Perpustakaan Vatikan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Perpustakaan Apostolik Vatikan
Bibliotheca Apostolica Vaticana
Emblem of the Papacy SE.svg
Melozzo da Forlì 001.jpg
Lukisan déning Melozzo da Forlì, 1477, ing Musiyum Vatikan
Nagara  Vatican City
TypePerpustakaan risèt
Diadegaké1475 (546 taun kapungkur) (1475)
Koordhinat41°54′17″N 12°27′16″E / 41.90472°N 12.45444°E / 41.90472; 12.45444Koordhinat: 41°54′17″N 12°27′16″E / 41.90472°N 12.45444°E / 41.90472; 12.45444
Kolèksi
Cacahé kolèksi
  • 75,000 manuskrip
  • 1.1 yuta buku
Informasi liya
DhirèkturJosé Tolentino de Mendonça
Lamanwww.vaticanlibrary.va
Map
Location on a map of Vatican City

Perpustakaan Vatikan (Latin: Bibliotheca Apostolica Vaticana) minangka perpustakaan Dhampar Suci kang mapan ing Kutha Vatikan. Perpustakaan Vatikan kalebu salah sijining perpustakaan paling tuwa ing donya lan nyimpen kolèksi penting ing tulisan sajarah. Perpustakaan Vatikan diadegaké kanthi resmi ing taun 1475. Kolèksi buku ing perpustakaan ana 75.000 buku. Mula-mula, Perpustakaan Vatikan iki dikenal minangka perpustakaan kang nyimpen manuskrip paling akèh ing donya. Perpustakaan Vatikan dadi gedhé amarga Paus Nikolas V tuku turahan saka perpustakaan kekaisaran Konstantinopel. Ing abad 21, perpustakaan duwé luwih saka 80.000 arsip manuskrip ing basa Latin lan Yunani.[1]

Wangunan[besut | besut sumber]

Perpustakaan Vatikan mapan ana ing njero Istana Apostolik lan para dhayoh bisa mlebu perpustakaan liwat gedhung Beldevere (Cortile del Belvedere). Nalika Paus Sixtus V (1585-1590) dhawuh supaya wangunan perpustakaan diambakaké lan ngadegaké wangunan anyar perpustakaan. Paus Sixtus ngadegaké wangunan telung tingkat ing sabrang Cortile del Belvedere. Ing ngisor undhak-undhakan gedhé ana patung Hippolytus kang mapan ana ing ngarep lawang aula kanggo mlebu ing La Galea.[2]

Ing ngisor uga ana papan kanggo nyimpen manuskrip, ya iku ing njero ruwang papirus. Ing tingkat siji perpustakaan, kasimpen laboratorium rèstorasi lan ing tingkat loro nyimpen arsip-arsip foto. Perpustakaan Vatikan duwé rak kang dawané 42 kilomèter (26 mil).[3] Taun 2007, Perpustakaan Vatikan ditutup kabèh amarga gedhung perpustakaan didandani suwéné 3 taun lan dibuka manèh ing 20 Sèptèmber 2010.[4]

Ing Sala di Consultazione utawa papan kanggo nyimpen rujukan utama ing Perpustakaan Vatikan ana patung Thomas Aquinas kang dipahat déning Cesare Aureli. Patung Thomas Aquinas uga ngadeg ana ing ngisor lawang kanggo mlebu ing Universitas Kepausan St Thomas Aquinas, Angelicum.[5]

Kolèksi[besut | besut sumber]

Kolèksi paling tuwa kang ana ing perpustakaan ya iku dokumen kang asalé saka abad kapisan. Perpustakaan Vatikan mulané diadegaké dadi perpustakaan manuskrip. Saiki perpustakaan nyimpen cacahé 75.000 manuskrip lan luwih saka 1,1 yuta buku cithak, lan 8500 inacubula (buku kang dicithak ing Éropa sadurungé taun 1501). Arsip rahasia kang kasimpen ing Vatikan dipisah saka perpustakaan wiwit abad 17. Salah sijining kolèksi perpustakaan kang paling misuwur ya iku Codex Vaticanus, ya iku manuskrip kitab suci kang pepak lan kalebu manuskrip paling tuwa. Sajarah Rahasia Procopius uga ditemokaké ing njero perpustakaan lan dibabar ing taun 1623. Perpustakaan Vatikan uga nyimpen 330.000 koin lan medali Yunani, Romawi, lan kepausan.[6]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Vatican Apostolic Library | library, Vatican City, Europe". Encyclopedia Britannica (ing basa Inggris). Dibukak ing 2021-04-29.
  2. Mendelsohn, Daniel. "God's Librarians". The New Yorker (ing basa Inggris). Dibukak ing 2021-04-29.
  3. Nibletto, Paolo Del (2014-05-06). "The Vatican Library CIO's sacred mission: To digitize everything | IT World Canada News". www.itworldcanada.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2021-04-29.
  4. "Vatican library reopens after 3-year restoration". NBC News (ing basa Inggris). Dibukak ing 2021-04-29.
  5. vaticana, Biblioteca apostolica (1893). Nel giubileo episcopale di Leone XIII. omaggio della Biblioteca vaticana XIX febbraio anno MDCCCXCIII (ing basa Italia). Tip. poliglotta della S. C. de prop. fide.
  6. "The Vatican Library and its History". www.ibiblio.org. Dibukak ing 2021-04-29.