Prasasti Talang Tuwo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Prasasti Talang Tuwo

Prasasti Talang Tuwo tinemu déning Louis Constant Westenenk (residen Palembang kontemporèr) tanggal 17 Novèmber 1920 ing Désa Gandus sing dumunung kira-kira 6 km saka Kedukan Bukit, Sumatra Kidul lan kawentar minangka tinggalané Karajan Sriwijaya.[1]. Kaanan fisik saka prasasti iki isih apik ing babagan dhatar sing ukurané 50 x 80 cm. Prasasti iki angkané 600 Saka (23 Maret 684 Masèhi), ditulis nganggo aksara Pallava, basané Malayu Kuno lan ana 14 baris.[2] Isi Prasasti Talang Tuwo ya iku ngenani nggawé sawijining taman kang diarani Taman Sriksetra. Taman iku digawé kanthi ancas kanggo kamakmuran kabèh makluk. Kejaba iku, uga ana donga-donga kang ndarbèni unsur agama Buda Mahayana.[2] Lemah kang kanggo nggawé taman iki dhapuré bukit lan lembah. Ing dhasar lembah mili sawijining kali kang mara menyang Kali Musi.[3]

Prasasti iki ngenani pamaréntahan Sriwijaya, mratelakaké ing taun 684 M Karajan Sriwijaya wis ngambakaké tlatah kuasané nganti tenggara.[4] Sawisé iku, Raja Sriwijaya wis ora perang manèh, nanging wigati marang kamakmuran rakyaté.[4] Tuladhané ya iku yasa taman lan wiyara.[4] Sarjana sepisanan sing kasil maca lan nranskripsiké prasasti Talang Tuwo ya iku Van Ronkel dan Bosch. Saka taun 1920, prasasti iki disimpen ing Museum Nasional Indonésia, Jakarta kanthi nomer D.145.[1]

Isi[besut | besut sumber]

Isi prasasti Talang Tuwo:

1. svasti çrï çakavarsâtïta 606 dim dvitïya çuklapaksa vulan caitra sana tatkâlânya parlak çrïksetra ini niparvuat [5]

(Svasti! Ing taun Saka 606, ing dina kapindho ing wulan purnama caitra, iki wayah Taman Sriksetra digawé)

2. parvâ n dapunta hiyang çrï jayanâça mi pranidhânâm dapunta hiyang savaňyakňya yang ditánam di sini ňyiyur pinang hanâu o ru [5]

(Sing diwènèhaké déning Dapunta Hyang Sri Jayanasa minangka pawèwèh pesen kanggo nandur saakèh-akèhé wit klapa, pinang, arèn,)

3. mviya dngan samiçrânya yang kâyu nimâkan vuahňya tathâpi haur vuluh pattung ityevamadi punarapi yang parlak vukan [5]

(sagu, lan sapituruté ing endi wohé bisa dipangan, kalebu aur, buluh, betung, lan tuwuhan sajenisé.)

4. dngan tavad talâga savaňyakňya yam vuatku sucarita parâvis prayojanâkan punyânya sarvvasatva sacarâcara varo páyáňya tmu [5]

(Bareng kebon-kebon, tlaga-tlaga, lan tlaga-tlaga liyané. Kabèh ini kanggo raharjané kabèh makluk, kanggo kasejahterané kabèh makluk lan kanggo kabecikané lingkungan.)

5. sukha di âsannakâla di antara mârgga lai tmu muah ya áhára dngan áir niminumňya savaňakňya vuatňa huma parlak maňcak mu- [5]

(Supaya kabèh usaha luhur iki nggawa kabegjan ing akèh cara. Muga panjenengané ora tau kurang panganan lan banyu kanggo ngombé. Supaya kabèh sing wis dhèwèké gawé kaya tegalan lan kebon)

6. ah ya manghidupi pacu prakára marhulun tuvi vrddhi muahya jáňgan ya niknái savaňyakňya yang upasargga piddana svapnavíghna varang vua- [5]

(Nguripi panguripané wong akèh. Supaya kabèh rakyaté urip sejahtera. Supaya panjenengané mesthi bébas saka sambekala, piala, lelara, lan angèl turu.)

