Perang Paregreg

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Perang Paregreg
Titimangsa 1404-1406
Pernah Majapait, Jawa
Asil Majapait iring kulon menang, kaprajayané Bhré Wirabhumi minangka wadananing Majapait iring wétan
Péhak sing perang
Praja kulon Praja wétan
Manggala lan wadana
Wikramawardhana Bhré Wirabhumi
Kurban
Wadyabala Wadyabala, Bhré Wirabhumi lan kulawargané, uga caraka saka Cina sing nekani praja wétan.

Perang Paregreg (Jawa Kuna: parĕgrĕg) iku perang sadulur ing Majapait sing kadadeané ing taun 1404-1406. Perang iki minangka perang rebutan panerus kaprabon antarané praja kulon sing dipandhégani Wikramawardhana, karo praja wétan sing dipandhégani Bhré Wirabhumi. Perang iki njalari bencana, krisis, éwuhing praja, kakurasé bandha, lan marlesuning praja, sing dinuga nyebabaké susuté prabawaning Majapait ing taun-taun candhaké.[1]

Pamérang dadi praja kulon lan praja wétan[besut | besut sumber]

Pernahé Trowulan (punjering pamaréntahan Majapait)

Karajan Majapait diyasa ing taun 1293 déning Radèn Wijaya sing dibantu Arya Wiraraja (Bupati Madura). Awit saka pambiyantuné, ing taun 1295 Radèn Wijaya mènèhi Arya Wiraraja sapérangan Jawa Wétan sing sisih wétan, kalebu wewengkon Blambangan, déné Lumajang dadi kutha krajané.[1] Sasuwéné Radèn Wijaya kuwasa, Arya Wiraraja maréntah wewengkon sisih wétan mau kanthi tentrem minangka wewengkon bawahané Majapait, nanging uga duwé hak-hak tinamtu. Ing taun 1316, Jayanagara minangka putra lan turunané Radèn Wijaya kasil nglerem ontran-ontran sing didhalangi Nambi ing Lumajang. Nambi mono panerusé Arya Wiraraja. Saleremé ontran-ontran mau, wewengkon kulon lan wewengkon wétan ing Jawa Wétan manunggal manèh.

Miturut Pararaton, ing taun 1376 njedhul "sawijining gunung anyar" sing mratandhani wetuning karaton (punjering pamaréntahan) anyar minangka tandhinganing punjering pamaréntahan Majapait sing wis ana. Miturut babad saka Cina Ming, ing taun 1377 ana karajan swatantra cacah loro ing Tanah Jawa. Saben karajan mau ngirim caraka menyang Praja Ming. Praja kulon diratoni Wu-lao-po-wu lan praja wétan diratoni Wu-lao-wang-chieh.

Wu-lao-po-wu iku pocapan cara Cina saka Bhré Prabu, sing tegesé Hayam Wuruk (miturut Pararaton), déné Wu-lao-wang-chieh tegesé Bhré Wengker utawa Wijayarajasa, garwané Rajadéwi (buliké Hayam Wuruk). Wijayarajasa katon duwé pepénginan dadi ratuning Majapait. Sasurudé Gajah Mada, Tribhuwana Wijayatunggadéwi, lan Rajadéwi, dhèwèké mbangun praja wétan sing anyar ing Pamotan, mula ing Pararaton dhèwèké ajejuluk Bhatara Parameswara ring Pamotan.

Rebutan antarané Bhré Wirabhumi lan Wikramawardhana[besut | besut sumber]

Perang Paregreg iku digasah déning Bhré Wirabhumi. Jeneng asliné Bhré Wirabhumi ora dingertèni, déné Bhré Wirabhumi mono mung jejuluk sing tegesé Bhré saka Wirabhumi, sawijining praja bawahané Majapait sing mèmper karo laladan Blambangan ing "pojok kulon" Pulo Jawa. Miturut Pararaton, dhèwèké putrané Hayam Wuruk karo seliré, lan diangkat anak déning Bhré Daha (Rajadéwi), garwané Wijayarajasa. Ing tembé, Bhré Wirabhumi dhaup karo Bhré Lasem sang Alemu, putra èstriné Bhré Pajang (saduluré wadon Hayam Wuruk).

