Menyang kontèn

Paul Giamatti

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Paul Giamatti (2025)

Paul Giamatti (lair 1967) iku sawijiné aktor Amérika Sarékat. Pamemulé sing ditampa kalebu Primetime Emmy Award lan telung Golden Globes, uga nominasi kanggo rong Academy Awards lan British Academy Film Award.

Sawisé sinau akting ing Yale School of Drama, dhèwèké tampil ing sawetara produksi teater. Giamatti miwiti debut Broadway minangka Ezra Chater ing drama Tom Stoppard Arcadia (1995). Mengko ing taun iku, dhèwèké main dadi Pendhéta Donald "Streaky" Bacon ing drama besutané David Hare ajudhul Racing Demon (1995). Dhèwèké bali menyang teater ing adhaptasi ulang Three Sisters (1997) karya Anton Chekhov lan The Iceman Cometh (1999) karya Eugene O'Neill.

Paraga film Giamatti sing paling misuwur yaiku ing Private Parts (1997), banjur paraga ing My Best Friend's Wedding (1997), Saving Private Ryan (1998), lan Man on the Moon (1999). Dhèwèké dilem kanggo paraga pokok ing American Splendor (2003), Sideways (2004), Win Win (2011), lan Private Life (2018). Dhèwèké uga tau main ing Planet of the Apes (2001), Robots (2005), The Illusionist (2006), Fred Claus (2007), The Ides of March (2011), 12 Years a Slave (2013), Saving Mr. Banks (2013), Love & Mercy (2014), lan Straight Outta Compton (2015). Dhèwèké wis éntuk nominasi Academy Award kanggo Aktor Panyengkuyung Apik Dhéwé kanggo perané minangka Joe Gould ing Cinderella Man (2005), lan Aktor Apik Dhéwé kanggo perané minangka guru sing ora marem ing The Holdovers (2023).

Ing télévisi, Giamatti main peran utama ing miniseri HBO John Adams (2008), sing éntuk pujian lan sawetara penghargaan kalebu Primetime Emmy lan Golden Globe. Dhèwèké mbintangi minangka Jaksa Agung AS Chuck Rhoades Jr. ing serial televisi Showtime Billions (2016–2023), lan éntuk nominasi Emmy kanggo perané minangka Ben Bernanke ing film HBO Too Big to Fail (2011), lan Harold Levinson ing serial ITV Downton Abbey (2013) lan peran sing padha ing Downton Abbey: The Grand Finale (2025). Dhèwèké maragakaké wong tuwa sing ditilar manten pacaré sérial antologi Netflix Black Mirror episode "Eulogy" (2025). Dhèwèké uga maragakaké Nus Braka:separo Klingon, seapro Tellarite ing sérial Paramount+ Star Trek: Starfleet Academy (2026–saiki).