Naraguna:Mahali syarifuddin/Kothak wedhi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sampel teks aksara Jawa dengan alih aksara secara kasar ke aksara Latin di sampingnya.

Contoh 1. Serat Rangsang Tuban[besut | besut sumber]

꧋ ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦫꦁꦱꦁ​ꦠꦸꦨꦤ꧀ Serat Rangsang Tuban
꧋ ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦫꦁꦱꦁ​ꦠꦸꦨꦤ꧀ ꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦤꦒꦫꦶ​ꦠꦸꦨꦤ꧀ ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦱꦁ​ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦮꦫꦶꦃ​ꦏꦸꦯꦸꦩ​ꦱꦂꦠ​ꦯꦁ​ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦢꦶꦦꦡꦶ​ꦲꦟꦺꦴꦩ꧀ ꦮꦂꦰ ꦏꦸꦯꦸꦩ꧈ ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦠꦩꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈ ꦥꦼꦛꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦱꦼꦫꦠ꧀ ꦮꦺꦢ꧀ꦝꦥꦫꦪ꧈ ꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦼꦩ꧀ꦦꦸ​ꦩꦤ꧀ꦤꦼꦃꦓꦸꦤ꧀ꦤ​ꦲꦶꦁ​ꦤꦒꦫꦶ​ꦭꦩꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ Serat Rangsang Tuban, nyariyosaken lalampahanipun pangéran kakalih ing Nagari Tuban, ajujuluk Sang Pangéran Warih Kusuma sarta Sang Pangéran Adipati Anom, Warsa Kusuma, ngantos satamating cariyos. Peṭikan saking Serat Wédḍaparaya, anggitanipun Empu Manehguna ing Nagari Lamongan,
ꦏꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁ kaanggit déning
ꦏꦶ​ꦦꦢ꧀ꦩꦯꦸꦱꦱ꧀ꦠꦿ꧈ Ki Padmasusastra,
ꦠꦶꦪꦁ​ꦩꦂꦢꦶꦏ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦩꦂꦱꦸꦢꦶ​ꦏꦱꦸꦱꦱ꧀ꦠꦿꦤ꧀ꦗꦮꦶ Tiyang mardika ingkang marsudi kasusastran Jawi
ꦲꦶꦁ​ꦯꦸꦫꦏꦂꦠ꧈ Ing Surakarta,
ꦤꦭꦶꦏ​ꦠꦲꦸꦤ꧀ 1900 Nalika taun 1900
꧋ ꦏꦲꦼꦕꦥ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦥꦔꦼꦕꦥ꧀ꦥꦤ꧀ N.V. ꦧꦸꦢꦶ​ꦲꦸꦠꦩ Kaecap wonten ing pangecapan N.V. Budi Utama
ꦲꦶꦁ​ꦯꦸꦫꦏꦂꦠ꧈ Ing Surakarta,
1912. 1912.
꧋ ꦲꦶꦁ​ꦤꦒꦫꦶ​ꦠꦸꦧꦤ꧀ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦗꦸꦩꦼꦤ꧀ꦤꦼꦁ​ꦟꦡꦨꦶꦤ꧀ꦤꦛꦫ꧈ ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦦꦿꦨꦸ​ꦯꦶꦟ꧀ꦢꦸꦦꦡꦶ꧈ ꦲꦒꦼꦁ​ꦏꦫꦡꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦲꦔꦿꦺꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦫ​ꦫꦠꦸ​ꦲꦶꦁ​ꦔꦠꦱ꧀ꦲꦔꦶꦤ꧀ ꦲꦶꦁ​ꦧꦮꦃ​ꦲꦔꦶꦤ꧀ ꦯꦁ​ꦦꦿꦨꦸ​ꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦲꦔꦼꦭꦂ​ꦗꦗꦃꦲꦤ꧀ ꦩꦶꦱꦸꦮꦸꦂꦫꦶꦁ​ꦄꦱ꧀ꦩꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦺꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦗꦒꦢ꧀ ꦥꦫ​ꦫꦠꦸ​ꦱꦩꦶ​ꦱꦸꦪꦸꦢ꧀ꦱꦩꦮꦶꦠ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦭꦪꦤ꧀ꦏꦒꦼꦧꦒ꧀ꦲꦶꦁ​ꦥꦼꦫꦁ꧈ ꦲꦁꦒꦼꦥ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶ ꦲꦩ꧀ꦧꦛꦫ꧉ ꦯꦁ​ꦦꦿꦨꦸ​ꦤꦼꦔꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦏꦥꦿꦮꦶꦫꦤ꧀ ꦩꦶꦭ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦥꦫ​ꦲꦧ꧀ꦢꦶ​ꦱꦩꦶ​ꦲꦸꦭꦃ​ꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦏꦮꦿꦸꦃ​ꦥꦼꦫꦁ꧈ ꦲꦗꦶ​ꦗꦪ​ꦏꦮꦶꦗꦪꦤ꧀ ꦏꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦤꦸꦫꦒꦤ꧀ ꦱꦩꦶ​ꦠꦼꦒꦸꦃ​ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦠꦼꦝꦱ꧀ꦠꦥꦏ꧀ꦥꦭꦸꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦥꦟ꧀ꦝꦺ​ꦱꦶꦱꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦒꦸꦫꦶꦤ꧀ꦢ꧈ ꦭꦶꦩ꧀ꦥꦢ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦮꦺꦏ​ꦱꦸꦒꦶꦃ​ꦒꦼꦭꦂ​ꦥꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦼꦥ꧀ꦥꦶꦁ​ꦱꦠꦿꦸ​ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦚꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦩꦼꦁꦱꦃ꧈ ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦺꦥ꧀ꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦧꦾꦸꦲꦏꦭꦮꦼꦫꦶꦠ꧀ ꦲꦔꦺꦭ꧀ꦮꦼꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦥ꧀ꦥꦶꦁ​ꦏꦥꦿꦮꦶꦫꦤ꧀ ꦏꦱꦸꦢꦶꦫꦤ꧀ꦱꦂꦠ​ꦏꦮꦼꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦥꦱꦁ​ꦒꦼꦭꦂ​ꦮꦲꦸ꧇ ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦩꦶꦫꦶꦱ꧀ꦱꦶꦁ​ꦥꦫ​ꦫꦠꦸ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦱꦩꦶ​ꦏꦮꦼꦁꦏꦸ​ꦲꦶꦁ​ꦗꦗꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶ​ꦠꦸꦨꦤ꧀꧈ ꦒꦂꦮꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁ​ꦦꦿꦨꦸ​ꦱꦔꦁ​ꦢꦱ​ꦱꦔ꧈ ꦤꦔꦶꦁ​ꦥꦸꦠꦿꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁ​ꦏꦏꦭꦶꦃ​ꦱꦩꦶ​ꦏꦏꦸꦁ꧈ ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦱꦼꦥꦸꦃ​ꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦒꦂꦮ​ꦥꦔꦽꦩ꧀ꦧꦺ​ꦠꦸꦫꦱ꧀ꦱꦶꦁ​ꦦꦟ꧀ꦝꦶꦠ꧈ ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦤꦩ​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦮꦂꦫꦶꦃ​ꦏꦸꦯꦸꦩ꧈ ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦲꦤꦺꦩ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦒꦂꦮ​ꦥꦢ꧀ꦩꦶ​ꦥꦸꦠꦿꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦫꦠꦸ꧈ ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦤꦩ​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦮꦂꦰ​ꦏꦸꦯꦸꦩ꧈ ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦒꦶꦤ꧀ꦤꦝꦁ​ꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶ​ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦩ꧈ ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃ​ꦫꦸꦏꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦫꦤ꧀ ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦼꦥꦸꦃ​ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦪꦶ꧈ ꦱꦂꦠ​ꦲꦗꦿꦶꦃ​ꦲꦱꦶꦃ​ꦤꦫꦶꦩꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦊꦉꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤ꧀ꦤꦼꦁ​ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦮꦼꦮꦼꦁꦏꦸꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦥꦿꦗ꧉ ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦤꦺꦩ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦠꦽꦱ꧀ꦤ​ꦱꦲ​ꦫꦸꦩꦼꦁꦏꦸꦃ​ꦲꦒꦼꦁ​ꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦏ​ꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦩ꧈ ꦩꦶꦭ​ꦗꦸꦩꦼꦤ꧀ꦤꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦢꦶꦦꦡꦶ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦏꦼꦩꦺꦫꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦩ꧈ ꦱꦏꦶꦁ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦪꦶ​ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦏꦮꦼꦁꦏꦸ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦏ꧉ Ing Nagari Tuban, wonten ingkang Jumeneng Natabinaṭara, ajujuluk Prabu Sindupati, ageng karatonipun, angrèhaken para ratu ing atas angin, ing bawah angin, Sang Prabu tansah angelar jajahan, misuwuring asmanipun angébekti jagad, para ratu sami suyud samawita boten kalayan kagebag ing perang, anggepipun sami ambaṭara. Sang Prabu nengenaken kaprawiran, mila ingkang para abdi sami ulah kasampurnaning kawruh perang, aji jaya kawijayan, kadigdayan lan kanuragan, sami teguh timbul, boten wonten ingkang teḍas tapak paluning panḍé sisaning gurinda, limpad ing wiwéka sugih gelar paningkeping satru sekti boten kanyanan ing mengsah, sumerepipun sampun kasèp kalebet ing byuhakalawerit, angèl wenganipun, kontaping kaprawiran, kasudiran sarta kaweganing pasang gelar wau: adamel mirising para ratu ingkang dèrèng sami kawengku ing jajahanipun Nagari Tuban. Garwanipun Sang Prabu sangang dasa sanga, nanging putranipun namung kakalih sami kakung, ingkang sepuh mijil saking garwa pangrembé turasing Panḍita, kaparingan nama Radèn Warih Kusuma, ingkang anèm miyos saking garwa padmi putraning ratu, kaparingan nama Radèn Warsa Kusuma, punika ingkang ginaḍang anggentosi Karatonipun ingkang Rama, Radèn kakalih rukun anggènipun saduluran, Radèn sepuh sanget momong ḍateng ingkang rayi, sarta ajrih asih narimah ing pandum ingkang sampun dados leresipun jumeneng Pangèran Ageng dados wewengkuning praja. Radèn anèm sanget tresna saha rumengkuh ageng gunganipun ḍateng ingkang raka prasasat ḍateng ingkang rama, mila jumenengipun Pangéran Adipati boten adamel kemèronipun ḍateng ingkang rama, saking ingkang rayi rumaos kawengku ḍateng ingkang raka.
꧋ ꦯꦁ​ꦦꦿꦨꦸ​ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦥꦶꦉꦤ꧀ꦤ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦭꦶꦃ​ꦲꦔꦸꦤ꧀ꦤꦶꦔꦤ꧀ꦤꦶ​ꦫꦸꦏꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦥꦸꦠꦿ​ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦫꦤ꧀ ꦲꦕꦶꦥ꧀ꦠ​ꦧꦝꦺ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦧꦺꦏꦭ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦝꦸꦩꦮꦃ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦸꦠꦿ꧇ ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦯꦁ​ꦦꦿꦨꦸ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦫꦸꦢ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦠꦼꦥꦼꦠ꧀ꦱꦸꦕꦶ꧉ Sang Prabu sanget pirena ing galih hanguningani rukunipun ingkang putra anggènipun saduluran, acipta baḍé boten wonten sambékala ingkang ḍumawah ḍateng putra: bilih Sang Prabu sampun murud ḍateng tepet suci.
꧋ ꦗꦸꦩꦼꦤ꧀ꦤꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁ​ꦦꦿꦨꦸ​ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦥꦶꦏꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ 50 ꦠꦲꦸꦤ꧀ ꦢꦸꦩꦸꦒꦶ​ꦪꦸꦱ꧀ꦮ 75 ꦠꦲꦸꦤ꧀ ꦤꦟ꧀ꦝꦁ​ꦒꦼꦫꦃ​ꦱꦫꦶꦫ​ꦱꦢꦪ꧈ ꦯꦁ​ꦟꦡ ꦏꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦧꦝꦺ​ꦥꦸꦥꦸꦠ꧀ꦪꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦥꦸꦠꦿ​ꦱꦩꦶ​ꦲꦶꦔꦤ꧀ꦢꦏꦤ꧀ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦢꦒꦤ꧀ꦱꦩꦶ​ꦲꦔꦸꦗꦸꦁꦔꦶ​ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦩ​ꦱꦂꦠ​ꦱꦩꦶ​ꦭꦫ​ꦏꦫꦸꦤ꧀ꦤ​ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦤꦺꦠꦾꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦩ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦱꦮꦁ​ꦏꦸꦤ꧀ꦤꦂꦥ꧈ ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦩ​ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ​ꦭꦶꦫꦶꦃ꧇ ꦏꦸꦭꦥ꧀ꦱꦏꦫꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺ​ꦒꦼꦫꦃ​ꦲꦶꦁꦯꦸꦤ꧀ꦏꦪ​ꦮꦸꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫ​ꦮꦭꦪ​ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦲꦸꦱꦢ꧈ ꦲꦶꦁꦯꦸꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦏꦸꦩꦼꦏ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦠꦶ꧈ ꦱꦶꦫ​ꦱꦏꦫꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺ​ꦢꦶꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦱꦥꦸꦁꦏꦸꦂꦫꦶꦁꦯꦸꦤ꧀ ꦯꦁ​ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦱꦩꦶ​ꦕꦫꦺꦴꦕꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ ꦯꦁ​ꦦꦿꦨꦸ​ꦩꦥꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦱꦺꦢ꧈ ꦠꦔꦶꦱ꧀ꦒꦸꦩꦸꦫꦸꦃ​ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦥꦸꦫ꧈ ꦯꦁ​ꦦꦿꦩꦺꦯ꧀ꦮꦫꦶ​ꦱꦂꦠ​ꦥꦫ​ꦒꦂꦮ​ꦥꦔꦽꦩ꧀ꦧꦺ​ꦱꦩꦶ​ꦉꦩ꧀ꦥꦸ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦭꦶꦃ​ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦫꦏ​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦕꦺꦴꦥ꧀ꦭꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶꦁ​ꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦾ​ꦱꦏꦶꦁ​ꦲꦼꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈ Jumenengipun Sang Prabu antawis pikantuk 50 taun dumugi yuswa 75 taun nanḍang gerah sarira sadaya, Sang Nata karaos baḍé puput yuswanipun, ingkang putra sami ingandikan, wonten ing dagan sami angujungi sampéyanipun ingkang rama sarta sami lara karuna sumerep nétyanipun ingkang rama sampun asawang kunarpa, Ingkang rama angendika lirih: kulup sakaroné gerah Ingsun kaya wus ora waluya déning husada, Ingsun bakal kumeka ing pati, sira sakaroné dibecik sapungkuringsun, Sang Pangéran tansah sami carocosan, Sang Prabu mapat lajeng sèda, tangis gumuruh salebeting pura, Sang Pramèswari sarta para garwa pangrembé sami rempu ing galih koncatansih ing raka kados coploking sosotya saking embanan.
