Parembugan Naraguna:Hexy Nalavatie

Konten halaman tidak didukung dalam bahasa lain.
Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

PESANTREN LAN KESENIAN JAWA

Ing tahun 1978, setahun sakba’dane wafate Kyai Chudlori, Gus Muhammad ngulem-ngulem jatilan lan piro-piro tontonan kesenian rakyat Jowo kanggo melu bagian ning kataman. Masyarakat Tegalrejo banget kagete. Ananging, ora ono sing wantun tangled marang putusane Gus Muh niki. Kyai Thoyib nyarios, sak ba’dane adicoro kataman niku, enten perdebatan sengit ning kalangan poro kyai. Ananging malah podho tangled kalih Kyai Thoyib, sanes kalih Gus Muhe piyambak. Sanjange Kyai Thoyib, miturut kutipan saking Kitab Ihya ‘Ulumuddin karangan dening Imam Ghozali, “suwiji andheng-andheng ana ing praupane wong bakal dadiake praupane soyo ayu. Lamun praupane iku akeh labete bakal katon elek lan soyo elek.” Ajeng festival 1979, desa-desa kejawen akeh kang nyuwun kalih Gus Muh supados maringi pengaosan ing desane. Malah ana uga desa kang nyuwun pitulung dibangunake masjid ning desane. Sebab sing apik koyo ngono iku, akhire kalangan sing podho nentang wau niku dados mboten podho nentang malih. Dawuhe Gus Muh,” Dolanan jatilan sak karepmu, tapi ojo lali marang sholat.” Amarga iku, wis dadi kebiasaan masyarakat desa ning sekitar Tegalrejo sinau lan dolanan jatilan ning arep langgar sak ba’dane sholat jama’ah Dzuhur.

000---000---000

Ing suwiji dino, K.H. Hasyim Asy’ari angsal katah laporan saking masyarakat, masalah tontonan nnten Pondok Mojosari kang dianggep kirang sopan nten kalangan NU. Kados ngadaake tontonan wayang wong, kuda lumping, pencak, lan ketoprak kanggo ning acara muludan. Sak ba’adane rapat kalih poro kyai, akhire K.H. Hasyim Asy’ari mutusake bakal ngintun layang piyambak, sing isinepun kangge ngemutaken K.H. Zainuddin Mojosari. Nalikane layang iku bakal dikintunake, dalune niku Mbah Hasyim ngimpi sholat jama’ah kalih poro ‘alim ulama’. Sing getunake, kang dados imame niku K.H. Zainuddin Mojosari, K.H. Hasyim Asy’arine piyambak malah wonten nten shof wingking. Banjur, Mbah Hasyim mboten siyos ngintun layang maring K.H. Zainuddin .

000---000---000

Ulasan nten inggil wau meniko, dikutip saking buku ingkang judule Ngopi di Pesantren dening Thom Affandi (kaliyan Boso Indonesia), ngemutaken kulo nten cariyos poro walisongo. Kados pundi, menawi mpun katah nten cariyos poro walisongo niku, enten sunan sunan kang migunaaken seni budaya nten jawi niki. Sunan Bonang kalih gamelan bonange (alat musik), Sunan Kalijaga kalih wayang kulit, Sunan Kudus kalih sapine sing miturut masyarakat Kudus niku kewan suci, Sunan Drajat kang nyiptaake lagu Gendhing Pengkur. Lan taksih katah sunan lan para wali liyane kang ngagem kesenian rakyat ing ndalem dakwahe meniko.

000---000---000

BASA IBU[besut sumber]

Langkane wong sing bebasan ing jaman sakniki, dadiake bocah-bocah cilik podho ora biso basan. Amargi napa sakjane??? Ana piro-piro kemungkinan :

1. Katrok, ndeso, lan kuno.

Ing jaman modern niki, basa jawa dianggep katrok, ndeso, lan kuno. Tuladhane sing gampil niku jeneng undangane wong. Wong niku nek mpun gadah ponakan, jaman sakniki niku mboten purun ditimbali “bulik” utowo “paklik”. Luwih remene niku “tante/ante” utowo “om”. Malah sakniki ugo katah ngagem bosone wong kulon, “aunty” utowo “uncle”. Lah niki, wong jowone dhewe ngagem basane dhewe kok malah isin!!???

