Menyang kontèn

Pasanggrahan Ambarketawang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Pasanggrahan Ambarketawang inggih menika papan kagem Pangéran Mangkubumi mesanggrah sawatawis wonten ing taun 1755 sabibaripun Prajanji Giyanti. [1] Tembung pasanggrahan saking basa Sansekerta inggih menika saking tembung grha ingkang gadhah artos griya utawi dalem. pasanggrahan menika wonten ing ngandhap Redi Gamping. Samenika, pasanggrahanipun wonten ing Gamping Tengah, Ambarketawang, Gamping, Sléman, Yogyakarta. Pasanggrahan menika ugi dipunsebat petilasan amargi tilas papan saking Pangéran Mangkubumi. Ananging wonten tiyang ingkang pitados menawi pasanggrahan menika ugi patilasan saking Sultan Agung.

Pasanggrahan Ambarketawang

Sajarah

[besut | besut sumber]

Pasanggrahan Ambarketawang menika gadhah sajarah ingkang panjang. Dipunwiwiti saking Kerajaan Mataram Islam (1582 M) inggih menika salah satunggaling kerajaan ingkang boten rentah dugi penjajahan Walandi wonten ing Nusantara.[2] Kadadosan Prajanji Giyanti dipunwiwiti saking Gègèr Pacinan 1740 M - 1746 M inggih menika kadadosan tiyang-tiyang Cina ingkang ngraman kaliyan pamaréntah. Pakubuwana II (1740 M) menika kirang saged mendhet kaputusan ingkang saé kagem Gègèr Pacinan menika. Saking kadadosan menika kathah tiyang ingkang séda, mlarat wonten pundi-pundi lajeng masarakat kantun 25% jiwa. Gègèr Pacinan menika lajeng dipunlampahi ngantos Kasunanan Surakarta menika dados alit tlatahipun. Pungkasanipun Kerajaan Mataram Islam badhe dipunkuwaosi kaliyan Mangkubumi. Ananging Mangkubumi kaliyan Radèn Said (1752 M) menika boten kagungan penggalih ingkang sami. Saéngga Nicholas Hartingh ngawontenaken parembagan antawisipun Mangkubumi kaliyan Radèn Said. Parembagan menika dadosaken Prajanji Giyanti. Isi saking Prajanji Giyanti inggih menika Kerajaan Mataram Islam dipunpalih dados kalih, Kasultanan Yogyakarta kaliyan Kasunanan Surakata. Mangkubumi menika dados raja ingkang kagungan asma Sri Sultan Hamengkubuwana I (kaping setunggal).

Kagem bangun kraton menika, Pangèran Mangkubumi kagungan panggalihan menawi bahan baku ingkang dipunbetahaken wonten ing Redi Gamping. Lajeng Pangèran Mangkubumi menika damel kraton alit (pasanggrahan) ingkang dipunagem kangem ngawat-awati pambangunan kraton. Pangèran Mangkubumi sampun kagungan panggalihan menawi kraton alit menika badhé risak amargi namung kraton sawetawis. Lajeng pambangunan Kraton Ngayogyakarta menika mundhut bahan baku saking séla gamping ingkang dipundadosaken semèn abrit. Pangèran Mangkubumi menika mesanggrah namung dugi Kraton Ngayogyakarta ngantos dados (namung setunggal taun). Salajengipun, Pangéran Mangkubumi menika dalemipun wonten Kraton Ngayogyakarta saéngga Pasanggrahan Ambarketawang dipuntilar.

Ambarketawang menika saking tembung "ambar" kaliyan "ketawang". "Ambar" tegesipun ganda ingkang wangi lajeng "ketawang" inggih menika awang-awang utawi langit. Dados tembung "ambarketawang" menika tegesipun ganda ingkang wangi wonten ing awang-awang. Ananging miturut masarakat, "ambarketawang" saking tembung "ambar" ingkang anggadhahi artos papan kaliyan "ketawang" menika saking tembung "tawang" (sawang) ingkang gadhah teges ningali. Dados "ambarketawang" menika gadhah teges papan ingkang kagem ningali (pembangunan Kraton Ngayogyakarta).[3]

Bangunan pasanggrahan Ambarketawang

Pasanggrahan menika wonten ing ngandhapipun Redi Gamping. Redi Gamping dados bètèng saking mengsah ugi kagem ngawat-awati pambangunan Kraton Ngayogyakarta saking inggilipun Redi Gamping. Wekdal menika Redi Gamping taksih kathah tetuwuhan, inggih menika wit deling kaliyan wit krambil. Redi Gamping inggih taksih wiyar. Ananging samenika Redi Gamping langkung alit.

