Menyang kontèn

Panumpang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Panumpang prau ing Dèlta Danube, 2008
Panumpang ing gerbong dhadar sepur Amtrak San Joaquin
Panumpang numpak sepédha

Panumpang yaiku wong sing lelunga nggunakaké tetumpakan, nanging ora kajibah nglakokaké tetumpakan kasebut menyang tujuané, [1] lan uga dudu awak sing leladen. Tetumpakan iki bisa arupa sepédha, bis, montor, sepur panumpang, montor mabur, prau, kapal feri, prau pribadhi, wahana manèka medhan, montor salju, utawa tetumpakan liya.

Awak (yen ana), uga sopir (kalebu pilot), umumé ora dianggep panumpang. Tuladhané, pramugari ing maskapé pamaburan ora kalebu panumpang yen isih nindakaké dhines. Samana uga wong-wong sing nyambut gawé ing pawon utawa restoran ing kapal, lan karyawan reresik. Nanging karyawan sing numpak montor parusahan sing disetir wong liya dianggep panumpang, sanajan montor kasebut diguna kanggo urusan parusahan.

  1. "passenger". Cambridge Dictionary. Cambridge University Press & Assessment. Dibukak ing 1 February 2025.