꧋ ꦠꦶꦝꦼꦩ꧀ꦩꦶꦁ​ꦥꦿꦗ​ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ 7 ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ ꦏꦂꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁ​ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦮꦫꦶꦃ​ꦏꦸꦯꦸꦩ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦪꦶ​ꦯꦁ​ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦢꦶꦦꦡꦶ​ꦮꦂꦰ​ꦏꦸꦯꦸꦩ​ꦏꦲꦁꦏꦠ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤ꧀ꦤꦼꦁ​ꦫꦠꦸ​ꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦩ​ꦱꦸꦮꦂꦒꦶ꧈ ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦩꦮꦶ​ꦥꦏꦸꦂꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁ​ꦱꦂꦠ​ꦩꦮꦶ​ꦏꦗꦼꦤ꧀ꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦥꦫ​ꦫꦠꦸ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦤꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦁ​ꦟꦡ꧈ ꦩꦶꦱꦸꦮꦸꦂꦫꦶꦁ​ꦄꦱ꧀ꦩꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁ​ꦦꦿꦨꦸ​ꦱꦲꦶꦫꦶꦧ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦩ꧈ ꦥꦶꦏꦼꦏꦃꦲꦶꦁ​ꦥꦿꦗ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦁꦒꦸꦭꦁꦔꦶꦁ​ꦩꦸꦁꦱꦸꦃ​ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦤꦩꦸꦁ​ꦯꦁ​ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦮꦫꦶꦃ​ꦏꦸꦯꦸꦩ꧉ Tiḍeming praja antawis 7 dinten, karsanipun Sang Pangéran Warih Kusuma ingkang rayi Sang Pangéran Adipati Warsa Kusuma kaangkat jumeneng ratu anggentosi ingkang rama suwargi, kalampahan mawi pakurmatan ageng sarta mawi kajenengan para ratu ingkang nunggil jaman kaliyan Sang Nata, misuwuring asmanipun Sang Prabu sahiriblan ingkang rama, pikekahing praja ingkang dados tanggulanging mungsuh sekti namung Sang Pangéran Warih Kusuma.
꧋ ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦁ​ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦮꦫꦶꦃ​ꦏꦸꦯꦸꦩ​ꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦩꦮꦶ​ꦏꦿꦩ꧈ ꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦥꦕꦁꦔꦤ꧀ꦱꦁꦏꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦠꦶꦩꦸꦂ​ꦏꦊꦉꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦏ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦧꦶꦧꦶ꧈ ꦏꦭꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦺꦫꦺꦢꦶꦮꦱ꧈ ꦱꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦼꦝꦼꦁ​ꦧꦶꦫꦲꦶ꧈ ꦏꦂꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁ​ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦧꦝꦺ​ꦔ꧀ꦭꦩꦂ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈ ꦥꦩꦶꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦪꦶ​ꦯꦁ​ꦦꦿꦨꦸ꧈ ꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦏꦂꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸ​ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈ ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁ​ꦮꦗꦶꦧ꧀ꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦒꦼꦱꦁ​ꦩꦮ​ꦏꦿꦩ꧈ ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦭꦁꦏꦸꦁ​ꦥꦼꦂꦭꦸ​ꦲꦔꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦮꦼꦭꦶꦁꦔꦶꦁ​ꦏꦏꦶ​ꦯꦁ​ꦦꦟ꧀ꦝꦶꦠ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦫꦸꦢ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦲꦶꦭꦁꦔꦤ꧀ ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦤꦕꦁ​ꦱꦁꦏꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦭꦫꦺ​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦺꦟ꧀ꦝꦁ​ꦮꦽꦱ꧀ꦡꦶ​ꦱꦸꦠꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦲꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦩꦸꦢꦭ꧀ ꦥꦠꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦲꦺꦟ꧀ꦝꦁ​ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦁ​ꦧꦶꦧꦶ꧉ ꦯꦁ​ꦦꦿꦨꦸ​ꦱꦉꦁ​ꦩꦶꦝꦔꦼꦠ꧀ꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦏ​ꦧꦝꦺ​ꦥꦭꦏꦿꦩ​ꦱꦏ​ꦭꦁꦏꦸꦁ​ꦥꦶꦉꦤ꧀ꦤ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦁꦒꦭꦶꦃ꧈ ꦭꦗꦼꦁ​ꦲꦝꦝꦮꦸꦃ​ꦏꦂꦱ​ꦔꦠꦼꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦶꦁ​ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦏ​ꦯꦁ​ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ ꦩꦼꦛꦸꦏ꧀ꦲꦺꦟ꧀ꦝꦁ​ꦮꦽꦱ꧀ꦡꦶ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈ ꦠꦶꦪꦁ​ꦱꦥꦿꦗ​ꦲꦺꦴꦠꦼꦂ​ꦱꦩꦶ​ꦠꦠꦠꦠ꧉ Kacariyos Sang Pangéran Warih Kusuma dèrèng mawi krama, kagungan pacangan sangkaning timur kaleresan ḍèrèkipun naksanak piyambak saking bibi, kala samanten dèrèng diwasa, sapunika sampun nèḍèng birahi, karsanipun Sang Pangéran baḍé nglamar ḍateng ingredi, pamit ḍateng ingkang rayi Sang Prabu, nyariyosaken karsanipun wau punika, awit boten namung wajibipun ingagesang mawa krama, ingkang langkung perlu angèstokaken piwelinging kaki Sang Panḍita ingkang sampun murud ḍateng ing jaman kailangan, yèn pinacang sangkaning laré kaliyan Ènḍang Wresti sutaning umbul mudal, patutan saking Éndang saḍèrèking bibi. Sang Prabu sareng miḍanget yèn ingkang raka baḍé palakrama saka langkung pirena ing panggalih, lajeng aḍa- ḍawuh karsa ngateraken piyambak ing tindakipun ingkang raka Sang Pangéran, meṭuk Ènḍang Wresti ḍateng ingredi, tiyang sapraja oter sami tata-tata.