Pasanggrahan Ambarketawang wujudipun kados loji, lajeng dipunubengi kaliyan parit ingkang dipunisi toya kaliyan dipundamel bètèng. Wiyaripun pasanggrahan inggih menika 12.000 m2. Ing lebet pasanggrahan wonten bangunan cepuri (bètèng lebet), kestalan (kandhang kapal), urung-urung (gorong-gorong) ingkang dipunagem dados margi kagem medal menawi wonten kadadosan darurat, kaliyan gedung kagem kréta lajeng dipunubengi bèteng jawi kaliyan parit. Gapuranipun wonten ing wétan.

Samenika Pasanggrahan Ambarketawang sampun risak kantun bètèng, pondasi, urung-urung (gorong-gorong), sumur, kaliyan kestalan utawi gedhongan. Ananging sedanten tilaran menika ugi sampun risak. Tirahan bangunan pasanggrahan samenika wonten ing kebonipun Bapak Mulyasuganda kejawi kestalan menika wonten jawinipun kebon. Kinten-kinten kebon menika gadhah wiyar 1890 m2. Bapak Mulyasuganda ngendika menawi saderengipun ingkang kagungan kebon inggih menika demang wonten Gamping. Lajeng kebon menika dipunwarisaken dhateng R.Ng. Pragota, kaliyan Bapak Mulyasuganda kebon menika dipunpundhut. Lajeng Redi Gamping menika sampun dados désa ingkang kathah griyanipun tiyang Gamping Tengah. Wit deling ingkang kathah menika sampun kantun sakedhik.

Kaginaan

[besut | besut sumber]
  1. Dados bètèng
  2. Dados kraton pasanggrahan
  3. Dados patilasan kraton pasanggrahan

Ingkang angka setunggal saged dipuntingali saking struktur bangunan menika. Pangéran Mangkubumi ingkang damel pasanggrahan sampun kagungan pandugi-dugi menawi Redi Gamping saged dados bètèng ingkang alami. Lajeng pasanggrahan menika ugi dipunbangun bèntèng malih, saperlu dados papan ingkang aman saking Walandi utawi bregada saking kerajaan sanès. Wonten ing jaman menika, kawontenan taksih dèrèng tentrem. Wonten ing Prajanji Giyanti ugi dipunsebutaken "Jinagang pager bumi, akawah kukuh bakuh" (dipunsukani urung-urung mubeng, wiyar kaliyan kiyat). Saking Prajanji Giyanti menika saged dipuntingali menawi kraton pasanggrahan dados bètèng kagem Sultan. Lajeng saking tembung "jinagang", masarakat menika ugi nyebut menawi pasanggrahan Ambarketawang gadhah nama sanès inggih menika Jagang Ambarketawang.

Ingkang sampun dipunsebutaken wonten ing nginggil, pasanggrahan menika papan kagem Pangèran Mangkubumi mesanggrah dugi setunggal taun. Piyambakipun mesanggrah saperlu ngawasi pembangunan Kraton Ngayogyakarta. Lajeng wonten ing dinten Kemis Paing tanggal 13 Sura Taun Jumadilakir 1682 utawi tanggal 7 Oktober 1756 Kraton Ngayogyakarta sampun dados. Lajeng Pangèran Mangkubumi ngawontenaken upacara jumenengan ngedhaton utawi mlebet dhateng kraton ingkang énggal dados. Upacara menika dipunpèngeti dados reca naga kekalih ingkang buntutipun sami gathuk. Reca menika wonten ing Gadhung Mlati kaliyan Kemagangan Kidul ingkang dipunwaos "dwi naga rasa tunggal" inggih menika sengkalan ingkang ngewrat artos 1682 (taun Jawi) utawi 1756 M.

Pasanggrahan Ambarketawang ingkang dados patilasan menika taksih dipunginaaken dugi samenika. Pasanggrahan menika dados papan mawi sajarah Hadeging Ngayogyakarta Hadiningrat, lajeng dados cagar budaya ingkang wonten ngandhapipun Balai Konservasi Sumber Daya Alam Sléman (Balai KSDA Sléman). Pasanggrahan menika ugi taksih dipunginaaken dugi Perang Dipanegara. Papan menika saged dados bètèng ingkang aman kagem jagi saking Walandi. Lajeng pasanggrahan menika ugi taksih dipunginaaken Sri Sultan Hamengkubuwana III kagem nglempakaken bregada saking Ambarketawang.

