Menyang kontèn

Prabu Tuguwasesa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Prabu Tuguwasesa iku narendra (ratu) ing negara Gilingwesi. Sejatine iku satriya panengahing Pandhawa Raden Wrekudara, kang ngagem busana kanarendran. Kagungan putra kakung siji, kekasihe Raden Antawasesa. Patihe Prabu Tuguwasesa asmane Patih Yudana.

Patih Yudana iku maune ratu ing Gilingwesi. Sawijining dina, Gilingwesi dilurugi wadyabala saka Ngastina, kang dipandhegani dening Prabu Karna (Adipati Karna). Prabu Yudana dianggep luput, amarga jenenge meh padha karo jejuluke ratu Ngastina Prabu Duryudana. Mula Prabu Yudana kudu manut dibanda, disowanake ing Ngastina.

Prabu Yudana ora kersa diluputake. Mung prakara jeneng meh padha wae digawe prakara. Cetha wong Ngastina iku mung golek-golek prakara kanggo nguwasani Gilingwesi. Gilingwesi ora sudi dadi jajahane Ngastina. Sadumuk bathuk sanyari bumi. Wasana dadi perang gegempuran. Nanging, wadyabala Gilingwesi kalah, Prabu Yudana bisa lolos saka kepungane mungsuh. Sigra mlajar manjing tengahing wana. Dumadakan ketemu karo Prabu Tuguwasesa lan Raden Antawasesa. Kekarone saguh sabyantu marang Prabu Yudana, ngalahake Prabu Karna sabalane.

Prabu Tuguwasesa lan Raden Antawasesa klakon adu arep karo Prabu Karna lan wadyabala Ngastina. Rehne Prabu Karna sabalane ora gelem ditundhung lunga, dadi perang rame. Jebul Prabu Tuguwasesa lan Raden Antawasesa iku digdaya banget. Sedhela wae wis bisa ngalahake Prabu Karna sabalane. Sabanjure Prabu Karna sabalane dirangket, dilebokake ing pakunjaran.

Prabu Tuguwasesa masrahake panguwasa Gilingwesi marang Prabu Yudana. Nanging Prabu Yudana ora kersa nampa. Sang Prabu malah masrahake panguwasa mau marang Prabu Tuguwasesa. Prabu Tuguwasesa kaaturan jumeneng ratu ing Gilingwesi. Prabu Yudana trima ngembani wae, tegese trima dadi patihe Prabu Tuguwasesa.

Rehne kersane Prabu Yudana kaya ngono, wiwit dina iku Prabu Tuguwasesa jumeneng ratu ing Gilingwesi. Prabu Yudana dadi patihe, Raden Antawasesa dadi senapati perange.

Amarga Ngastina wis miwiti nggawe prakara, Prabu Tuguwasesa bakal genti nglurugi Ngastina. Ora prelu nganthi wadyabala, cukup wong telu wae; ratune, patih, lan senapati perange.

Tekan Kraton Ngastina, Raden Antawasesa kadhawuhan sowan Prabu Duryudana. Wose ngrembugi supaya Prabu Duryudana lereh (seleh) keprabon. Prabu Duryudana duka banget. Sigra dhawuh marang Patih Sengkuni nyiyagakake wadyabala Ngastina kanggo ngrangket mungsuh kang nekani.

Dadi perang rame ing alun-alun Ngastina. Prabu Duryudana tandhing yuda mungsuh Prabu Tuguwasesa. Prabu Duryudana kalah, diajar nganti babak bundhas. Rumangsa ora bakal menang, Prabu Duryudana ngoncati paprangan. Sedhela wae, Ngastina wis klakon bedhah.

Kapethik Saking

[besut | besut sumber]

Mulyantara, Majalah Djaka Lodhang (kanthi owah-owahan saperangan)