Contoh 2. Sebuah artikel di Pusaka Jawi[besut | besut sumber]

꧋ ꦧꦧꦢ꧀ꦢꦶꦁꦏꦧꦸꦢꦪꦤ꧀ꦗꦮꦶ꧉ Babading Kabudayan Jawi
ꦱꦏꦶꦁ R. ꦢ꧀ꦮꦶꦗꦮꦶꦪꦠ꧉ Saking R. Dwijawiyata
VIII. VIII.
꧋ ꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦮꦶ​ꦠꦿꦶꦨꦸꦮꦤ​ꦠꦸꦁꦒꦢꦺꦮꦶ꧈ ꦠꦲꦸꦤ꧀ 1328 — 1350꧉ Majapahit jamanipun Dewi Tribuwana Tunggadewi, taun 1328 — 1350.
꧋ ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ ꦱꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁ​ꦥꦿꦧꦸ​ꦗꦪꦟꦒꦫ (ꦲꦶꦁ​ꦠꦲꦸꦤ꧀ 1328) ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦠꦶꦭꦂ​ꦥꦸꦠꦿ​ꦏꦏꦸꦁ꧈ ꦥꦿꦩꦶꦭ​ꦱꦥꦸꦤꦶꦏ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦮꦼꦮꦼꦤꦁ​ꦒꦸꦩꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁ​ꦤꦠ​ꦭꦗꦼꦁ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦧꦏ꧀ꦲꦪꦸ꧈ ꦲꦶꦁꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏ​ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦮꦶ​ꦓꦪꦠꦿꦶ꧈ ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦊꦉꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦮꦪꦃ​ꦥꦿꦧꦸ​ꦑꦽꦠꦤꦒꦫ꧈ ꦤꦠ​ꦲꦶꦁ​ꦱꦶꦔꦱꦫꦶ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦮꦼꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀ ꦲꦱ꧀ꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦮꦶ꧇ ꦠꦿꦶꦧꦸꦮꦤ​ꦠꦸꦁꦒꦢꦺꦮꦶ​ꦗꦪꦮꦶꦯ꧀ꦤꦸꦮꦂꦢ꧀ꦝꦤꦶ꧉ Kacariyos, sèdanipun Sang Prabu Jayanagara (ing taun 1328) boten atilar putra kakung, pramila sapunika ingkang kagungan wewenang gumantos jumeneng nata lajeng ingkang bak ayu, inggih punika putranipun Dewi Gayatri, dados kaleres ingkang wayah Prabu Kertanagara, nata ing Singasari ingkang wekasan, asmanipun Dewi Tribuwana Tunggadewi Jayawisnuwardani.
꧋ ꦢꦺꦮꦶ​ꦠꦿꦶꦧꦸꦮꦤ​ꦠꦸꦁꦒꦢꦺꦮꦶ​ꦮꦲꦸ​ꦲꦸꦒꦶ​ꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶ꧈ ꦱꦩꦶꦢꦺꦤꦺ​ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦮꦶ​ꦓꦪꦠꦿꦶ꧈ ꦲꦱ꧀ꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧇ ꦮꦶꦗꦪꦢꦺꦮꦶ​ꦲꦸꦠꦮꦶ꧇ ꦫꦗꦢꦺꦮꦶ​ꦩꦲꦫꦗꦱ꧉ Dewi Tribuwana Tunggadewi wau ugi kagungan saḍèrèk putri, samidéné putranipun Dewi Gayatri, asmanipun Wijayadewi utawi Rajadewi Maharajasa.
꧋ ꦲꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦺ​ꦱꦁ​ꦥꦿꦧꦸ​ꦠꦿꦶꦧꦸꦮꦤ​ꦠꦸꦁꦒꦢꦺꦮꦶ*) ꦝꦲꦸꦥ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀꧇ ꦕꦏꦿꦝꦫ​ꦲꦸꦠꦮꦶ​ꦫꦢꦺꦤ꧀​ꦏꦂꦠꦮꦂꦢ꧀ꦝꦤ*) ꦢꦺꦤꦺ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦪꦶ꧇ ꦢꦺꦮꦶ​ꦮꦶꦗꦪꦢꦺꦮꦶ​ꦝꦲꦸꦥ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀​ꦫꦢꦺꦤ꧀꧇ ꦏꦸꦢꦩꦂꦠ​ꦲꦸꦠꦮꦶ​ꦫꦢꦺꦤ꧀꧇ ꦮꦶꦗꦪꦫꦗꦱ꧈ ꦲꦢꦶꦥꦠꦶ​ꦲꦶꦁ​ꦤꦒꦫꦶ​ꦮꦼꦁꦏꦼꦂ꧉ Ing tembé sang Prabu Tribuwana Tunggadewi*) ḍaup kaliyan Radèn Cakraḍara utawi Radèn Kartawardana*) déné ingkang rayi Dewi Wijayadewi ḍaup kaliyan Radèn Kudamarta utawi Radèn Wijayarajasa, adipati ing Nagari Wengker.
꧋ ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦂꦠꦮꦂꦢ꧀ꦝꦤ​ꦢꦺꦮꦶ​ꦠꦿꦶꦧꦸꦮꦤ​ꦠꦸꦁꦒꦢꦺꦮꦶ​ꦥꦸꦥꦸꦠꦿ​ꦏꦭꦶꦃ​ꦏꦏꦸꦁ​ꦥꦸꦠꦿꦶ꧈ ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦱꦼꦥꦸꦃ​ꦲꦱꦶꦱꦶꦭꦶꦃ​ꦫꦢꦺꦤ꧀꧇ ꦲꦪꦩ꧀ꦮꦸꦫꦸꦏ꧀ ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦲꦼꦤꦺꦩ꧀ꦢꦺꦮꦶ꧇ ꦆꦱ꧀ꦮꦫꦶ꧉ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺ​ꦢꦺꦮꦶ​ꦮꦶꦗꦪꦢꦺꦮꦶ​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦮꦶꦗꦪꦫꦗꦱ​ꦤꦩꦸꦁ​ꦥꦠꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶ​ꦲꦱꦶꦱꦶꦭꦶꦃꦢꦺꦮꦶ​ꦆꦤ꧀ꦝꦸꦢꦺꦮꦶ꧉ Kaliyan Radèn Kartawardana Dewi Tribuwana Tunggadewi puputra kalih kakung putri, ingkang sepuh asisilih Radèn Hayamwuruk, ingkang enèm Dewi Iswari. Wondéné Dewi Wijayadewi kaliyan Radèn Wijayarajasa namung patutan satunggal miyos putri asisilih Dewi Inḍudewi.
  • ) ꧋ ꦲꦶꦁ​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦩꦂꦮꦸꦭꦤ꧀꧇ ꦢꦺꦮꦶ​ꦠꦿꦶꦧꦸꦮꦤ​ꦠꦸꦁꦒꦢꦺꦮꦶ​ꦏꦤꦩꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀꧇ ꦥꦿꦧꦸ​ꦏꦼꦚ꧉ ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦂꦠꦮꦂꦢ꧀ꦝꦤ​ꦏꦤꦩꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦩꦂꦮꦸꦭꦤ꧀꧈
*) Ing Serat Damarwulan, Dewi Tribuwana Tunggadewi kanamakaken Prabu Kenya. Radèn Kartawardana kanamakaken Radèn Damarwulan.

