Menyang kontèn

Piranti alus pamuter medhia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
MPlayer, tuladhaning pamuter medhia sabrang platfom

Piranti alus pamuter medhia ya iku jinisé piranti alus aplikasi kanggo muter berkas komputer multimedia kaya ta berkas audio lan video. Pamuter medhia racaké nampilaké lambang kontrol media baku sing asalé saka piranti fisik misalé tape recorder lan pamuter CD, awujud pijetan puter (play) (▶️), aso (pause) (⏸), puter maju (fastforward) (⏩️), puter mundur (rewind) (⏪), uga mandheg (⏹️). Kajaba kuwi, pamuter medhia lumrahé duwé progress bars ya iku geseran dawa kanggo deleng posisi saiki ing sadawané durasi berkas media.

Sistem operasi misuwur biasané duwéni saora-orané siji pamuter medhia gawan (default). Misalé, Windows duwéni Windows Media Player, Microsoft Movies & TV duwéni Groove Music, déné macOS duwéni QuickTime Player lan Music . Distribusi Linux duwéni pamuter medhia sing beda, kaya ta, SMPlayer, Amarok, Audacious, Banshee, MPlayer, mpv, Rhythmbox, Totem, pamuter media VLC, lan xine . Android duwéni YouTube Music kanggo audio lan Foto Google kanggo video. Parusahan astawada pinter (smartphone) kayata Samsung bisa uga migunakaké piranti alus mirunggan.