Menyang kontèn

Pasanggrahan Ngèksiganda

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Pasanggrahan Dalem Ngèsksiganda (Carakan: ꦥꦱꦁ​ꦒꦿꦃꦲꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦔꦺꦏ꧀ꦱꦶꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ) mapan ing Dhukuh Kaliurang Barat, Désa Hargabinangun, Kapanéwon Pakem, Kabupatèn Sléman. Wiwitané wangunan-wangunan ing jeron pasanggrahan iku kagungané wong Walanda. Nuli ing taun 1927 M dipundhut déning Sri Sultan Hamengkubuwana VII lan didadèkaké minangka pasanggrahan. Ing taun 1948 M, dipigunakaké minangka papan rembugan Komisi Tiga Negara (KTN). Saka parembugan iku mau ngasilaké Nota Kaliurang.[1]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "JOGJACAGAR | Sistem Informasi Cagar Budaya". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-05-17.