Contoh 3. Kitab Jayabaya[besut | besut sumber]

ꦥꦔꦼꦂꦠꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺ​ꦲꦏꦺꦃ​ꦲꦏꦺꦃ​ꦱꦸꦥꦪ​ꦲꦗ​ꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦱꦶꦪ꧈ ꦩꦼꦁꦏꦺꦤꦺ​ꦏꦟ꧀ꦝꦤꦺ꧇ ꦏꦪꦠ​ꦏꦺꦴꦮꦺ​ꦚꦸꦮꦺꦏ꧀ꦕꦁꦏꦼꦩ꧀ꦕꦼꦕꦏ꧀ꦲꦸꦠꦮ​ꦩꦶꦭ​ꦫꦭꦶꦪꦤꦺ꧈ ꦏꦸꦮꦶ​ꦔꦁꦒꦺꦴ​ꦠꦼꦥꦏ꧀ꦤ​ꦲꦮꦏ꧀ꦩꦸ​ꦝꦺꦮꦺ꧈ ꦲꦸꦥꦩ​ꦕꦁꦏꦼꦩ꧀ꦩꦸ​ꦢꦶꦱꦸꦮꦺꦏ꧀ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧈ ꦲꦥ​ꦏꦺꦴꦮꦺ​ꦪ​ꦲꦺꦴꦫ​ꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ ꦢꦺꦤꦺ​ꦏꦺꦮꦤ꧀ꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦲꦺ​ꦲꦺꦴꦫ​ꦱꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦏꦸꦮꦶ​ꦫꦏ꧀ꦩꦸꦁ​ꦱꦏ​ꦲꦺꦴꦫꦤꦺ​ꦧꦶꦱ​ꦕꦠꦸꦂꦫꦤ꧀ꦧꦲꦺ꧈ ꦩꦸꦁꦒꦸꦃ​ꦧꦶꦱꦲ​ꦧꦱ​ꦩꦤꦸꦱ​ꦩꦼꦰ꧀ꦛꦶꦤꦺ​ꦲꦺꦴꦫ​ꦧꦺꦢ꧈ ꦏꦫꦺꦴꦢꦺꦤꦺ​ꦩꦤꦺꦃ꧈ ꦮꦺꦴꦁ​ꦏꦁ​ꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦩꦸꦁ​ꦕꦼꦕꦏ꧀ꦱꦶꦗꦶ꧈ ꦗꦼꦧꦸꦭ꧀ꦕꦼꦕꦏ꧀ꦏꦁ​ꦲꦏꦺꦃ​ꦲꦏꦺꦃ​ꦭꦶꦪꦤꦺ​ꦠꦼꦏ​ꦩꦶꦭꦸ​ꦏꦺꦴꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦠꦏꦺ꧈ ꦲꦸꦥꦩ​ꦏꦁ​ꦏꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦲꦸ​ꦮꦺꦴꦁ​ꦱꦶꦗꦶ꧈ ꦲꦥ​ꦮꦺꦴꦁ​ꦱꦗꦒꦢ꧀ꦏꦊꦧꦸ​ꦏꦺꦴꦮꦺ​ꦝꦺꦮꦺ​ꦪ​ꦏꦸꦢꦸ​ꦢꦶꦲꦸꦏꦸꦩ꧀ ꦲꦶꦏꦸ​ꦥꦤꦼꦩꦸ​ꦲꦤꦺꦃ꧈ ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦩꦫꦺꦤ꧀ꦤꦤ​ꦏꦉꦥ꧀ꦩꦸ​ꦏꦁ​ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ​ꦲꦶꦏꦸ꧉ ꦮꦶꦱ꧀ꦏꦼꦉꦥ꧀ꦧꦲꦺ​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦱꦫꦶꦗꦃ​ꦢꦶꦠꦸꦟ꧀ꦝꦸꦁ​ꦭꦸꦁꦫꦃꦲꦺ​ꦱꦏ​ꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦲꦺ​ꦱꦺꦴꦏ꧀ꦱꦶꦪ​ꦩꦺꦚꦁ​ꦏꦺꦮꦤ꧀ ꦤꦔꦶꦁ​ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ​ꦢꦶꦲꦸꦤ꧀ꦢꦁ​ꦧꦭꦶ​ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀​ꦩꦂꦡꦮꦶꦗꦪ​ꦲꦺꦴꦫ​ꦧꦶꦱ​ꦲꦺꦴꦭꦺꦃ​ꦲꦸꦮꦺꦴꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦱꦶꦱ꧀ꦒꦮꦺ​ꦥꦺꦥꦺꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦱꦺꦤ꧀ꦛꦺ꧈ ꦗꦂꦫꦺ​ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁ​ꦭꦶꦪ​ꦏꦁ​ꦔꦺꦴꦭꦃ​ꦫꦱꦤꦺ​ꦮꦶꦱ꧀​ꦩꦼꦰ꧀ꦛꦶ​ꦒꦠꦼꦭ꧀ ꦩꦺꦴꦁꦏ​ꦩꦂꦡꦮꦶꦗꦪ​ꦲꦺꦴꦫ​ꦧꦶꦱ​ꦤꦶꦁꦒꦭ꧀ꦥꦏꦉꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦤꦺ​ꦩꦲꦸ꧉ Pangertèkaké akèh-akèh supaya aja nindakaké siya, mengkéné kaṇḍané: kayata kowé nyuwèk cangkem cecak utawa mila raliyané, kuwi nganggo tepakna awakmu ḍéwé, upama cangkemmu disuwèk mengkono, apa kowé ya ora sambat? Déné kéwan olèhé ora sasambat kuwi rak mung saka orané bisa caturan baé, mungguh bisaa basa manusa meṣṭiné ora beda, karodéné manèh, wong kang luput mung cecak siji, jebul cecak kang akèh-akèh liyané teka milu koluputaké? Upama kang kaluputan mau wong siji, apa wong sajagad kalebu kowé ḍéwé ya kudu diukum? Iku panemu anèh, becik marènana karepmu kang mengkono iku. Wis kerep baé Bok Sarijah dituṇḍung lungrahé saka olèhé sok siya menyang kéwan, nanging banjur diundang bali jalaran Martawijaya ora bisa olèh uwong kang wasis gawé pèpèsan séṇṭé, jaré yèn wong liya kang ngolah rasané wis meṣṭi gatel, mongka Martawijaya ora bisa ninggal pakaremané mau.

