Menyang kontèn

Patih Prabakesa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Patih Prabakesa iku sayektine Raden Brajalamatan kang diwisudha minangka pepatih ing Pringgadani

Patih Prabakesa iku patih ing Pringgadani, patihe Prabu Anom Kacanagara (Raden Gathotkaca). Raden Gathotkaca yen ana ing Ngamarta dadi senapati perang, nanging yen ana ing Pringgadani, ngratoni para buta Pringgadani.

Patih Prabakesa arang metu ing pakeliran. Metune mung ing lakon Gathotkaca Ratu lan Gathotkaca Gugur (Suluhan).

Ing lakon Gathotkaca Gugur, Patih Prabakesa kadhawuhan mandhegani wadyabala raseksa Pringgadani, ndherek perang Raden Gathotkaca, ngadhepi wadyabala Kurawa kang dipandhegani ratu Ngawangga Prabu Karna.

Wadyabala Kurawa padha nggawa obor, satemah paprangan kaya segara geni. Wondene wadyabala buta Pringgadani tanpa nggawa obor, awit para raseksa iku yen ing wayah bengi kasektene luwih gedhe tinimbang ing wayah awan, lan tandang grayange luwih kebat, cukat, trengginas, trampil. Mula lakon Gathotkaca Gugur iki uga winastan suluhan.

Ngadhepi Gathotkaca kang bisa mabur, Prabu Karna rumaos kuwalahan. Rehne tekade suthik kasoran mungsuh Gathotkaca, Prabu Karna sigra matak aji Kalalupa. Dayane aji Kalalupa, saben wulu siji dadi buta siji, satemah paprangan kebak buta. Ditandhingi buta Pringgadani. Dadi perang ruket lan cokot-cokotan. Perange para buta mahanani bledug ampak-ampakan. Paprangan dadi peteng ndhedhet lelimengan.

Gathotkaca ora bisa ndulu endi mungsuh lan endi rowang. Awit saking sru (banget) dukane Raden Gathotkaca, sigra matak aji Esmugunting, sanalika awake Gathotkaca dadi wesi kabeh. Lan matak aji Narantaka. Kekuwatane Gathotkaca kaya gajah sewu bareng ngamuk, lan bobote pitung gunung waja. Kabeh buta kang nggawe petenge paprangan ditimblis, mati kabeh. Paprangan banjir getih sadhadha jerone, sarah bangke, ganggeng rambut, krikil untu. Patih Prabakesa melu mati katimblis Raden Gathotkaca.

Kapustakan

[besut | besut sumber]