Parusahan kirta
Parusahan kirta, parusahan prodhuksi, rumah prodhuksi, utawa studhio prodhuksi yaiku sanggar (studio) sing ngirta utawa gawé karya ing babagan kagunan pamentasan (seni pertunjukan), kagunan medhia anyar, filem, tivi, radhio, komik, kagunan interaktif, gim vidéo, sasana web, musik, lan vidéo. Parusahan iki kasusun saka para karyawan lan juru-juru tehnis kanggo ngirta karya kasebut. Asringé parusahan iki abebadan ukum lan lumaku minangka pambabar banijakarma (komersial).
Tetembungan parusahan kirta umumé diguna kanggo sakabehé wong sing kajibah ing perangan tehnis nalika ngirta karya, ora preduli bagéyan apa sing ditandangi, utawa wiwit kapan dhèwèké lumebu ing proyek. Contoné, ing pamentasan téater, pantha kirta (tim produksi) dudu mung kanggo kru sing ngemunah nalika wayah pentas, nanging uga juru kirta (produser), juru éntha (desainer), lan sutradhara téater.