Contoh 4. Prasasti Masjid Salikin[besut | besut sumber]

ꦥꦺꦔꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ Pèngetan
꧋ ꦲꦢꦼꦒ꧀ꦒꦶꦁ​ꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀ꦱꦭꦶꦏꦶꦤ꧀​ꦪꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦡꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁ​ꦦꦿꦮꦶꦫꦢꦶꦂꦗ꧈ ꦭꦗꦼꦁ​ꦏꦮꦏꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦏꦁꦒꦺ​ꦥꦂꦭꦸꦤꦶꦁ​ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦭꦶꦩꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦭꦩꦶꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀​ꦥꦩ꧀ꦧꦶꦏꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦩꦶꦱ꧀ꦏꦭꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦁꦒꦭ꧀ꦏꦥꦶꦁ꧇ ꧑꧖꧇ ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦗꦸꦩꦢꦶꦭꦮꦭ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦗꦶꦩ꧀ꦩꦮꦭ꧀ ꧑꧘꧘꧕꧇ ꦲꦸꦠꦮꦶ​ꦯꦸꦂꦪ​ꦏꦥꦶꦁ꧇ 21 ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦗꦤꦸꦮꦫꦶ 1954 ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦡꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁ​ꦦꦿꦮꦶꦫꦢꦶꦂꦗ꧉ Adeging Masjid Salikin yasanipun Radèn Ngantèn Tumenggung Prawiradirja. Lajeng kawakapaken kanggé parluning Islam lan muslimin ing salami-lami­nipun. Pambikakipun ing dinten Kemis Kliwon tanggal kaping 16 wulan Jumadilawal taun Jim awal 1885 utawi Surya kaping 21 wulan Januari 1954 dening Radèn Ngantèn Tumeng­gung Prawiradirja
ꦏꦠꦿꦁꦔꦤ꧀ Katrangan
꧋ ꦱꦢꦺꦫꦺꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀ꦱꦭꦶꦏꦶꦤ꧀ꦏꦒꦫꦥ꧀​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦲꦸꦗꦸꦢ꧀ꦥꦤ꧀ꦝꦼꦩꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀​ꦯꦸꦫꦩ꧀ꦧꦶ​ꦱꦲ​ꦥꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀​ꦱꦂꦠ​ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦝꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ꧇ ꦮꦼꦝꦶ​ꦒꦩ꧀ꦥꦶꦁ​ꦏꦗꦼꦁ​ꦭꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦺꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀​ ꦱꦺꦴꦏꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦥꦫ​ꦩꦸꦱ꧀ꦭꦶꦩꦶꦤ꧀​ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦔꦿꦚ꧀ꦕꦁ​ꦱꦲ​ꦔꦮꦠ꧀ꦲꦮꦠ꧀ꦠꦶ​ꦥꦁꦒꦫꦥ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦔꦧꦺꦲꦶ​ꦕꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦢꦶꦥꦿꦗ꧈ ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦲꦁꦒꦫꦥ꧀​ꦫꦢꦺꦤ꧀​ꦯꦸꦰꦺꦗ Sadèrèngipun Masjid Sali­kin kagarap sampun wonten maujud pan­ḍemèning Mas­jid, surambi, saha palam­pahan sarta bonḍa­sawatawis kadosta: weḍi, gamping, kajeng, lan sanès-sanèsipun. Sokongan saking para muslimin, déné ing­kang ngrañcang saha ngawat-awati panggarap­ipun Masjid: Radèn Nga­bèhi Condra­dipraja, ingkang ang­garap Radèn Susèja.
ꦥꦔꦿꦺꦃꦲꦶꦁꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀ꦱꦭꦶꦏꦶꦤ꧀ Pangrèhing Masjid Salikin
ꦥꦔꦂꦰ꧇ ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦗꦶꦩ꦳ꦸꦃꦏ꦳ꦩ꦳ꦢ꧀‌ꦔꦢ꧀ꦤꦤ꧀

ꦥꦤꦶꦠꦿ꧇ ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦔꦧꦺꦲꦶꦕꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦢꦶꦥꦿꦗ

Pangarsa: Radèn Haji Muhkhamad Ngadnan.

Panitra: Radèn Ngabèhi Condradipraja.