7. tňya kathamapi anukula yam graha naksatra parávis diya nirvyádhi ajara kavuatanáňya tathápi savaňakňa yam bhrtyáňya [5]

(Supaya panjenengané suksès terus, lintangé sumunar padhang, bébas saka lelara lan awèt enomè)

8. satyârjjava drdhabhakti muah ya dya yang mitráňya tuvi jáňgan ya kapata yang viniňya muláng anukula bhâryyâ muah ya varang sthá [5]

(Supaya kabèh rakyaté setya lan ngabdi marang panjenengané. Supaya ora ana kanca sing tau khianat lan para bojoné setya terus. Ing endi waé panjenengané mapan, supaya ora ana kecolongan, kapusan, rajapati, lan pelecehan sèksual.)

9. naňya lági curi ucca vadhaňya paradára di sána punarapi tmu ya kalyánamitra marvvaňgun vodhicitta dňgan maitri-[5]

(Supaya panjenengané ketemu kanca raket spiritual (kalyanamitra), ngembangaké bodhicitta kanthi tresna asih)

10. -dhari di dang hyang ratnatraya jaňgan marsárak dňgan dam hyang ratnatraya tathâpi nityakala tyaga marçila ksânti marvvaňgun viryya rájin [5]

(Ngandelaké Triratana lan ora tau ninggal Triratna, nglakoni terus pengentasan diri (nihsarana), sila, kshanti karo virya)

11. tâhu di samiçrâiia cilpakalá paruvis samadhitacinta tmu ya prajnya smreti medhávi punarapi dhairyyamânï mahâsattva [5]

(Mangertèni bédané becik lan ora, duwé samadhi, prajna (intelek spiritual), smrti (kebak kawigatèn), kanggo nggayuh kaanan mahasattva)

12. vajraçarïra anupamaçakti jaya tathapi játismara avikalendriya maňcak rupa stibhaga hásin halap ade- [5]

(Kanthi vajrasarira – awak vajra sing sampurna lan kebak daya, ngilangaké salah pangertèn (avidya), duwé kemampuan ngeling-eling urip ing jaman biyèn, duwé driya-driya lan sesawangan sing sampurna,)

13. yavákya vrahmasvara jádi láki svayambhu puna(ra)pi tmu ya cintâmani nidhana tmu jnanavaçitâ karmmavaçita kleçavaçitâ [5]

(Kanthi ngucap sampurna kaya déné swara Brahma sing jumedhul dumadakan kaya permata sing ngijabahi pepenginan (cintamani nidhana), ngatasi alangan-alangan èlmu (jnanavacita), alangan-alangan karma (karmavacita) lan alangan-alangan klesha (kleshavacita))

14. avasâna tmu ya anuttarábhisamyaksamvodhi.[5]

(Ing pungkasané nggayuh Penggugahan ing ora ana bandhingané, jangkep, lan sampurna.) (Anuttarabhisamyaksambodhi).

Tembung-Tembung Malayu Kuna[besut | besut sumber]

Ing ngisor iki ya iku sawatara tembung-tembung Basa Malayu Kuna kang disebutaké ing prasasti Talang Tuwo lan nganti saiki isih bisa tinemu ing basa Malayu lan basa Indonésia anyar.Bisa tinemu akèh kang padha lan owah-owahan sithik, antarané ater-ater di- biyèn ya iku ni-, ater-ater me- biyèn ya iku mar- utawa ama-, déné panambang -nya biyèn ya iku -na.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b Prasasti Talang Tuo(diundhuh 19 September 2012)
  2. a b Sejarah Kerajaan Sriwijaya Archived 2013-03-02 at the Wayback Machine.(diundhuh 20 Fèbruari 2013)
  3. Prasasti Talang Tuwo Archived 2014-03-25 at the Wayback Machine.(diundhuh 20 Fèbruari 2013)
  4. a b c Tentang Prasasti Talang Tuwo Archived 2010-11-05 at the Wayback Machine.(diundhuh 27 September 2012)
  5. a b c d e f g h i j k l m n Prasasti Talang Tuwo[pranala mati permanèn](diundhuh 19 September 2012)