2. Boso utomo kang diagem nten sekolah niku boso Indonesia.

Ing suwiji dino, kulo takon marang bocah, “saget napa mboten?”. Si bocah wau malah plonga-plongo mboten mudeng/pirsha. Lajeng, pitakone tak ganti boso Indonesia, “bisa apa nggak?”. Nembe akhire gelem jawabi, “iya, bisa.” Sebab basa Indonesia kang digunaake dados boso utomo nten sekolah, akhire kegowo dadi kebiasaan nten umah ing sedino-dinone. Pancen basa Indonesia iku basa kang nyatuake kabeh boso nten Indonesia niki. Tapi, sakjane yo guru-guru ing Jawa sing ugo asline wong Jowo, ampun nyupeake marang boso Jowo utawa bebasan Jawi. Yen nalika taksih mulang/ngucal nten kelas, sekedhik-sekedhik lah enten boso Jowone. Kados pitakonan, “sampun dereng tugase?”, “sing dereng pirsha sing pundi?”, “ajeng nten pundi?”.

3. Bel sekolah sing bosone Arab Inggris.

Lah niki! Jamane serba elit, bel sekolah sing wis biso diagem otomatis biso nyetel dhewe kaliyan mpun terprogram nten komputer.

4. Aturan pondok / asrama.

Pondok-pondok / asrama kang gadahi aturan santrine niku kedah ngagem boso Arab Inggris, menawi derreng saget ngagem basa Indonesia mawon. Mboten pareng ngagem boso daerahe piyambak-piyambak. Pancen niate sae, supados nopo? Supados ngilangake roso ke-daerah-an, kaliyan diwiwiti roso nasionalisme. Boso Arab lan boso Inggris niku pancen boso kang universal, boso kang katah diagem ing dunyo iki. Enten tiyang kang ngendikan, “yen kowe pengen nguasani dunyo iki, mulo kowe kudu mahir ing loro boso iku.” Nanging, enten paribasan Indonesia “kacang lupa sama kulitnya”. Nah, dados ngoten niku mulo kito ampun nyupeake bosone piyambak. Kados ngeten, sesasi iku enten sekawan minggu. Minggu kaping siji boso Indonesia, minggu kaping pindo boso Arab, minggu kaping telu boso Daerah, lan minggu kaping papat boso Inggris, utowo saget ugo suwalike.

5. Coro ngasuh wong tuwo enom jaman saiki.

Jaman sakniki wong tuwo sing taksih enom utowo wong tuwo modern niku katah sing mboten sing dadosaken boso Jowo boso sedino-sedino ning umah. Awit bayi cilik mpun diajak gunemane niku yo ngagem boso Indonesia mawon, malah yen enten tambahan boso kang liyan iku ngageme boso Inggris.

6. Boso kang angel.

Akeh wong kang ora utowo dereng mahami boso Jowo amargi angel. Jarene. Opo maneh yen tetambahan kalih aksara jawane niku. Nyatane, boso Jowo niku boso kang asyik, uenak, tur ora ngapusi. Tulisane “ora” diwaose yo podho “ora”. Jujur tho?. Aksara jawa niku unik lan klasik coro wong modern-e kah. Garek kitone piyambak purun sinau boso Jowo napa mboten??? Napa taksih isin???


Nah, pramilo sebab mekaten, ayo ajak putro-putro kito ugo bocah-bocah nten sekitar kito sedoyo supados migunani boso Jowo. Sekedhik-sekedhik mboten napa-napa. Wong kulo piyambak dereng saget sak jero-jerone boso Jowo. Kulo piyambak yo taksih sinau sekedhik-sekedhik. Ampun sampe boso Jowo niku melu-melu diakui dening negoro liyan. Amargi, boso Jowo niku aset bongso Indonesia kang mboten saget dinilai ngagem napa-napa. Sebab napa? Sebab sakniki niku katah bocah-bocah luar negri kang podho kuliah nten Indonesia, khususipun nten Jawi niki. Kados, mahasiswa-mahasiswa pertukaran pelajar. Nten tivi mpun ditayangke, bocah-bocah wau niku podho ngelakoni teater ngagem boso Jowo Kromo. Milo, napa kito taksih isin ngagem boso Jowone piyambak???

