Menyang kontèn

Pasar Srowolan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pasar Srowolan

Pasar Srowolan (Carakan: ​ꦥꦱꦂꦱꦿꦺꦴꦮꦺꦴꦭ꧀ꦭꦤ꧀) yaiku bangunan los kebuka ngadhek saka lima jèjèr saka lor tekan kidul. Denah bentuk segi panjang, payon bentuk é pelana saka gendhéng. Gendhéng e nduwèni tutup gablé saka sèng gelombang ing loro pinggiran é.

Payon los Pasar Srowolan disangga déning enem cagak sing digawé saka wesi. saben rangka wesi disambung nganggo baut. adhedhasar prasasti kang katulis ing salah sawijining rangka wesi, wesi-wesi iki digawé déning pabrik baja Guttéhofnungshotté ing Jérman. Mléstèr los digawé saka bata sing dilapisi pléstèran semen kanthi dhuwur 35 cm saka lumahing lemah. Ing salah sijining los, ana lèmpèngan saka wesi sing katulis "“BRAAT SOERABAIA DJOCJA TEGAL SOEKABOEMI “".[1]

Bangunan Pasar Srowolan nggunakaké gaya arsitéktur tradhisional kanthi bahan bangunan modérn. [2]

Ing sisih kulon pasar, ana tilas kemantrén lan gudhang uyah sing saiki digunakaké dadi TK. Pasar Srowolan isih kairuwat kanthi apik, sanadyan ing taun 1970-an sémpét ngalami pérbaikan ing bagéan rangka payoné, lan kondhisi wesi wiwit karaten.[3]


Pasar Srowolan didegaké ing taun 1896 dening Kasultanan Yogyakarta bébarengan karo didegaké Kamantrén, kanthi dina pasarané tiba ing dina Wagé. Ing jaman biyén, pasar iki ramé dikunjungi amarga anané midhang, upacara tradhisional minangka wujud syukur amarga kabulé panyuwunan. Bangunan pasar sing ana saiki minangka asil pemugaran sing ditindhakaké dening Sultan Hamengkubuwana VIII ing taun 1921, digarap dening N.V. Contrutié Atéliér Dér Vorsténlandén Djogjakarta kanthi material saka N.V. Braat. biyén ana pédagang Tionghoa ing sisih kulon pasar, nanging wis ora dodolan manéh wiwit jaman Agrési Militér Bélanda II. [4]

Srowolan

[besut | besut sumber]

Srowolan iku salah sawijining padhukuhan cilik sing dumunung ing léréng Gunung Merapi, nanging bisa nduwéni péran pénting ing jaman pérjuangan. Padhukuhan iki kalébu ing wilayah Kalurahan Purwobinangun, Kabupatèn Sléman. Dunungé sing adoh saka raméné nandhakaké padhukuhan iki malah aktif ing perjuangan ngadhekaké cita-cita proklamasi. Dunungé padhukuhan sing adoh iki bisa nduwèni peran mempertahanaké kamardikan amarga ing kana ana pasar. Ing jaman Agresi Militér Bélanda II, pasar minéngka lembaga ékonomi, kagiatané mandheg total. bisa diarani pasar-pasar gedhé sing ana ing wilayah Sléman lumpuh. Pasar Srowolan bisa ngganti kedudukan pasar gédhé kasébut.

Panalitén iki nyoba ngungkapaké sawijining episodé silik saka séjarah lokal, utamané perané pasar Srowolan ing jaman Agrési Militér Bélanda II. Ing kajian ngenani pasar, penting banget kanggo nyoroti kondisi sosial-ékonomi masyarakat Srowolan. Kondisi sosial-ékonomi masyarakat saubeng pasar bisa dadi tolak ukur kanggo ngkaji perané pasar kasébut ing jaman perjuangan. Pasar Srowolan ing jaman perjuangan nduwéni péran minangka basis logistik, sarana pértukaran informasi, lan sarana mertahanké dhuwit. Aktivitas ing njéro Pasar Srowolan, kanthi ana hubungan timbal balik antarané masyarakat (sing ing njero Pasar Srowolan lan panuku) karo pedagang, antarané pédagang, utawa antarané panuku, ndhukung bangét péran kasébut ing jaman pérjuangan. [5]


Kahanan wewangunan

[besut | besut sumber]

Pasar Srowolan

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "JOGJACAGAR | Sistem Informasi Cagar Budaya". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-06-10.
  2. "JOGJACAGAR | Sistem Informasi Cagar Budaya". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-05-27.
  3. https://direktoribudaya.slemankab.go.id/detail/pasar-srowolan-2550. {{cite web}}: Missing or empty |title= (pitulung)[pranala mati permanèn]
  4. "Pasar Srowolan".[pranala mati permanèn]
  5. "Pasar Srowolan Di Sleman Pada Masa Agresi Militer Belanda II | Balai Pelestarian Nilai Budaya D.I. Yogyakarta" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2014-08-21. Dibukak ing 2025-06-10.