Miturut Nagarakretagama, garwané Bhré Wirabhumi nama Nagarawardhani, putra èstriné Bhré Lasem utawa uga tinelah Indudéwi. Indudéwi mono putra èstriné Rajadéwi lan Wijayarajasa. Mungguh ing bab iku, Nagarakretagama luwih mitayani tinimbang Pararaton amarga ditulis ing mangsané Bhré Wirabhumi isih urip. Ing jamané Hayam Wuruk lan Wijayarajasa madeg ratu, kekadangané praja kulon lan wétan digambaraké ora jenjem lan akèh pakéwuhé amarga Wijayarajasa minangka bapak maratuwané Hayam Wuruk.

Sasédané Hayam Wuruk ing taun 1389, kaprabon diterusaké déning ponakané uga mantuné nama Wikramawardhana. Ing praja wétan, sasurudé Wijayarajasa ing taun 1398, kaprabon diterusaké déning anak angkaté nama Bhré Wirabhumi sing uga garwané putuné wadon. Wirabhumi maréntah Karajan Blambangan déné Lumajang minangka kutha krajané. Sasédané Indudéwi, kalungguhané Bhré Lasem diwènèhaké marang putrané èstri nama Nagarawardhani, nanging Wikramawardhana uga maringaké gelar Bhré Lasem marang garwané nama Rani Kusumawardhani. Mulané, ing Pararaton ana Bhré Lasem cacah loro, ya iku (1) Bhré Lasem sang Alemu (Bhré Lasem sing Lemu) minangka garwané Bhré Wirabhumi lan (2) Bhré Lasem sang Ahayu (Bhré Lasem sing Ayu) garwané Wikramawardhana. Rebutan gelar Bhré Lasem iki njalari tuwuhé sulaya antarané praja wétan lan kulon nganti taun 1400 nalika Nagarawardhani lan Kusumawardhani séda. Wikramawardhana sakala nanggenah mantuné wadon dadi Bhré Lasem sing anyar, garwané Bhré Tumapel.

Perang Paregreg[besut | besut sumber]

Sawisé Bhré Lasem sing anyar tinanggenah, praja wétan lan kulon dadi cecongkrahan. Miturut Pararaton, ing taun 1402 Bhré Wirabhumi lan Wikramawardhana padha regejegan tumuli padha ilar-ilaran lan meneng-menengan. Ing taun 1403, lumantar totohan kuwasa sing ndrawasi Wirabhumi njaluk pitulungan militèr saka praja ing Cina kanggo nglawan praja Majapait (praja kulon).[1] Karajan ing Cina mau nanggapi lan ngakoni yèn wewengkoné Wirabhumi iku swatantra lan ora kabawah Majapait. Minangka ganjaran, Bhré Wirabhumi ngidinaké lambang, welingan, lan panji-panji liyané saka praja Cina mau ana ing wewengkoné.[1] Tumindaké iku njalari perang sing saya gedhé nama Perang Paregreg ing taun 1404. Ing basa Jawa Kuna, paregreg tegesé 'alon-alon' utawa 'baka lampah'. Tegesé mau nuduhaké yèn ana akèh perang antarané praja wétan lan kulon ing dalem rong taun. Kadhang kala perangé dimenangaké praja kulon lan kadhang kala dimenangaké praja wétan.

Wusana ing taun 1406, wadyabala saka praja kulon sing dipandhégani Bhré Tumapel, putrané Wikramawardhana, ngrancab karaton wétan. Bhré Wirabhumi teluk lan lumayu sarana prau ing wayah wengi. Dhèwèké dioyak lan diprajaya Radèn Gajah utawa Bhra Narapati, sing mawa gelar Ratu Angabhaya ing praja kulon. Radèn Gajah nggawa sirahé Bhré Wirabhumi menyang praja kulon (Trowulan). Bhré Wirabhumi bakal dikramataké ing Candhi Girisa Pura sing kapernah ing laladan Lung.

