Paus Leo XIV
Praèn


Paus Leo XIV (lair minangka Robert Francis Prevost; 14 Sèptèmber 1955) iku sesirahé Gréja Katulik lan Ratuné Vatikan. Panjenengané kapilih dadi paus ing taun 2025 sajeroné konklaf ing tanggal 8 Mèi 2025, sawisé sédané Paus Fransiskus. Panjenengané iku paus kapisan sing lair ing Amérika Sarékat, lan kapisan sing ndarbèni kawarganegaran A.S. utawa Péru. Saliyané iku uga kapisan sing saka Ordho Santo Agustinus, lan kapindho saka bawana Amérika. Sing kapisan iku Paus Fransiskus sing digantèni.
Prevost lair ing Chicago lan tumuwuh ing Dolton, Illinois, cedhak Chicago. Dhèwèké dadi frater ing Ordho Santo Agustinus ing taun 1977 lan ditahbisaké dadi pastur ing taun 1982.