000---000---000

NGRUSAK PAGER AYU[besut sumber]

Pemanasan global utawa basa wong kulone niku “global warming”, sing duweni makno munggahe hawa ning bumi mboh iku ning darat, laut, utowo udara sahinggo selot-selote bumi iki ngraosake panas kang soyo panas. Coro gampangeki tambah dino tambah panas. Amargi napa niki iku jal??? Miturut mbah Google enten pinten-pinten perkawis kang saget dadosaken panase bumi soyo panas, koyo tho:

 Model umah koco Ing jaman sakniki, katah gedung-gedung kang ngagem beling koco kangge tembok-temboke niku. Dados panase niku mboten saget keserep, nanging dadosaken cahaya panas wau mantul.

 Ngagem listrik kanthi boros

 Bahan bakar kendaraan Asep-asep kendaraan iku sing biso melu ngrusak ozon. Ozon iku kados payunge dunyo iki. Yen payunge enten sing bolong utowo rusak, napa taksih saget jagani sing sakmestine dijagani dening payung iku?

 Polusi udara saking industri lan pabrik

 Alas kang gundul Wit-witan iku sing mproduksi utawa ngasilake oksigen kang dibutuhake nalikane ambekan. Menawa wit-witan ora ono, mboh iku sebab dibakar utowo dirusak, koyo opo jal dadine?

Amargi sebab-sebab mekaten wau niku saget nimbulake dampak-dampak kang mboten sae, kados:

 Howo dunyo kang soyo panas

 Banyu laut kang soyo munggah

 Katahe perkawis kekeringan

 Bencana keluwean

 Pirang-pirang wernane penyakit podho metu

 Pirang-pirang spesies makhluk kang urip iku podho mati

Nah, wau iku sebagian ulasan cekak tentang “pemanasan global”. Soko ulasan iku, kito saget mirsani yen subjek kang dadi pengrusake iku yo menungsone piyambak. Mulo, “pemanasan global” iki ing paribasan Jowone niku “ngrusak pager ayu”. Amargii nopo? Amargi kahanan sing semestine dijogo malah podho dirusak. Sejatine menungso iku خليفة الارض kang duweni maksud supados saget jagani bumi saking pinten-pinten keelekan. Gusti Allah mpun maringi titipan sing rupane alam jagat raya dunyo iki mung kanggo makhluke sing jenenge menungso. Mulo kito sedoyo kedah jagani titipan saking Allah S.W.T. Kados ugo Bapak Presiden Jokowi. Nang opo Bapak Presiden kok malah mbagiake hadiyah kang rupane pit (sepedha)? Nang opo mboten sepedha motor mawon? Amargi sakniki mpun katah sanget wong kang migunaake sepedha motor. Kados pundi ulasan nten inggil iku mpun njabarake perkawis kang “ngrusak pager alam” niki, salah suwijime asep polusi saking kendaraan. Mulo Bapak Jokowi bagiaken hadiyah sing rupane pit (sepedha).

PRANOTO ADICORO PENGAOSAN JAM’IYYAH[besut sumber]

السلام عليكم ورحمةالله وبركاته

الحمدلله رب العالمين وبه نستعين على امورالدنيا والدين والصلاة والسلام على اشرف الانبياء والمرسلين سيدناومولنامحمد وعلى اله وصحبه اجمعين . امابعد.

Wonten ngarsonipun, poro ibu Nyai, poro sepuh pinisepuh sesepuh. Ingkang kulo hormati soho ingkang kito ajeng-ajeng nasihat pituturipun soho barokah do’a restunipun.

Poro rawuh sedoyo ibu-ibu muslimat ingkang kulo hormati.