Legénda

[besut | besut sumber]

Kraton Pasanggrahan Ambarketawang menika gadhah legénda ingkang sampun misuwur wonten ing masarakat Gamping. Legénda menika cariyos babagan pangantèn kekalih ingkang séda amargi kenging séla gamping ingkang jugrug. Lajeng legénda menika dados ritual ingkang dipunwontenaken saben taun inggih menika ritual utawi upacara Bekakak. Menawi dipuntlusuri, cariyos menika gadhah kathah warni (vèrsi). Miturut masarakat Gamping, cariyos menika wonten kalih (2) warni ingkang sampun misuwur. Lajeng wonten ing UI (Universitas Indonésia) menika wonten setunggal serat (manuscript) ingkang anggadhahi isi babagan cariyos kadadosan upacara Bekakak. Naskah menika irah-irahanipun Cariyosipun Parèdèn Gamping.

Gunung Gamping.

Cariyosipun inggih menika Redi Gamping ingkang dipunpendhet sélanipun lajeng 'duka' amargi boten wonten sesaji kagem nggantos séla ingkang sampun dipunpendhet. Masarakat ingkang saged ningali jin ngendika menawi ingkang 'duka' inggih menika Nyai Gedé Polèng. Lajeng abdi dalem Sultan, asmanipun Nyai Wirasuta kaliyan Ki Wirasuta nyuwun pangèstu dhateng Sultan kagem mertapa wonten ing ngandhap Redi Gamping. Ananging Ki kaliyan Nyai Wirasuta menika kinging jugrugipun séla gamping. Sultan ingkang penggalihipun sisah lajeng dhawuh kaliyan abdi dalem sanès damel upacara Bekakak kagem pèngetan sedanipun abdi dalem kekalih menika.[4]

Wonten ing naskah Cariyosipun Parèdèn Gamping menika, abdi dalem kekalih ingkang séda lajeng badanipun ical boten saged dipunpanggihi kaliyan masarakat. Menika dadosaken masarakat kuwatos. Masarakat lajeng nyuwun pitulungan dhateng tiyang pinter ingkang kagungan asma Ki Demang. Ki Demang lajeng mertapa wonten ngandhap Redi Gamping. Saderengipun subuh, Ki Demang dipunpanggihi Ki kaliyan Nyai Wirasuta. Piyambakipun ngendika bilih Redi Gamping menika sampun tentrem, lajeng Ki Demang menika dipundhawuhi kagem damel upacara ingkang kedhah wonten tumbal pengantèn kekalih. Ki Demang menika boten sarujuk menawi tumbalipun manungsa. Lajeng Ki Demang kagungan penggalih menawi tumbal manungsa menika saged dipungantos dados bonékah ingkang dipundamel saking ketan kaliyan lebetipun dipunsukani juruh ingkang mawi warni abrit. Lajeng bonékah menika ingkang dipundadosaken tumbal.

Rèferènsi

[besut | besut sumber]
  1. Tim Balai KSDA.2017.Monolit Yogyakarta Gunung Gamping dari Kesultanan Menuju Konservasi.Yogyakarta: Balai KSDA Yogyakarta
  2. Mastingah.2010.Sekitar Perjanjian Giyanti 1755 M (Pecahnya menjadi Kasunanan Surakarta dan Kasultanan Yogyakarta).Skripsi.Fakultas Adab dan Ilmu Budaya.Universitas Islam Negeri Sunan Kalijaga: Yogyakarta.
  3. Sudarajat, Ajat,dkk.2007.Petilasan Kraton Pesanggrahan Ambarketawang Sebagai Media Pembelajaran Rekonstruksi Sejarah.Yogyakarta: Ilmu Sejarah FISE, Universitas Negeri Yogyakarta.
  4. Indah Kartika Ningrum.2011.Perkembangan Makna Simbolik Upacara Bekakak Saparan Gamping Ditinjau Dengan Teori Tahap-Tahap Kebudayaan Van Peursen.Skripsi.Tidak Diterbitkan.Fakultas Filsafat.Universitas Gadjah Mada:Yogyakarta.