Prasasti Sukawana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Prasasti sukawana)

Prasasti Sukawana kaperang dadi lima kumpulan, Prasasti Sukawana AI lan AII kalebu ing panunggalan prasasti sing cacahe ana lima lembar. Kabeh prasasti kagawe saka tembaga sing ukuran dawa, amba, lan kandhele meh pada. Ana telu jinise prasasti kaperang saka medhia pangukire, yaiku upala (watu), tamra (tembaga, lsp), lan ripta (lontar)[1]. Amarga iku Prasasti Sukawana kagolong prasasti tamra.

Saka perangan-perangan kuwi, Prasasti Sukawana B dibabarake taun 1103 Saka utawa 1181 Masehi. Diukir kanthi aksara lan basa Jawa Kuna. Prasasti dibabarake awit saka anane bengkerengan ing antarane warga Dhusun Cintamani lan jawatan pangumpul pajek (sang admak akmitan apigajih). Bengkerengan kedaden ing dina katelu wulan Cetra utawa sasih kesanga. Raja minangka pangayom warga mbabarake prasasti supaya mujudake tatanan warga sing ayem lang ayom, mligine ditujukake marang Dhusun Cintamani[2].

Alihaksara lan Alihbasa[3][besut | besut sumber]

Prasasti Sukawana B
Alihaksara Bait Alihbasa
Lembar I B
ing ҫaka 1103 ҫrawanamàsa, tithì nawamì çuklapaksa, ma, pà, bu, wàra wayang, irikà diwaca, ajñà pàdu 1 Ing taun 1103 Saka Wulan Srawana dina kasanga suklapaksa, Maulu, Paing, Buda (Rebo), Wuku Wayang, dina iku dina sing becik saka parentah Paduka
ka  çrì mahàràja  haji  jayapangus arkaja  cihnà  saha ràjapatnì  dwaya,  pàduka çri parameçwarì indujalañcana, pàduka çri 2 Sri Maharaja Jayapangun Arkajacihna lan prameswari sakeloron Paduka Bathari Sri Prameswari Indujalancana lan Paduka Sri
mahàdewì  çaçangkajaketana,  umajar iparasenàpati,  umingsori tanda  rakryan ri pakirakiràn i jro makabaihanka 3 Mahadewi Sasangkajaketana paring dhawuh marang para senapati mangisor marang para punggawa inggil saka sarasehan agung negari
ruhun mpungku çaiwa sogata åsi mahàbrahmàna, i pingsornyàjñà pàduka çri màharàja, ajarên sira kabaih sambanda 4 mligi Pandhita Siwa lan Budha, Resi, Brahmana Agung. Mudhun dhawuh Paduka Sri Maharaja ngandharake marang paduka sedaya amarga
mangrênggö pàduka  çri  mahàràja, ri  katidopàya  nikang karàman,  epukapgan  tan wringdaya  alaholahalêh mawi 5 Paduka Sri Maharaja mireng susasahing warga sing ora nduwe daya mesthi asor ing parembugan
càra, pinurihpurihan  denira  sang admak  akmitan  apigajih, angkên  cetramasa,  ikà tàngde, trasanta sah ni manah nikang kara 6 babagan pinurih purihan (pajek/kewajiban) lan sang admakakmitan apigajih dalem ing saben Wulan Cetra. Punika sabab susasahing manah warga
Lembar VIII A
tlas sinaksyakên  i  sanmukha tanda  rakryàn  ri pakirakiràn  i  jro makabaihan  makàdi parasenàpati, karyhun mpungku çewa soga 1 wis kapiyarsakake ing ngarepe para punggawa inggil negara diwan sarasehan paripurna negara ing awatawisipun para senapati, mligi Pandhita Siwa lan Budha
ta,  sira  hana kàla  samangkana  sang senàpati  balêm  bunut pu  anakàs,  sang senàpati dinganga pu udasina sang senàpati dênda hitawasa 2 ingkang kepareng rawuh nalika kuwi Sang Senapati Balem Bunut asmanipun Pu Anakas, Sang Senapati Denda asmanipun Pu Itawasana
na,  sang  senàpati maniringin  pu  amurulung sang  senàpati  kuturun pu  nirjanma  samgat mañuratàng àjñà i hulu madatan wring reh, samgat ma 3 Sang Senapati Manyiringin asmanipun Pu Amulurung, Sang Senapati Kuturan asmanipun Pu Nirjanma, Samgat Manuratang ajna i Hulu asmanipun Mada Tan Wring Reh
nùratàng ajña  i  tngah mittadara  samgat  mañumbul dhiràja,  samgat  caksu karanapura walaharsa, samgat mañuratàng ajña i wuntat margga sa 4 Samgat  manuratang  ajna I  Tengah  asmanipun mittadara,  samgat  manyumbul asmanipun dhiraja,  samgat  caksu karanapura  asamanipun  Walaharsa, samgat  manuratang  ajna  I Wuntat asmanipun Masrgga, samgat
mgat  caksu  karana kranta  antabhaya  samgat pituha  ju(gu)l  punggung sireng  kaçewan mpungkwing hyang padang dang àcàryya agreçwara, mpungkwing banu ga 5 Caksu  karanakranta  asmanipun Antabhaya,  samgat  pituha asmanipun  Jugul  punggung. Pandhita Siwa awatawisipun Mpungku  di  Hyang Padang  bernama  Dang  Acaryya Agreswara, Mpungku di Banyu Garuda
ruda   dang   àcàryya   wwitningjaya,   mpungkwing   binor   dang   àcàryya rsi   taruna, mpungkwing makaran dang àcàrrya indrangça, samgat juru wadwa dang àcàryya 6 asmanipun Dang Acaryya Wwitningjaya, Mpungku di Binor asmanipun Dang Acaryya Rsi Taruna,  Mpungku  di Makarun  asmanipun  Dang  Acaryya Idrangsa,  samgat  juru  wadwa asmanipun Dang Acaryya
Lembar VIII B
brahmendrasireng kasogatan  pungkwing kàdhikaran  dang  upadhyaya  sarwwa  tharja, mpungkwing kuti hanar dang upadhyaya antaràga, mpungkwing bajra 1 Brahmendra, paduka Pandhita Buddha Mpungku di Kadikaran Dang Upadhyaya Sarwwa Tharja, Mpungku di Kutihanyar Dang Upadhyaya Antaraga, Mpungku di Bajasikara
sikara dang upadhya(ya) rarai jawa, samgat mangirengiren wandami mangçpriya 2 Dang Upadhyaya Rarai Jawa, samgat di magirenngiren wandami asmanipun Mangçpriya   

