Woh Kakao

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Woh coklat ing macem-macem kondisi kadewasan
Buah coklat sing dibedhah, nuduhake wiji sing isih kebungkus ing pulp
Kacang coklat sadurunge nggoreng
Kacang buncis coklat sing wis digulung nganggo kulit peeling

Woh kakao utawa wiji soklat ya iku wiji wit kakao ( Theobroma cacao ) sing wus liwat proses fermentasi lan panggaringan lan bisa diproses.[1] Woh Kakao yai ku bahan dhasar coklat lan masakan tradisional Mesoamerik kaya ta tejate .

Woh kakao iku nduweni kulit kang kandel, sawatara 3 cm. Daging woh sing sinebut pulp ora dimupangataké. Pulp iki ngandhut gula lan ambiyantu proses fermentasi woh kakao. Saben woh kakao ngandhut 30 nganti 50 wiji. Warna wiji sadurungé proses fermentasi lan pangggaringan putih, banjur dadi warna abang semu ungu utawa coklat. Kajaba kanggo manéka warna saka Peru, warna wiji tetep putih sanajan wis liwat ing proses fermentasi lan pangaringan.[2][3] Kakao bisa dibudidaya ing jero alas, saengga nggawé kakao minangka produk alas non kayu .[4]

Sejarah[besut | besut sumber]

Kakao wit asli saka bawana Amerika, peneré ing sikil gunung Andes ing lembah Kali Amazon lan Orinoco, Amerika Kidul.. anaging, duwé kemungkinan wit kakao wis nyebar amba ing Amerika Tengah. Apakaryan saka lempung kanthi tanggal 1400-1500 sadurung masehi sing ditemokaké ing situs pandhudhuk situs arkeologi kang nduweni tolas endapan kang kuwat. Kajaba iku, daging pulp coklat manis digawé fermentasi supaya bisa ngombe.[5] Wiji soklat uga minangka dhuwit nalika kuwi.[6]

Kakao minangka komoditas wigati kanggo komunitas Meso Amérika sadurungé tekané Columbus. Hernán Cortés sakwisé ana ing wayah ditaklukaké Meksiko, ngandharaké yèn Moctezuma II, raja Aztec tansah ngombé coklat kang diwenehi vanila lan rempah-rempah kanggo ngancani mangané. Dikira-kira raja ngombe kurang luwih 60 wedang sokelat saben dinané, lan uga ana 2000 wedang kanthi pepanthan kulawarga bangsawan ing dhaerah kraton[7] Theobroma kang genus saka wit soklat duweni teges panganan para dewa.

Coklat ditepangake ing Eropahnjelajah Spanyol lan dadi ombenan misuwur nalika pertengahan abad kaping 17.[8] tuwuhan soklat digawa lan dibudidaya dadi koloni bangsa Eropa kaya ta Asia Tenggara lan Afrika Kulon.

Kacang buncis, ing Cunday, Kolombia

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Pharmacognosy and Health Benefits of Cocoa Seeds, Cocoa Powder (Chocolate)
  2. Fabricant, Florence (2011-01-11). "Rare Cacao Beans Discovered in Peru". The New York Times. New York, New York: The New York Times Company. Dibukak ing 2014-02-01.
  3. Zipperer, Paul (1902). The manufacture of chocolate and other cacao preparations (édhisi ka-3). Berlin: Verlag von M. Krayn. kc. 14.
  4. Triadiati; Tjitrosemito, Soekisman; Guhardja, Edi; Sudarsono; Qayim, Ibnul; Leuschner, Christoph (2007). "Nitrogen Resorption and Nitrogen Use Efficiemcy in Cacao Agroforestry Systems Managed Differently in Central Sulawesi" (PDF). Hayati Journal of Biosciences IPB.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  5. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-01-24. Dibukak ing 2019-05-19.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  6. Wood, G.A.R.; Lass, R.A. (2001). Cocoa (édhisi ka-4th ed.). Oxford: Blackwell Science. kc. 2. ISBN 063206398X. {{cite book}}: |edition= has extra text (pitulung)
  7. Díaz del Castillo, Bernal (2005) [1632]. Historia verdadera de la conquista de la Nueva España. Felipe Castro Gutiérrez (Introduction). Mexico: Editores Mexicanos Unidos, S.A.. ISBN 968-15-0863-7. OCLC 34997012
  8. "Chocolate History Time Line". Dibukak ing 2007-11-08.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

[[Kategori:Alas]] [[Kategori:Wit Coklat]]