sir Godfrey N. Hounsfield pangembangan CT-scan
1980 Baruj Benacerraf, Jean Dausset, George D. Snell panemon gen komplèks histokompatibilitas mayor ingkang ngodhe kapentingan molekul lumah sèl kanggé mbèntenaken sistem kakebalan antawisipun saking piyambaksipun lan sanès saking piyambakipun.
1981 Amérika Sarékat Roger W. Sperry panlitèn ngenani hemisfer utek
Kanadha Amérika Sarékat David H. Hubel, Swèdhen Torsten N. Wiesel karya ngenani prosès informasi visual ing utek
1982 Sune Bergström, Bengt I. Samuelsson, John R. Vane panemon prostaglandin
1983 Barbara McClintock panemon unsur genetik obah utawi transposon ing jagung
1984 Niels K. Jerne, Georges J.F. Köhler, César Milstein karya ngenani sistem kakebalan lan prodhuksi antibodi monoklonal
1985 Michael S. Brown, Joseph L. Goldstein panjlasan pangaturan metabolisme kolesterol
1986 Stanley Cohen, Rita Levi-Montalcini panemon faktor pertumbuhan
1987 Susumu Tonegawa panemon pripun karagaman ageng ing antibodi dipunwedalaken kanthi genetis
1988 Sir James W. Black, Gertrude B. Elion, George H. Hitchings panemon prinsip wigatos salebeting farmakologi
1989 J. Michael Bishop, Harold E. Varmus panemon asal-usul sélulèr saking gen kanker retrovirus
1990 Joseph E. Murray, E. Donnall Thomas karya ngenani transplantasi organ lan sèl
1991 Erwin Neher, Bert Sakmann pangembangan tèhnik ingkang nedahaken bilih kanal ion wonten ing membran sèl lan katerangan kakait
1992 Edmond H. Fischer, Edwin G. Krebs panemon pripun fosforilasi protéin dipun-ginakaken kanggé ngatur prosès biologis
1993 Richard J. Roberts, Phillip A. Sharp panemon bilih gen ing eukariota sanès wujud benang berlanjut nanging ngandhut intron, lan bilih pamotongan RNA duta kanggé mbisak intron-intron mau saged dipunlampahi kanthi manéka cara, ngasilaken manéka protéin saking sekuens DNA ingkang sami.
1994 Alfred G. Gilman, Martin Rodbell panemon protéin G lan peranipun dhateng transduksi sinyal sèl
1995 Edward B. Lewis, Christiane Nüsslein-Volhard, Eric F. Wieschaus panemon bilih gen kalibat ing program pangembangan ing laler woh utawaDrosophila melanogaster
1996 Peter C. Doherty, Rolf M. Zinkernagel panjlasan pripun molekul kompleks histokompatibilitas mayor dipun-ginakaken déning sèl getih putih kanggé ndhetèksi lan mejahi sèl ingkang kainfèksi virus
1997 Stanley B. Prusiner panemon prion, partikel protéin ingkang kainfèksi
1998 Robert F. Furchgott, Louis J. Ignarro, Ferid Murad panemon panengeran dhateng oksida nitrat
1999 Günter Blobel panemon bilih protéin ingkang nembé dipundamel ngandhut "tag alamat" ingkang ngarahaken protéin mau dhateng papan ingkang pas ing sèl
2000 Arvid Carlsson pambuktèn bilih dopamin wujud neurotransmitter ingkang saya kirang ing lelara Parkinson
Paul Greengard panedahan bilih neurotransmitter gadhah peran ing sèl lan saged ngaktifaken molekul punjer ingkang dipuntepangi minangka DARPP-32
Eric R. Kandel panjlasan pripun pangèlingan jangka cendhak lan jangka panjang dipunbentuk ing tingkat molekuler
2001 Leland H. Hartwell, R. Timothy Hunt, Sir Paul M. Nurse panemon siklin lan kinase gumantung siklin, molekul-molekul punjer ing pangaturan siklus sèl
2002 Sydney Brenner, H. Robert Horvitz, John E. Sulston karya ing urutan ingkang pas ing pambelahan lan patinipun sèl-sèl cacing Caenorhabditis elegans, lan panerangan prosès patinipun sèl kaprogram, apoptosis
2003 Paul Lauterbur lan Sir Peter Mansfield panemon pancitran résonansi magnetik
2004 Linda B. Buck lan Richard Axel panemon réseptor odoran lan organisasi saking sistem penghidu
2005 Barry J. Marshall lan Robin Warren panemon baktèri Helicobacter pylori lan perané ing gastritis lan lelara ulkus peptik
2006 Andrew Fire lan Craig C. Mello panemon interferensi DNA, pambungkeman gen mawi RNA roncèn dhobel
2007 Mario Capecchi, Martin Evans, lan Oliver Smithies kanggé panemonipun salebeting panepangan modhifikasi gen spesifik ing tikus kanthi migunakaken sèl punca
2008 Jerman Harald zur Hausen kanggé panemon virus HPV ingkang njalari kanker serviks
Prancis Françoise Barré-Sinoussi, Prancis Luc Montagnier panemon ingkang wonten kaitanipun kaliyan virus HIV

Réferènsi[besut | besut sumber]

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Cithakan:Pangaji-aji Nobel ing Fisiologi utawi Kadhokteran