Menyang kontèn

Pepojok

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
two line bent at a point
Pepojok ijo winangun saka tempuké sunar abang ing tata koordinat Kartesius

Ing géomètri, pepojok utawa sudut iku kawangun saka rong garis sing tempuk ing sawijiné titik. [1] Garis-garis sing tempuk iki diarani sisihé pepojok, lan titik papan tempuké diarani pongolé pepojok.[2] [3] Tetembungan pepojok digunakaké kanggo nuduhaké wujud géomètrisé (kaya pepojok siku, pepojok lancip, lsp) lan ukuran gedhéné (kaya 30 drajat, 90 drajat, lsp) minangka gunggung. Nanging ukuran pepojok kadhangkala digunakaké kanggo mbédakaké antarané wujud lan gedhéné pepojok. Pangukuran pepojok kanthi cara alaminé mesthi ndarbé gegayutan karo bunderan (circle) lan ubengan (rotation). Babagan iki asring digantha lumantar wusu bunderan sing punjeré ana ing pongol lan mapan ing antarané sisih-sisihé.

  1. Heath, Thomas Little; Heiberg, J. L. (Johan Ludvig) (1908). The thirteen books of Euclid's Elements. Cambridge, The University Press. kc. 176. A plane angle is the inclination to one another of two lines in a plane which meet one another and do not lie in a straight line.
  2. Hilbert, David. The Foundations of Geometry (PDF). kc. 9.
  3. Sidorov 2001