Sepindah, monggo kito ngaturaken puji syukur kehadirat Allah S.W.T. بقولناالحدلله رب العالمين gegayutan kelayan hidayah lan taufik soho nikmat saking Allah Ta’ala, sahinngo kito saget kempal nten mriki dalam rangka Pengaosan Pahingan. Dalah Jum’at Pahing meniko wonten ing kelompok Masjid Jami’ Al-Husein mriki. Mugi-mugi hadir kulo lan panjenengan sami meniko wonten ing majlis ingkang mubarok Pengaosan Pahingan meniko, kito saget mundhut hikmah pengaosan ingkang wonten labetipun sehinggo saget kangge bekal gesang supados kito slamet ing dunyo ugi wonten akhirat mbenjang. Allahumma Aamin.

Sholawat soho salam mugi tansah katur dateng junjungan kito Gusti kanjeng Nabi Mhammad S.A.W. بقولنا اللهم صل على سيدنامحمد ingkang mugi-mugi kito angsal syafa’atipun mbenjang wonten ing yaumil qiyamah.

Poro rawuh ingkang kulo hormati, wonten mriki kulo kajibah dados pranoto adicoro, mulo kulo waosaken runtutipun adicoro :

Sepindah Pembukaan

Kaping Kalih Waosan Ayat-ayat suci Al-Qur’an ingkang mangke dipun terasaken waosan Sholawat Nabi

Kaping Tigo Sambutan-sambutan

Ingkang Sekawan Mauidhoh Hasanah

Kaping Gangsal Do’a Penutup


Poro rawuh ingkang kulo hormati, monggo kito ngancek acara ingkang sepindah Pembukaan kanthi sareng-sareng maos ummul kitab. Al-Fatihah.

.............

Maturnuwun, mugi-mugi kanti wasilah Surat Al-Fatihah kolo wau, acara demi acara saget berjalan kanthi lancar, mboten wonten alanganipun. Allahumma Amin.

Ngancek adicoro kaping kalih, waosan ayat-ayat suci Al-Qur’anul Karim ingkang dipun terasaken waosan sholawat badar. Inggih meniko badhe dipun aturaken dening Ibu Ustadzah Izza Yusriyah. Wekdal lan panggenan kawulo aturaken. Sumonggo.

..................

Maturnuwun . Mugi-mugi waosan Al-Qur’an soho sholawat meniko dados padangin ati kito tansah ngendelake taqwa kito dateng Gusti Allah.

Adicoro ingkang kaping tigo, Sambutan-sambutan. Sambutan ingkang sepindah, Ibu Hj. Muripah, atas name Pimpinan Muslimat NU ranting Jenggot. Wekdal lan panggenan kulo sumonggoaken.

..................

Matur nuwun. Sambutan saklajengipun, badhe dipun aturaken dening Bapak Lurah Jenggot, H.Taibin. Wekdal lan panggenan kulo aturaken.

...................

Maturnuwun. Sambutan sakterasipun saking pengurus Masjid Jami’ Al- Husein, Al-Ustadz Ahmad Zahir Akrom. Wekdal lan panggenan kawulo aturaken. Monggo.

.....................

Maturnuwun. Ngancek acara inti, Mau’idhoh Hasanah ingkang badhe dipun aturaken dening Al-Mukarromah Ibu Nyai Hj. Falasifah binti K.H. Syu’bi Alwi. Dumateng Ibu Nyai Hj. Falasifah, kulo sumonggoaken. Allahumma Sholli ‘ala Sayyidina Muhammad.

.....................

Maturnuwun dumateng Ibu Nyai Hj. Falasifah. Sakterasipun, acara pamungkas, Do’a Penutup, dipun suwun dipun pimpin Al Mukarromah Ibu Nyai Hj. Khuriyah. Sumonggo.

....................

Poro rawuh mekatenlah akhir saking do’a penutup, milo berakhir pula acara Pengaosan Pahingan wonten mriki. Atas nama kulo piyambak, kawulo ngaturaken sedoyo lepat seh pangapunten.


والله الموافق الى اقوم الطارق

والسلام عليكم ورحمةالله وبركاته

Dipunaturaken sugeng kundhur.


000---000---000