Menyang kontèn

Panyinggahan Mega

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Panyinggahan mega, (penyimpanan awan) yaiku modhel panyinggahan data komputer minangka data diarani disinggahaké ing dhuwur "mega", ateges data disimpen jarak adoh ing kolam sing bisa diakses naraguna lumantar sawijining jaringan, lumrahé internèt. Panyinggahan fisiké kasusun saka sawatara server (kadhangkala dumunung ing maneka papan panggonan), lan kupengan fisik iku racaké didarbeni uga ditata marang panyedhiya leladi komputasi mega.

Panyedhiya iki duweni tanggung jawab ngreksa data murih sumadya lan bisa kaakses, uga kupengan fisiké tansah aman, kaayoman, saha lumaku. Uwong lan parusahan biasané tuku utawa nyewa leladi panyinggahan iki kanggo nyimpen data naraguna, parusahan, utawa pangetrapé (aplikasi).

Leladi panyinggahan data bisa kaakses lumantar leladi komputasi mega gabungan (colocated cloud computing), sawijining leladi web mukantara pamrograman pangetrap (API) utawa dening pangetrap sing migunani API kasebut, kayata panyinggahan dhestop mega, <i>gateway</i> panyinggahan mega, utawa sistem manajemen konten adedhasar Web.