Menyang kontèn

Prabu Wresaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Prabu Wresaya (Warsaya) iku narendra ing Parangjara. Tokoh iki mung tinemu ing crita padhalangan seri Bharatayuda utawa wayang purwa lakon Abimanyu Gugur.

Kacarita sasedane Prabu Bogadenta, Dewi Murdaningsih, lan Gajah Murdaningkung, Prabu Duryudana sungkawa banget penggalihe. Mangka ing nguni Prabu Bogadenta dijagakake ing palagan bisa numpes Pandhawa. Nanging nyatane malah gugur ing paprangan. Ing mangka kaya-kaya kadigdayane linuwih, apa maneh ginadhuhan pusaka kadewatan wujud sanjata rante kang aran Kyai Suhbrastha. Prasasat tan ana janma ing salumahing bumi sakurebing langit kang kuwat nadhahi, teka meksa kaprajaya dening Janaka.

Mahasenapati Kurawa Pandhita Drona nuli matur marang Prabu Duryudana yen kasantosaning Pandhawa iku satemene dumunung ana ing kekuwatane satriya loro, yaiku Wrekudara lan Janaka. Samangsa kekarone isih nyawiji, isih bisa bantu-binantu, tangeh bisane ngalahake Pandhawa. Supaya barisan Pandhawa ringkih, Wrekudara kudu kapisahake saka Janaka. Dene carane kudu ditantang perang tandhing. Wrekudara lan Janaka iku klebu satriya kang ora kena mambu tantang.

Manut pamawase Pandhita Drona, kang bisa nandhingi Janaka ora ana liya kajaba narendra ing Kasapta Prabu Gardhapati. Dene kang tinanggenah nandhingi Wrekudara ora ana liya kajaba narendra ing Parangjara Sang Prabu Wresaya (Warsaya).

Klakon Prabu Wresaya bisa adu arep karo Raden Wrekudara ing paprangan Tegal Kurusetra, nuli tinantang perang tandhing ing pasisir lor, " Heh Wrekudara. Aja mung ngrusak bala rucah. Yen kowe nyata satriya linuwih lan cocog karo misuwurmu, ayo tandhingana yudaku. Aku Prabu Wresaya, narendra ing Parangjara. Aku maju perang iki mung perlu nugel gulumu. Mula yen kowe pancen lanang tenan, ayo perang tandhing ing pasisir lor!"

Raden Wrekudara ngladeni, banjur nilar pabarisan.

Rame perange Raden Wrekudara mungsuh Prabu Wresaya ing pasisir lor. Kekarone katon timbang kadigdayane. Nganti suwe durung katon endi kang unggul yudane. Dumadakan Prabu Wresaya nyandhak pusakane, wujud candrasa. Sigra ditamakake marang Raden Wrekudara.

Prayitna Raden Wrekudara. Candrasane Prabu Wresaya tinangkis gada Rujakpolo, sanalika candrasa ajur dadi sawalang-walang.

Jroning batin Prabu Wresaya ngakoni kadigdayane mungsuhe, nanging suthik lamun manungkul. Sigra nyandhak gada arsa mungkasi yuda. Kekarone banjur perang gada. Nalika Raden Wrekudara katon semu lena, Prabu Wresaya gage ngetog karosan, ngeprukake gadane. Raden Wrekudara ngendhani. Prabu Wresaya tiba krungkep ing ngarepe Raden Wrekudara. Durung nganti nggulawat (ngadeg) wis kinepruk gada Rujakpolo. Prabu Wresaya sirna margalayu. Kuwandane ajur dadi ludira mblabar.

Kapethik saking

[besut | besut sumber]

Mulyantara.n.d. Majalah Jaka Lodhang (sampul Tokoh Wayang).Yogyakarta: Jaka Lodhang Press.