Prasasti Salimar VI
Prsasti Salimar VI (carakan: ꦥꦿꦱꦱ꧀ꦠꦶꦱꦭꦶꦩꦂ꧇꧖꧇) yaiku watu pathok bentuk lingga semu. Ing sakupengé bentuk silinder ana aksara Jawa Kuna nganggo basa Jawa Kuna. Aksara kasebut dipunpahat ngubengi awak watu kanthi rapi, nuduhaké kaprigelan pandhita utawa juru tulis nalika semana. Watu iki kalebu benda cagar budaya. [1] Isi saka Prasasti Salimar yaiku penetapan perdikan Alas Salimar taun 802 Saka, minangka tandha resmi manawa alas kasebut diwenehi status khusus lan ora kena dikenai pajeg.
Prasasti iki ditemuake ing Dusun Demangan, Desa Caturtunggal, Kecamatan Depok, Kabupaten Sleman, Daerah Istimewa Yogyakarta, Indonesia. Lwih trep ing kompleks SMA De Britto Yogyakarta. Prasasti Salimar VI digawa ing Balai Pelestarian Purbakala Peninggalan Purbakala Yogyakarta, papan kang saiki wis akeh owah-owahan amarga pembangunan. Prasasti Salimar VI digawa menyang Balai Pelestarian Purbakala Peninggalan Purbakala Yogyakarta kanggo dijaga lan dilestarekake. Ing kana, prasasti kasebut disimpen kanthi ati-ati supaya ora rusak lan isine bisa diteliti luwih lanjut dening para ahli.
Isi Prasasti
[besut | besut sumber]Swasti saka warsatita 802 kartika masa tithi trtiya suklapaksa mawulu pahing soma wara tatkala sang pamgat balakas manusuk sima ing alas i salimar mehhakan ikanang lmah ramanta i kandang kalang si (wama) gusti si dai, patih si pinnul si rinil kalima si brut si ngi si tingkir si wunuh gusti ing wualu si pupul parujar si panmuan si mula si partaya si pindah winkas si tadah wuriga si mari si tiruan wariga galuh si tkir hulair si wi si rudra tuha buru si mahi si gusai si manol tuhalas si sankil si daun si pulung si bantal si wuhun tuhalas hadyan si dikam si sampur si mandyus si wagan tuha padani si hli marga si hli mapkan si awit wahuta si yagya hulu kuwu si mujul hulu wuatan si wallak marhyang si brahma si piba si ranu si wala marhyan i patahun si jabung bihara swami si tiruan si tara.
Terjemah
[besut | besut sumber]Selamat tahun saka yang telah berlalu 802 bulan Kartika tanggal tiga bagian bulan terang, Mawulu (hari yang bersiklus enam), Pahing (hari yang bersiklus lima), Senen (hari yang bersiklus tujuh), ketika Sang Pamgat Balakas (Pu Balahara) menetapkan perdikan hutan di Salimar Adapun para rama (tetua desa) di Kandang yang menyerahkan Tanahnya ialah Kalang si Wama, Gusti si Dai, Patih si Pingul, si Lingin Kalima si Brut, si Nggi, si Tingkir, si Wanuh, Gusti di Wualu si Pupuh parujar si Pindah, Winkas si Tadah, Waringa si Mari, si Tiruan, Wariga Galuh si Tkir, Huluair si Rudra, Tuhaburu si Mahi, si manol, Tuhalas si Nagkil, si duhung, si Lung, si Bantal, si Wulung, Tuhalas hadyan si Dikan, si Sampur, si Mandyus, si Wagang, Tuha Padahi si Hli, Marga si Hli, Mapkan si Awit. Wahuta si Yogya. Hulu Kuwu si Mujul. Hulu Wwatan si walah. Marhyang si Barhma. si Piba. si Rahu. si Wala. marhyang di Patahunan si Jabung. biaara swami si Tiruan. si Tara.

Kahanan
[besut | besut sumber]Kahanan Prasasti Samilar tasih sae. Tulisan sing ana ing watu tasih cetha lan bisa diwaca. Dawane prasasti iki yaiku 32 senti, jembar 29 senti, duwur 25 senti, lan diameter 25 senti.
Sejarah
[besut | besut sumber]Salimar yaiku lemah awujud alas pangparingan saking Ratu Mataram Kuna Sri Maharaja Rakai Kayuwangi Dyah Lokapala kangge Sang Hakim lan Eksekutor Hukum Syariat Agama Sang Pamgat Balakas taun 880 M.[2]
Alas Salimar alas kang istimewa. Wilayah-wilayah sing ana ing njero kawasan Salimar bebas pajak lan sewa. Amarga iku, Salimar uga dikenal dadi lemah perdikan. Sementara itu kawasan hutan Salimar sendiri diapit oleh dua desa yakni Desa Kandang dan Desa Pakuwani.
Kanggo ngewenehi tandha istimewa, Ratu masang pathok-pathok ing sakupenge alas kasebut sing cacahe ana enem pathok. Pathok-pathok iki sing saiki dikenal minangka Prasasti Salimar. Ing pathok-pathok iku uga ana jneng-jeneng dukuh saka desa sing dicap istimewa nganggo aksara Jawa Kuna.
Saking perkembangane, alas Salimar berkembang dadi permukiman penduduk. Suwe let suwe Alas Salimar dadi daerah Sleman, Yogyakarta.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "JOGJACAGAR | Sistem Informasi Cagar Budaya". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-05-27.
- ↑ "Manifestasi Prasasti Salimar dalam Dunia Pendidikan - Semua Halaman - National Geographic". nationalgeographic.grid.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-06-04.
4. W.F. Stutterheim : Inscripties van Nederlandsch Indie, aflevering I (Kon. Bat. Genootschap van Kunsten en Wetenscappen, Batavia 1940), Oorkonde van Balitung uit 905 A. D. (Randoesari).