Prabu Sumarma
Prabu Sumarma iku ratu ing negara Malawa. Ratu sabrang, tegese ratu bangsa manca. Srayane Prabu Duryudana. Biyen nate dadi muride Pandhita Drona. Nunggal sapaguron karo Kurawa lan Pandhawa.
Wujude Prabu Sumarma: narendra setengah yaksa (buta). Duwe siyung ing pojok tutuke kang gedhene sagedhang emas. Katon mingis-mingis mawa wisa. Rema (rikma, rambut) diore nganti tekan bokong. Saperangan tumumpang pundhak.
Prabu Sumarma duwe rayi loro, yaiku Raden Kretipeya (Kartipeya) lan Raden Satupremeya. Titihane Prabu Sumarma wujud gajah, jenenge Hesthitama. Gajah kang gedhene ora lumrah. Tokoh Prabu Sumarma iki mung tinemu ing crita padhalangan lakon Drona Gugur.
Ing sawijining dina Prabu Sumarma nampa sowane Bambang Aswatama, kang diutus Pandhita Drona supaya atur kabar marang Sang Prabu yen perang Bharatayuda wis dumadi. Wektu iku wis tumapak 14 dina. Pandhita Drona isih pinercaya jumeneng Mahasenapati, mandhegani wadyabala Ngastina. Prabu Sumarma kasuwun supaya paring pambiyantu kanthi ngerigake wadyabala Malawa.
Midhanget ature Bambang Aswatama, Prabu Sumarma katon gumregah lan bungah penggalihe. Apa sing diangen-angen sasuwene iku saiki wis cetha. Mula pamundhute bapa guru gage dileksanani. Bengi iku uga kabeh balane diirid tumuju Tegal Kurusetra. Ing pangajab, byar padhang sesuk esuk wis bisa mangsah yuda mungsuh Pandhawa sawadyabalane. Tekade mung siji, yaiku nedya ngrebut misuwure jeneng Wrekudara lan Janaka. Yen Prabu Sumarma bisa mateni Wrekudara lan Janaka, mesthi bakal kondhang ing jagad. Kondhang ratu digdaya.
Esuke ing dina kaping 15, wiwit saka pletheking surya nganti bedhug tengange, pangamuke Mahasenapati Kurawa Pandhita Drona kang dibantu Prabu Sumarma sabalane bisa gawe rusak wadyabalane Pandhawa. Pepati tanpa wilangan, pating glasah pindha babatan pacing.
Priksa rusaking wadyabalane Pandhawa, Prabu Kresna sigra paring dhawuh marang Raden Wrekudara supaya enggal-enggal mateni Prabu Sumarma lan gajah titihane.
Klakon Prabu Sumarma lan Hesthitama sirna digeceg gada Rujakpolo. Sawise iku, Prabu Kresna dhawuh marang Petruk supaya ngondhangake ing saindhenging palagan yen Aswatama mati.
Amarga anane kabar apus-apusan iku, Pandhita Drona dadi nglokro, bingung, lan entek pengarep-arepe. Satemah bisa ditigas janggane dening Raden Trusthajumena.
Kapethik saking
[besut | besut sumber]Mulyantara.n.d.Majalah Jaka Lodhang (cover Tokoh Wayang). Yogyakarta: Jaka Lodhang Press.