Menyang kontèn

Pasanggrahan Ambarrukma

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Pasanggrahan Ambarrukma (Carakan: ꦥꦱꦁ​ꦒꦿꦃꦲꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦂꦫꦸꦏ꧀ꦩ) iku komplèks kang kadadèn saka sawetara wangunan cagar budaya, nanging saiki kang isih madeg namung ana wolung wangunan, yaiku Pendhapa, Parétan, Dalem Ageng, Balé Kambang, Slasar, Gandhok Tengen sarta sapérangan pager tuwin gapura.

Tata wewangunan

[besut | besut sumber]

Wangunan sing tasih ana lan diilangake amargi ana pembangunan hotel yaiku Gandok Kiwa lan Selasar wetan. Plaza Ambarrukmo dipunbangun ugi ngilangake pirangan wangunan lan ngetok separo Gandhok Tengen.[1] Liyane iku yo ana nemu Struktur Cagar Budaya nang ngajengane dalan Laksda Adi Sucipto. Mulane Pesanggrahan Ambrrukma iku komplek sing jembar ana wangunan-wangunan tasih utuh , yaitu:

  • Pendhapa menika wangunan kanthi arsitektur tradisional Jawa jenis Joglo. Duwuran gendèng brunjung, pananggap, lan èmpèr pada kepapat sisih, saha paningrat wonten ing tiga sisi kiwa - tengen lan ngajeng.
  • Dalem Ageng iku wangunan arsitektur tradisional Jawa sing dhapur griya limasan. Molonya membujur madep ngajeng lan wingking.
  • Paretan inggih menika bangunan ingkang wonten ing antawis Pandhapa dengan Dalem Ageng. Inggih menika Paretan amarga kangge ngendekake rata kuda ingkang dadi titihan jaman mbiyen. Papan mekaten kathah dipun panggihi wonten ing Dalem-Dalem Pangeran.
  • Bale Kambang iku wangunan ana atap tajug, nganggo wolu widang atap bentuke segitelu utawa dalam bahasa Jawa disebut kejen. ning wagian dhuwur sirep ana mahkota kaya wangunan nggo sirap tajug di Kraton Yogyakarta.
  • Selasar iku wangunan ngathuke Dalem Ageng karo Gandhok. wonten kalih selasar sing hubungke nDalem Ageng karo Gandhok Tengen.
  • Gandhok tasih nyisake Gandhok Tengen, wonten sisih kulon nDalem Ageng. Atap gandhok berbentuk limasan ana emper ten ngajeng. Gandhok iku wangunan ana bagian ruangan termasuk jeding/ kulah.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "JOGJACAGAR | Sistem Informasi Cagar Budaya". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-05-17.