Menyang kontèn

Piranti alus sumber tinarbuka

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sawijining tangkepan layar Debian Linux nglakokaké lingkungan desktop Cinnamon, Firefox angakses Wikipedia sing mingunani MediaWiki, LibreOffice Writer, Vim, VLC lan manajer berkas Nemo. Kabeh kuwi kalebu piranti alus sumber tinarbuka.

Piranti alus sumber tinarbuka yaiku piranti alus komputer sing dirilis miturut lisensi kang menehi hak cipta marang naraguna kanggo migunani, nyinaoni, ngowahi, uga ngandumi piranti alus kasebut kalebu kodhe sumberé marang sapa waé kanthi ancas apa waé. [1] [2] Piranti alus iki bisa dirembaka kanthi cara geguyub, lan minangka tuladha apik geguyub tinarbuka (open collaboration). Ateges sapa waé naraguna wasis bisa urun parembakan kanthi cara daring, sing nyebabaké gunggunging naraurun (contributor) ora ana winatesé. Amarga bisa mriksa kodhe sumberé langsung, agawé kapracayan umum marang piranti iki akeh. [3]

Pangrembakaning piranti alus sumber tinarbuka bisa marakaké werna-werna anggepan ora namung saka siji parusahan. Pangira-ngira ing 2024 nuduhaké nilai piranti alus sumber tinarbuka kanggo parusahan yaiku $ 8.8 triliun, amarga parusahan kudu ngetokaké wragat 3.5 kaping akeh saka jumlah saiki sing tanpa migunani piranti alus sumber tinarbuka. [4]

Kodhe sumber tinarbuka bisa digunakaké kanggo pasinaon lan ngidini naraguna pungkasan (end user) wasis ngowahi miturut kabutuhané dewé-dewé padha karo user scripts lan style sheets sing ngidini piguna mligi ing sasana web (website). Banjur owahan iki bisa dibabar minangka fork kanggo naraguna liya sing kapengin, lan diprayoga luwih becik manéh minangka pull request.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. St. Laurent, Andrew M. (2008). Understanding Open Source and Free Software Licensing. O'Reilly Media. kc. 4. ISBN 978-0-596-55395-1. Diarsip saka sing asli ing 22 April 2023. Dibukak ing 21 March 2023.
  2. Corbly, James Edward (2014-09-25). "The Free Software Alternative: Freeware, Open Source Software, and Libraries". Information Technology and Libraries. 33 (3): 65. doi:10.6017/ital.v33i3.5105. ISSN 2163-5226. Diarsip saka sing asli ing 1 May 2021. Dibukak ing 28 April 2021.
  3. Levine, Sheen S.; Prietula, Michael J. (2013-12-30). "Open Collaboration for Innovation: Principles and Performance". Organization Science. 25 (5): 1414–1433. arXiv:1406.7541. doi:10.1287/orsc.2013.0872. ISSN 1047-7039.
  4. Hoffmann, Manuel; Nagle, Frank; Zhou, Yanuo (2024). "The Value of Open Source Software". SSRN Electronic Journal. doi:10.2139/ssrn.4693148. ISSN 1556-5068.