Pindhang
Pindhang patin, pangasius iwak pindhang mawa duduh | |
| Panggonan asal | Indonésia[1][2][3] |
|---|---|
| Tlatah utawa praja | Sumatra Kidul—saiki saindhenging Indonésia, uga ing Brunei, Malaysia; lan Singapura[4] |
| Woworan pokok | salt-boiled fish,[5] yaiku iwak loh sing dimasak nganggo uyah lan rempah-rempah kalebu banyu asem jawa, bawang putih, brambang, jaé, kunir, seré, laos, lombok, godhong salam, godhong jeruk, trasi, lan gula Jawa. |
Pindhang iku arané olahan iwak, lumrahé iwak segara, sing dibumboni, kerepé karo uyah, banjur didang supaya awèt. [6] Lumrahé tèknik iki kanggo masak iwak loh utawa endhog, asalé saka Sumatra lan mliginé Palèmbang, nanging wis nyebar menyang Jawa lan Kalimantan.[7] Pindhang uga nduwé ciri-ciri bisa ngawètaké panganan, sing nambah umur dagangé prodhuk-prodhuk iwak loh.
Perkara tembung
[besut | besut sumber]Bausastra basa Indonésia (Kamus Besar Bahasa Indonesia) nyatakaké menawa pindang iku tegesé "iwak loh sing diuyahi lan dibumboni, banjur diasap utawa digodhog nganti garing, kanggo diawètaké".[8] Ing Indonésia, sawetara prodhuk iwak godhogan uga diarani pindang.[9] Ing Malaysia, panganan iki diarani pindang ing pasisir kidul-kulon, lan singgang ing pasisir lor-wétan Tanjung Malaka.[10]
Pindhang utawa pindang ing basa Indonésia iku dadi tegesé kerep iwak asin utawa gerèh godhogan, mliginé ing Tanah Jawa.[5] Ing sisih liya, ing Bali pindang tegesé iwak asin sing dibumboni, kamanga rujak kuah pindang, iku rujak woh-wohan gaya Bali karo iwak asin sing dadi panganan populèr.[11]
Gladri
[besut | besut sumber]- Pindhang bandeng Jepara karo tahu
- Endhog pindhang
- Iwak tongkol ing pasar tradhisional Kalibaru ing Banyuwangi, Jawa Wétan
- Pindhang serani saka Karimunjawa, nganggo iwak krapu
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ Costa-Pierce, Barry A.; Soemarwoto, Otto (1990-01-01). Reservoir Fisheries and Aquaculture Development for Resettlement in Indonesia (ing basa Inggris). WorldFish. ISBN 978-971-10-2250-1.
- ↑ "Pindang Patin Palembang" .
- ↑ Bangun Permadi. "Pindang Sebagai Bentuk Akulturasi Budaya Sumatera Selatan di Provinsi Lampung". Universitas Ciputra.
- ↑ http://eprints.usm.my/35749/1/norfarizan_jurnal_pengguna_malaysia_%281%29.pdf
- 1 2 Hall, George M. (1997-07-31). Fish Processing Technology (ing basa Inggris). Springer Science & Business Media. kc. 61, 62. ISBN 978-0-7514-0273-5.
- ↑ Kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa) 2011:sv
- ↑ "Pengolahan Jamur Komersial, Jahe Instan, Ikan Asap, Telur Pindang" (PDF) (ing basa Indonesia). Jurusan Teknologi Pangan dan Gizi-IPB. kc. 103–104. Bogor. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2014-04-13.
- ↑ "Pindang | Definition of Pindang in KKBI". KBBI Online | Indonesian. Dibukak ing 2022-01-20.
- ↑ "Fish Handling, Preservation and Processing in the Tropics: Part 2 (NRI): Boiled fish products". www.nzdl.org. Dibukak ing 2020-10-02.
- ↑ Majid, Fadzilah Adibah Abdul. "Ikan Singgang Berkhasiat Sebagai Makanan Berfungsi Untuk Penjagaan Kesihatan" (ing basa Inggris). Diarsip saka sing asli ing 2024-07-09. Dibukak ing 2026-01-02.
{{cite journal}}: Cite journal requires|journal=(pitulung) - ↑ Eats, Indonesia (2013-02-03). "Indonesian Fish Brine Recipe (Ikan Pindang) » Indonesia Eats". Indonesia Eats (ing basa Inggris Kanada). Diarsip saka sing asli ing 2020-09-29. Dibukak ing 2020-10-01.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Thesis Archived 2022-03-09 at the Wayback Machine.
- Kajian Manajemen Pemasaran Ikan Pindang Layang di Kota Tegal
- Peningkatan Keamanan dan Mutu Simpan Pindang Ikan Kembung ... Archived 2014-04-08 at the Wayback Machine.. Jurnal
- Makalah Studi Pustaka Ikan Pindang