Contoh 5. Al-Quran terjemahan bahasa dan aksara Jawa[besut | besut sumber]

Q.S. Al-Hijr: 1
بِسۡمِ اللهِ الرَّحۡمٰنِ الرَّحِيۡمِ ꧋ ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦄꦱ꧀ꦩ​ꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈​​ꦏꦁ​ꦩꦲ​ꦩꦸꦫꦃ​ꦠꦸꦂ​ꦩꦲ​ꦲꦱꦶꦃ꧉​ Awit ingkang Asma Allah, kang Maha Murah tur Maha Asih.
الۤرٰ تِلۡكَ اٰيٰتُ الۡـڪِتٰبِ وَقُرۡاٰنٍ مُّبِيۡنٍ‏ ﴿۱﴾ ꧋ ꦲꦭꦶꦥ꦳꧀ ꦭ—ꦩ꧀ ꦫ— ꧌ ꦏꦁ​ꦥꦿꦶꦏ꧀ꦱ​ꦏꦉꦥ꧀ꦥꦺ​ꦩꦸꦁ​ꦄꦭ꧀ꦭꦃ​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ ꧌꧉​ ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ​ꦲꦶꦏꦸ​ꦄꦪꦠ꧀ꦠꦺ​ꦏꦶꦠꦧ꧀ꦑꦸꦂꦄꦤ꧀ꦏꦁ​ꦥꦿꦠꦺꦭ꧉​ Alif laam raa (kang priksa karepé mung Allah piyambak). Mangkono iku Ayaté Kitab Kur'an kang pratéla.
Q.S. Al-Hijr: 28
وَاِذۡ قَالَ رَبُّكَ لِلۡمَلٰۤٮِٕڪَةِ اِنِّيۡ خَالـِقٌ بَۢشَرًا مِّنۡ صَلۡصَالٍ مِّنۡ حَمَاٍ مَّسۡنُوۡنٍ‏ ﴿۲۸﴾ ꧌ ꦲꦺ​ꦩꦸꦲꦩ꧀ꦩꦢ꧀ ꧌​ ꦱꦶꦫ​ꦚꦫꦶꦠꦏ꧀ꦤ​ꦤꦭꦶꦏ​ꦄꦭ꧀ꦭꦃ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦤꦶꦫ​ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ​ꦩꦫꦁ​ꦩꦭꦆꦏꦠ꧀꧇ ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦮꦺ​ꦩꦤꦸꦁꦱ​ꦱꦏ​ꦊꦩꦃ​ꦏꦁ​ꦒꦫꦶꦁ​ꦏꦸꦩꦺꦤ꧀ꦛꦁ꧈ ꦮꦶꦤꦺꦴꦂꦫꦤ꧀ꦧꦚꦸ​ꦔꦤ꧀ꦠꦶ​ꦢꦢꦶ​ꦲꦼꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦲꦶꦫꦺꦁ​ꦠꦸꦂ​ꦩꦩ꧀ꦧꦸ​ ꧌ ꦱꦏ​ꦢꦺꦤꦶꦁ​ꦭꦮꦱ꧀ꦱꦺ ꧌꧉​ (Hé Muhammad) Sira nyaritakna nalika Allah Pangèranira ngandika marang Malaikat: Ingsun gawé manungsa saka lemah kang garing kumenṭang, winoran banyu nganti dadi enḍut ireng tur mambu (saka déning lawasé).

Contoh 6. Sebuah artikel di Pusaka Jawi[besut | besut sumber]

꧋ ꦧꦧ꧀ꦏꦧꦸꦢꦪꦤ꧀ꦗꦮꦶ ꧉ Bab Kabudayan Jawi
꧋ ꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦫꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦺꦴꦂꦠꦺ꧈ ꦥꦶꦱꦺꦴ꧈ ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦲꦗꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦲꦼꦩ꧀ꦩꦤ꧀ Sosorahipun Tuan Ḍoktor T. Piso ingkang kaajangan ing paheman
ꦫꦢꦾꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ Radyapustaka
ꦤꦭꦶꦏꦱꦸꦂꦪꦏꦥꦶꦁ 22/23 ꦩꦺꦆ 1929 ꧉ Nalika surya kaping 22/23 Mei 1929
꧋ ꦱꦢꦫꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦭ​ꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦫꦃ​ꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦧꦧ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦂꦠ​ꦲꦱꦭ꧀ꦲꦸꦱꦸꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧꦸꦢꦪꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦠꦶꦪꦁ​ꦗꦮꦶ꧈ ꦩꦺꦴꦁꦒ​ꦏꦥꦉꦁꦔ​ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦤꦼꦫꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦏꦧꦸꦢꦪꦤ꧀ꦱꦸꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦪꦺꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤꦥ꧉ Sadèrèngipun kula sosorah sawatawis bab kawontenanipun sarta asal usulipun kabudayaning tiyang Jawi, mongga kaparenga rumiyin nerangaken tembung kabudayan suraosipun sayektos punapa.
꧋ ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦏꦧꦸꦢꦪꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ​ꦭꦶꦁꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦢꦪ꧈ ꦩꦤꦮꦶ​ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦧꦸꦢꦪ꧇ ꦧꦸꦢꦶ꧈ ꦭꦗꦼꦁ​ꦩꦭꦶꦃ​ꦥꦶꦏꦶꦂ꧈ ꦱꦂꦠ​ꦒꦸꦤ꧉ ꦩꦶꦭ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦏꦧꦸꦢꦪꦤ꧀ꦒꦝꦃ​ꦱꦸꦫꦲꦺꦴꦱ꧀꧇ ꦏꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂꦫꦤ꧀ ꦏꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦤ꧀꧈ ꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦏꦧꦸꦢꦪꦤ꧀ꦮꦲꦸ​ꦏꦁꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔ​ꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕ꧇ kultuur, ꦲꦶꦁꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏ​ꦱꦩꦸꦏꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦁ​ꦏꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦒꦸꦤꦤ꧀ ꦱꦂꦠ​ꦲꦢꦠ꧀ꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦸꦤꦥ​ꦩꦭꦶꦃ​ꦠꦠꦕꦫ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦼꦒꦝꦸꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦭꦃ​ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁ​ꦧꦺꦴꦁꦱ꧉ ꦩꦶꦭ​ꦩꦤꦮꦶ​ꦔꦁꦒꦺ​ꦲꦸꦏꦫ​ꦏꦧꦸꦢꦪꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦠꦶꦪꦁ​ꦗꦮꦶ​ꦥꦸꦤꦶꦏ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦏꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦱꦩꦸꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦒꦸꦤꦤ꧀ꦱꦂꦠ​ꦲꦢꦠ꧀ꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦸꦤꦥ​ꦩꦭꦶꦃ​ꦠꦠꦕꦫ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺ​ꦠꦶꦪꦁ​ꦗꦮꦶ꧈ ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦏꦶꦤ​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶ​ꦗꦩꦤ꧀ꦱꦩꦁꦏꦺ꧉ Tembung kabudayan punika lingganipun budaya, manawi tegesipun, tembung budaya: budi, lajeng malih pikir, sarta guna. Mila tembung kabudayan gaḍah suraos: kapinteran, kasagedan. Sapunikanipun tembung kabudayan wau kanggénipun tunggil teges kaliyan tembung monca: kultuur, inggih punika samukawisasing kasagedan tuwin kagunan, sarta adat waton punapa malih tatacara ingkang dados gegaḍuhanipun salah satunggiling bongsa. Mila manawi nganggé ukara kabudayaning tiyang Jawi punika ingkang karaosaken samukawis ing kasagedan tuwin kagunan sarta adat waton punapa malih tatacara ingkang dipun anggé tiyang Jawi, wiwit kina ngantos dumugi jaman samangké.
꧋ ꦱꦉꦁ​ꦔꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦲꦸꦏꦫ​ꦏꦧꦸꦢꦪꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦠꦶꦪꦁ​ꦗꦮꦶ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦺꦠꦺꦭ​ꦏꦧꦸꦢꦪꦤ꧀ꦮꦲꦸ​ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦶꦤ​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶ​ꦱꦩꦁꦏꦺ​ꦏꦛꦃ​ꦲꦺꦮꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦲꦸꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧇ ꦲꦶꦁ​ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦶꦤ​ꦲꦒꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ​ꦗꦮꦶ​ꦲꦒꦩꦶ​ꦧꦸꦢ꧈ ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦮꦭꦺꦪꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦒꦩꦶ​ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧈ ꦲꦶꦁ​ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦶꦤ​ꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦏꦛꦃ​ꦲꦢꦠ꧀ꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦠꦠꦕꦫ​ꦲꦶꦁ​ꦗꦩꦤ꧀ꦱꦩꦁꦏꦺ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦁꦒꦺ꧉ Sareng ngraosaken ukara kabudayaning tiyang Jawi ingkang kados makaten suraosipun, sampun tétèla kabudayan wau wiwit jaman kina dumugi samangké kaṭah éwahipun. Upaminipun: ing jaman kina agaminipun tiyang Jawi agami Buda, wiwit jaman kawaléan santun agami Islam. Ing jaman kina pancèn kaṭah adat waton tuwin tatacara ing jaman samangké sampun boten kanggé.

