Pinguin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Pinguin
Kalamangsa: Paleocene-Saiki
Pygoscelis papua.jpg
Gentoo Penguin, Pygoscelis papua
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Infraklas: Neognathae
Ordho: Sphenisciformes
Sharpe, 1891
Famili: Spheniscidae
Bonaparte, 1831
Modern genera

Aptenodytes
Eudyptes
Eudyptula
Megadyptes
Pygoscelis
Spheniscus
Kanggo prehistoric genera, pirsani Sistematik

Pinguin (ordho Sphenisciformes, famili Spheniscidae) iku kéwan akuatik jinis manuk sing ora bisa mabur lan kanthi umupooppoopopopopopopopjamespnpenghijbjhihghc tytrm urip ing wilahan Bumi kidul.njnuhuhyhybybibuhgyigyigguv

Spesies lan habitat[besut | besut sumber]

Ing saindhenging donya ana 17 nganti 19 spésies pinguin, gumantung marang apa rong spésies Eudyptula diétung uga minangka spésies. Sanajan kabèh jinis pinguin awalé asalé saka wilahan bumi kidul, nanging pinguin ora mung tinemu ing tlatah adhem utawa ing Antartika waé. Ana telung spésies pinguin sing urip ing tlatah tropis. Salah siji spésies urip ing Kapuloan Galapagos (Pinguin Galapagos) lan racaké nyebrangi garis katulistiwa kanggo golèk pangan.

Ukuran[besut | besut sumber]

Spesies pinguin gedhé dhéwé ya iku Pinguin Emperor (Aptenodytes forsteri) kanthi dhuwur tekan 1,1 mèter lan bobot 35 kilogram utawa luwih.

Spesies pinguin paling cilik ya iku Pinguin Peri (Eudyptula Minor) kanthi dhuwur watara 40 cm lan bobisa tahan ing tlatah adhem, sauntara pinguin sing ukurané luwih cilik racaké tinemu ing tlatah sing luwih anget malah ing tlatah tropis.

Pangan[besut | besut sumber]

Lumrahé pinguin mangan krill (sejinis kécé), iwak, nus lan kéwan banyu liyané sing kacekel nalika mbluru ing laut. Pinguin bisa ngombé banyu laut amarga kelenjar supraorbital ing awaké nyaring kaluwihan uyah laut saka ilènan getih. Uyah iki banjur ditokaké sajeroning wangun cuwèran liwat saluran ambegan pinguin.

Solah bawa pinguin[besut | besut sumber]

Pinguin katon ora wedi karo tekané manungsa. Pinguin bakal nyerak ing golongan panliti sing lagi nyinaoni pinguin-pinguin mau.

Nanging sawijining wangun gegelutan gedhé antar pinguin bakal dumadi yèn sawijining ibu pinguin kèlangan anaké (amarga ora bisa tahan sajeroning badai gedhé utawa dipangan déning kéwan pamangsa). Yèn sawijining anak ilang, ibu pinguin bakal "nyolong" sawijining anak pinguin saka ibu pinguin liyané. Solah bawa iki narik kawigatèn èlmuwan. Apiké, pinguin-pinguin wadon liya sajeroning golongan pinguin mau ora seneng "panyolongan" iki lan bakal nulungi lan "mbéla" ibu pinguin sing anaké dicolong.

Wangun awak[besut | besut sumber]

Awaké pinguin selaras banget kanggo mbluru lan urip ing banyu. Swiwiné arupa pandhayung lan ora bisa kanggo mabur. Ing dharatan pinguin migunakaké buntut lan swiwiné kanggo njaga kaseimbangan nalika mlaku.

Saben pinguin duwé warna putih ing sisih njero awaké lan warna peteng (racaké ireng) ing sisih njaba awak. Iki migunani kanggo kamuflase. Kéwan pamangsa kaya déné singa laut saka njeron banyu bakal angèl ndeleng pinguin amarga wetengé sing sernané putih campur karo pantulan lumahing banyu laut. Éwadéné lumahing peteng ing gegeré uga nyamaraké pinguin saka pandelengan kéwan pamangsa ing dhuwur banyu.

Kamampuan mbluru lan nyilem[besut | besut sumber]

Pinguin bisa mbluru kanthi kacepetan 6 tekan 12 km/jam malah tau kacathet tekan 27 km/jam. Pinguin sing ukurané cilik racaké nyilem suwéné siji tekan rong menit saka lumahing banyu kanggo nyekel panganan. Pinguin sing ukurané luwih gehdé, ya iku pinguin emperor bisa nyilem luwih jero nganti 565 mèter suwéné 20 menit.

Mlaku lan mluncur[besut | besut sumber]

Kanggo ngirit ènèrgi, sok-sok pinguin mlaku mawa sikil cendhaké utawa mluncur ing salju mawa wetengé.

Kamampuan pangèndraan[besut | besut sumber]

Pinguin duwé pangrungu sing becik banget. Yèn ana ing dharatan, pinguin banget ngandhelaké pangrungoné. Mata pinguin adhaptasi kanggo pandelengan ngisor banyu kanggo golèk panganan lan ngèndha saka pamangsa. Kamampuan daya pangambu pinguin tekan saiki isih durung akèh dikawruhi lan mbutuhaké panlitèn luwih lanjut.

Jinis kelamin[besut | besut sumber]

Kanggo ndeleng jinis kelamin pinguin iku angèl banget, amarga pinguin ora duwé kelamin eksternal. Mula kanggo mbédakaké jinis kelamin pinguin, manungsa kudu nganggo tèknik pamriksan kromosom/DNA.

Gladri foto[besut | besut sumber]

Jinis-jinis pinguin[besut | besut sumber]


Literatur[besut | besut sumber]

  • Anatole France, Penguin Island
  • Kevin Schafer, Penguin Planet - Their World, our World. North Word Press, Minnetonka Minn 2000, ISBN 1-55971-745-9
  • George Gaylord Simpson, Penguins. Past and Present, Here and There. Yale University Press, New Haven 1976, ISBN 0-300-01969-6
  • Tony D. Williams, The Penguins. Oxford University Press, Oxford 1995, ISBN 0-19-854667-X
  • Lloyd S. Davies, The Penguins. Species Monograph Series. Poyser, London 2003, ISBN 0-7136-6550-5
  • Boris M. Culik, Pinguine. Blv, München 2002, ISBN 3-405-16318-8
  • Niels Carstensen, Pinguine. Ellert & Richter, Hamburg 2002, ISBN 3-8319-0081-7