Pasaran (dolanan)
Pasaran dolanan iku salah siji aran dolanan sing dilakokake dening bocah-bocah. Tembung pasaran dolanan iki ora ana gegayutan karo pasaran dina. Pasaran miturut bausastra nduweni teges sepisan: dina kang akehe ana lima (legi, Paing, Pon, Wage, Kliwon), kapindho: Mangsa (dina) ing pasar mbeneri rame, lan katelu: dolanan dol tinuku.[1]
Ing kene arep dirembug pasaran dolan kang dilakoni bocah-bocah, dolanan dol tinuku. Dolanan iki dolanan kang mbutuhke barang-barang kang ethok-ethok di dol. Dilakoni karo bocah loro utawa luwih saya akeh saya gayeng. Racake sing dolanan bocah wadon, nanging bisa uga dolanan dilakoni tumrap bocah lanang. Dolanan iki dolanan kang nggunake imajinasi lan kreativitas. Nalika dolanan dodol panganan lumrahe bocah methik godong utawa woh-wohan kanggo dodolan.
- godhong waru diremet-remet diwenehi banyu didadekne lengo klentik
- Tali putri dijumputi didadekne mie
- godong puring didadekne tempe
- lemah diwenehi banyu supaya saemper sambel kacang
- Duit racake saka godhong sak eneke
Dolanan iki saemper bermain peran/ Role Playing bocah ana kang dadi sing dodol ana kang dadi sing tuku. Racake bocah lanang dadi sing tuku.
Mupangat dolanan pasaran
- bocah bisa apik angone kekancan supaya ora asosial
- bocah uga pinter guneman public speaking
- bocah dadi kreatif lan imajinatif
- ↑ budiarto, budiarto (2025-09-27). "Bausastra". https://budiarto.id/bausastra/. Diarsip saka asliné 2025-02-11. Dibukak ing 2025-09-27.
{{cite web}}: External link in(pitulung)CS1 maint: bot: original URL status unknown (link)|website=