Temahan[besut | besut sumber]

Sateluké Bhré Wirabhumi, praja wétan lan praja kulon manunggal manèh. Mangkonoa, cecongkrahan kapungkur sing suwé lumakuné njalari Majapait ibut dhéwé lan kélangan wewengkon-wewengkon bawahané ing sabrang. Baka siji bawahané Majapait ing sabrang utawa sajabané Pulo Jawa mardika dhéwé-dhéwé lan ora ngirim upeti manèh marang praja punjer tur Majapait iya wis ora bisa apa-apa kanggo ngukuhaké pranatané ing laladan-laladané sing uwal. In taun 1405, Bornéo Kulon malih kabawah praja saka Cina. Kajaba iku, ontran-ontran kalakon ing Palémbang, Malayu, lan Melaka sing ing tembé tuwuh dadi palabuhan gedhé tur mardika saka Majapait. Ing pasisir lor Bornéo, Karajan Brunéi uga mardika saka prabawa ing Jawa.

Kajaba iku, Wikramawardhana uga duwé utang sing akèh marang praja Ming ing Cina minangka tebusan tumrap patiné caraka-caraka saka Cina. Sasuwéné Perang Paregreg, sawenèh caraka saka Cina diutus déning Amral Cheng Ho saperlu nekani praja wétan, nanging padha katut ing tengahing paperangan. Watara 170 caraka saka Cina nemahi pati ing perang mau minangka kurban janggolan (collateral victims) sing njalari dukané Maharaja Ming ing Cina. Awit saka kadadéan iki, Wikramawardhana didhendha 60.000 tahil emas déning praja Ming. Nganti taun 1408, Wikramawardaha mung bisa mbayar 10.000 tahil. Wusana, Maharaja Yong Le ngapurani lan mbusak dhandhané mau amarga welasé marang Wikramawardaha. Lelakon mau kacathet ing bukuné Ma Huan asesirah Ying-yai-sheng-lan. Ma Huan mono cariké Cheng Ho.

Sabubaré Perang Paregreg, Wikramawardhana ngangkat Bhré Daha, putra èstriné Bhré Wirabhumi, minangka selir. Saka dhaupé iku lair Suhita sing ing tembé bakal munggah kaprabon minangka rani ing taun 1427 nerusaké Wikramawardhana. Ing jamané Suhita kuwasa, Radèn Gajah sing matèni Bhré Wirabhumi ditibani ukuman pati nalika taun 1433.

Perang Paregreg ing karya sastra Jawa[besut | besut sumber]

Perang Paregreg diéling-éling ing mémori kolèktif bebrayan Jawa. Sathukulé pamaréntahan-pamaréntahan Islam ing Jawa, irah-irahan bab Perang Paregreg muncul ing karya-karya sastra Jawa, kaya ta ing Serat Kandha, Serat Damarwulan, lan Serat Blambangan.

Miturut carita ing Serat Kandha, ana perang antarané Rani Kencanawungu minangka ratuning Majapait ing praja kulon lumawan Menak Jingga minangka ratuning Blambangan ing praja wétan. Menak Jingga ing wusana dipatèni Damarwulan, satriya utusaning Rani Kencanawungu. Minangka ganjaran, Damarwulan bakal didhaupaké karo Rani Kencanawungu lan dadi ratuning Majapait jejuluk Prabu Mertawijaya. Saka omah-omahé lair Prabu Brawijaya, ratuning Majapait sing pungkasan.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d Victor M Fic (2 Jan 2014). From Majapahit and Sukuh to Megawati Sukarnoputri. Abhinav Publications. k. 104. Dijupuk 16 December 2014. 

Kapustakan[besut | besut sumber]