Prabu Erangbaya
Prabu Erangbaya iku narendra ing negara Parangkencana. Ana ing negarane kondhang digdaya sekti mandraguna. Biyen nate maguru ilmu perang marang Pandhita Drona, ing padhepokan (pertapan) Sokalima.
Sawijining dina, Kraton Parangkencana karawuhan Pandhita Drona lan Patih Sengkuni saka Ngastina. Ancase rawuh, nedya mundhut pitulungan, ngrangket ratu Ngamarta Prabu Puntadewa lan garwane. Mumpung wektu iku, kekuwataning Pandhawa yaiku Raden Wrekudara lan Raden Arjuna pinuju lunga. Wrekudara lunga ing Kisiknarmada, ing papane Dewi Urangayu (garwane), dene Arjuna ana ing Dwarawati; ngrembug bakal palakramane Abimanyu lan Dewi Siti sundari. Mengko yen wis klakon nawan Prabu Puntadewa lan Dewi Drupadi, bakal kanggo sarana gawe kesepakatan janji, supaya Pandhawa ora ngucik separoning negara Ngastina kang pancen dadi wewenange. Supaya Kurawa bisa ngregem negara Ngastina sawutuhe.
Prabu Erangbaya nyaguhi bakal ngrangket Puntadewa lan garwane, nanging ora perlu nganthi wadyabala. Supaya ora ana kurban. Cukup patihe kang aran Patih Jala Sengara kang bakal dikanthi. Ngiras pantes kanggo njajal ilmu perange bapa guru. Sawise Pandhita Drona lan Patih Sengkuni mungkur, Prabu Erangbaya lan patihe sigra budhal menyang negara Ngamarta.
Ana ing tapel wates negara Ngamarta, dicegat Raden Gathutkaca. Ditakoni, blaka suta yen bakal ngrangket Prabu Puntadewa lan garwane. Sulayaning rembug dadi pancakara. Prabu Erangbaya lan patihe kalah, banjur padhadene matak aji panglimunan, satemah ilang kakedhepake.
Ing Wukir Ratawu, Begawan Abyasa nampa sowane ingkang wayah, satriya Tanjunganom Raden Abimanyu. Nyuwun donga pangestu, supaya anggone dhaup karo Dewi Siti Sundari ora manggih alangan sawiji apa. Begawan Abyasa mangestoni, muga-muga Abimanyu lancar anggone temantenan. Rehne Sang Begawan antuk firasat kang kurang becik, Abimanyu lan para panakawane kadhawuhan enggal bali, njujug kadhaton Ngamarta. Abimanyu lan panakawane sigra nyuwun pamit. Ana ing tengahing alas dibegal wadyabala buta saka negara Parangkencana sing dipandhegani Kala Gendirpenjalin. Dadi perang rame. Para buta kang mbegal, tumpes tapis tanpa sisa.
Ing Pertapan Kisiknarmada, Begawan Mintuna diadhep Raden Wrekudara lan Dewi Urangayu. Sang Begawan nyritakake pasumpenane (impene), yen kadhaton Ngamarta katrajang banjir bandhang, kang ngentirake Prabu Puntadewa lan Dewi Drupadi. Manut pangandikane Begawan Mintuna, mesthi Ngamarta pinuju nandhang reribet. Mula kaya katundhung, Raden Wrekudara diprayogakake enggal-enggal kondur, njujug kadhaton Ngamarta (Indraprastha).
Ing Dwarawati, Prabu Kresna diadhep Raden Arjuna, Raden Setyaki, lan Patih Udawa. Ngrembug dina tempuking gawe dhaupe Abimanyu lan Dewi Siti Sundari. Dumadakan ana sowane prajurit teliksandi kang atur uninga yen Prabu Puntadewa ditawan Prabu Erangbaya lan Patih Jala Sengara. Prabu Kresna, Setyaki, lan Arjuna gegancangan tumuju Ngamarta.
Tekan alun-alun Ngamarta, katon Prabu Erangbaya pinuju perang tandhing mungsuh Dewi Wara Srikandhi, Raden Wrekudara mungsuh Patih Jala Sengara. Wasanane Prabu Erangbaya sirna kena panah Harya Sangkali kang dilepasake Srikandhi, Patih Jala Sengara mati kena kuku Pancanakane Wrekudara. Pandhita Drona, Patih Sengkuni, lan para Kurawa, bubar diamuk Setyaki lan Gathutkaca.
Kapethik Saking
[besut | besut sumber]Mulyantara, 2020, Majalah Djaka Lodhang (cover Tokoh Wayang), Yogyakarta:Djaka Lodhang Pers