Menyang kontèn

Piranti alus sabrang platfom

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
VirtualBox bab layar kanthi nggambaraké kabeh platfom sistem operasi dhestop utama.

Ing komputasi, piranti alus sabrang platfom utawa piranti alus sabrang sagan, (basa Inggris: cross-platform software) yaiku piranti alus komputer sing diyasa murih bisa lumaku ing sawetara sagan komputasi. [1] Sawetara piranti alus sabrang platfom merlokaké winangunan sing kapisah kanggo saben platfom sing séjé. Nanging uga ana sing bisa lumaku sanalika ing samubarang sagan tanpa pasumadyan mirunggan, tinulis ing basa pertalan (interpreted languange) utawa dikompèl menyang bitakodhe portabel sing pamertal (interpreter) utawa paket run-time-mé minangka komponen umum utawa baku ing kabèh platfom sing dijurung. [2]

Tuladhané, sawijiné aplikasi sabrang platfom bisa lumaku ing Linux, macOS uga Microsoft Windows. Piranti alus sabrang sagan manawa bisa lumaku ing werna-werna platfom, utawa saora-orané bisa lumaku ing rong platfom. Sawetara wrangkakarya (framework) kanggo pangrembakaning piranti alus sabrang sagan yaiku Codename One, ArkUI-X, Kivy, Qt, GTK, Flutter, NativeScript, Xamarin, Apache Cordova, Ionic, lan React Native. [3]

  1. "Design Guidelines: Glossary". java.sun.com. Diarsip saka sing asli ing 2012-02-13. Dibukak ing 2011-10-19.
  2. "SDD Technology blog: Definition of cross platform". SDD Technology. Dibukak ing 2020-10-18.[pranala mati permanèn]
  3. Lee P Richardson (2016-02-16). "Xamarin vs Ionic: A Mobile, Cross Platform, Shootout". Diarsip saka sing asli ing 2025-04-03. Dibukak ing 2025-11-30.