Prasasti Salimar IV
Prasasti Salimar IV (Carakan: ꦥꦿꦱꦱ꧀ꦠꦶꦱꦭꦶꦩꦂ꧇꧔꧇) yaiku awujud watu patok kang duwé bentuk lingga semu. Ing sakpinggirané katulis aksara Jawa Kuna nganggo Basa Jawa Kuna. Siji prasasti kang tinemu ing Dusun Demangan, Desa Caturtunggal, Kecamatan Depok, Kabupaten Sleman, Daerah Istimewa Yogyakarta, Indonesia. Pananggalan ing prasasti karangka taun 802 saka utawa 10 oktober 808 masehi. Tekan saiki wis tinemu enem prasasti, kang diarani prasasti salimar I, II, III, IV, V lan VI. Manut winasis èpigrafi saka Pusat Arkeologi Nasional Titi Surti Nastiti, samesthiné ana 8 patok ing tlatah iki. Rong desa kang ngapité, kandang lan pakuwani, nduwéni dhéwé-dhéwé papat patok. Nanging nganti saiki ana 6 patok kang tinemu.. Prasasti-prasasti iki digawé ing jaman Karajan Mataram Kuna dadi patok watesing tlatah kang saiki ditepang dadi kabupaten Sleman. Jeneng salimar kang digunakaké kanggo ngarani prasasti iki ya iku lemah perdikan kang arupa alas. Pawèwèh lemah déning Raja Karajan Medang kang kaaran Rakai Kayuwangi Dyah Lokapala marang siji hakim lan pelaksana kukum adat kang kaaran pamgat balakas ing taun 808 masèhi dhuwur jasane marang Karajan Medang.[1]
Salimar 4 tinemu ing 25 dhesember 1957, salimar 6 ing juli 1988 nalika tukang kedhuk yasan mbangun kompleks sekolah kasebut. wiwit tinemu iki, salimar 4 lan 6 digawa menyang balé pelestarian purbakala tetilaran purbakala Yogyakarta. Prasasti salimar I-VI isi katetepan perdikan utawa sima (lemah mardika pajeg) alas salimar déning pamgat balakas.Tilik ana ing National Geographic Indonesia, salimar yaiku lemah kang diwènèhaké déning Raja Rakai Kayuwangi Dyah Lokapala marang hakim lan eksekutor kukum syariat agama, sang pamgat balakas. Alas kasebut diwènèhaké dadi bebungah dhuwur jasané ing Karajan.Karo katetepan dadi lemah perdikan utawa sima, alas salimar dadi tlatah istimiwa kang mardika pajeg lan séwa saka karajan. [2]
Kawasan alas salimar diapit déning 2 désa, yaiku désa kandang lan désa pakuwani dadi wates, mula sang Raja mènèhaké patok-patok ing sakubengan alas, kang saiki ditepang dadi prasasti salimar.Kairing wayah, alas salimar ngembang dadi permukiman pandhudhuk. Ing wektu kang padha, perkembangan lan owah-owahan jaman nggawé patok-patok kasebut kapendhem lemah. sacacah winasis pracaya menawa alas salimar saiki dadi wilayah Sleman, Yogyakarta.[3]

Isi prasasti Salimar IV
[besut | besut sumber]Alih Aksara:
Swasti saka warsatita 802 kartika masa tithi trtiya suklapaksa mawulu pahing soma wara tatkala sang pamgat balakas manusuk sima ing alas i salimar mehhakan ikanang lmah ramanta i kandang kalang si (wama) gusti si dai, patih si pinnul si rinil kalima si brut si ngi si tingkir si wunuh gusti ing wualu si pupul parujar si panmuan si mula si partaya si pindah winkas si tadah wuriga si mari si tiruan wariga galuh si tkir hulair si wi si rudra tuha buru si mahi si gusai si manol tuhalas si sankil si daun si pulung si bantal si wuhun tuhalas hadyan si dikam si sampur si mandyus si wagan tuha padani si hli marga si hli mapkan si awit wahuta si yagya hulu kuwu si mujul hulu wuatan si wallak marhyang si brahma si piba si ranu si wala marhyan i patahun si jabung bihara swami si tiruan si tara
Alih Bahasa:
Sugeng taun saka kang wis banjur 8o2 sasi kartika tanggal perangan sasi paro terang mawulu pahing senen nalika sang pamgat balakas netepi perdikan alas ing salimar. Tetuwa desa kandang menehake lemahe kalang si (wama) gusti si dai, patih si pinnul si rinil kalima si brut si ngi si tingkir si wunuh gusti ing wualu si pupul parujar si panmuan si mula si partaya si pindhah winkas si tadhah tetuwa perbintangan si mangga si tiron wariga galuh si tkir tetuwa pengairan si wi si rudra tetuwa perburuan si mahi si gusai si manol tetuwa kehutanan si sankil si godhong si pulung si bantal si wuhun tetuwa alas hadyan si dikam si sampur si mandyus si wagan tetuwa pemukul kendang si hli marga si hli tetuwa pasar si awit wahuta si yagya tetuwa perumahan si mujul tetuwa kreteg si wallah marhyang si brahma si piba si ranu si wala marhyan ing patahun si jabung bihara swami si tiron si tara
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "JOGJACAGAR | Sistem Informasi Cagar Budaya". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-06-03.
- ↑ "Manifestasi Prasasti Salimar dalam Dunia Pendidikan - Semua Halaman - National Geographic". nationalgeographic.grid.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-06-03.
- ↑ "Kompas". kompas.com. 2025-03-6.
{{cite web}}: Check date values in:|date=(pitulung)