Pituduh Toleransi saka Prasasti[besut | besut sumber]

Piwulang toleransi sing ana sajroning Prasasti Sukawana, mligi sing diandharake ing Prasasti Sukawana B, nuduhake anane toleransi agama sajroning pranata negara. Nalika Sang Raja kepareng paring dhawuh para panggedhe saka agama Siwa (Hindu) lan Budha nduweni bobot sing imbang, ora abot sisih, drajat lan pangkate ora dibedakake, kabèh ujare Pandhita Siwa lan Budha sami dimirengake dening Sang Raja tanpa mbedakake. Anane panggedhe saka agama sakelorone bakal mujudake dhawuh dalem sing ora mban cindhe mban siladan, para warga Hindhu lan Budha bakal antuk pangayomane Raja lan Negara kanthi bobot imbang, saengga tatanan urip ing padhusunan tumekan ing kutaraja negara bakal ayem lan tentrem.

Referensi[besut | besut sumber]

  1. Boechari (2013). Melacak Sejarah Kuno Indonesia Lewat Prasasti. Jakarta: Kepustakaan Populer Gramedia.
  2. Suarbhawa, I; Sunarya, I; Utami, I (2013). Berita Penelitian Arkeologi: Prasasti Sukawana, Desa Sukawana, Kecamatan Kintamani, Kabupaten Bangli. Denpasar: Balai Arkeologi Denpasar.
  3. Boechari (2013). Melacak Sejarah Kuno Indonesia Lewat Prasasti. Jakarta: Kepustakaan Populer Gramedia.