Contoh 7. Bhāratayuddha dan Rāmāyaṇa[besut | besut sumber]

꧋ ꦨꦴꦫꦠꦪꦸꦢ꧀ꦣ꧈ ꦧꦧ꧀ ꧇꧘꧇ ꦯ꧀ꦭꦺꦴꦏ꧇ ꧑꧉ Bhāratayuddha, bab 8 śloka 1
ꦔ꧀ꦏꦴ ꦏꦿꦺꦴꦣ ꦏꦽꦰ꧀ꦟ ꦩꦔꦢꦼꦒ꧀ꦱꦏ ꦫꦶꦁ ꦥꦲꦼꦴꦩꦤ꧀꧈ ꦩꦸꦔ꧀ꦒ꧀ꦮꦶꦁ ꦤꦠꦫ꧀ꦱꦶꦫ ꦮꦶꦨꦸꦃ ꦏꦢꦶ ꦏꦴꦭꦩꦽꦠꦾꦸ꧈ ꦩꦶꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤꦏꦼꦤ꧀ ꦏꦿꦩ ꦤꦶꦫꦤ꧀ꦠꦸꦲꦸ ꦮꦶꦰ꧀ꦟꦸꦩꦹꦫ꧀ꦠ꧀ꦠꦶ꧈ ꦭꦷꦭꦴ ꦠꦿꦶꦮꦶꦏꦿꦩ ꦩꦏꦴꦮꦏꦶꦏꦁ ꦠꦿꦶꦭꦺꦴꦏ꧉ Ngkā krodha Kṛṣṇa mangadĕg saka ring pahöman, munggwing natar sira wibhuh kadi Kālamṛtyu, mintonakĕn krama niran tuhu Wiṣṇumūrtti, līlā triwikrama makāwak ikang triloka.
꧋ ꦫꦴꦩꦴꦪꦟ꧈ ꦏꦕ ꧇꧑꧗꧗꧇ ꦯ꧀ꦭꦺꦴꦏ꧇ ꧓꧑꧉ Rāmāyaṇa, kaca 177 śloka 31
ꦗꦲ꧀ꦤꦷ ꦪꦴꦲ꧀ꦤꦶꦁ ꦠꦭꦒ ꦏꦢꦶ ꦭꦔꦶꦠ꧀ ꦩꦩ꧀ꦧꦁ ꦠꦁ ꦥꦴꦱ꧀ꦮꦸꦭꦤꦸꦥꦩ ꦤꦶꦏꦴ꧈ ꦮꦶꦤ꧀ꦠꦁ ꦠꦸꦭꦾꦁ ꦏꦸꦱꦸꦩ ꦪ ꦱꦸꦩꦮꦸꦫ꧀꧈ ꦭꦸꦩꦿꦴ ꦥ꧀ꦮꦺꦏꦁ ꦱꦫꦶ ꦏꦢꦶ ꦗꦭꦢ꧉ Jahnī yahning talaga kadi langit, mambang tang pās wulan upama nikā, wintang tulyang kusuma ya sumawur, lumrā pwekang sari kadi jalada.

Contoh 8. Serat Pustaka Raja Purwa jilid 2[besut | besut sumber]

꧋ ꦱꦼꦫꦠ꧀ Serat
ꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ​ꦫꦗ​ꦥꦸꦂꦮ꧀ꦮ​ꦗꦶꦭꦶꦢꦤ꧀ ꦎꦁꦏ꧇ ꧒꧇ Pustaka Raja Purwa Jilidan Ongka 2
꧋ ꦲꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦭꦺꦴ​ꦗꦮꦶ꧈ ꦯꦸꦩꦡꦿ꧈ ꦨꦭꦶ꧈ ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦩꦢꦸꦫ꧈ ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀꧇ ꧓꧑꧐꧇ ꦢꦸꦩꦸꦒꦶ​ꦠꦲꦸꦤ꧀꧇ ꧔꧖꧖꧇ Anyariyosaken kawontenanipun Pulo Jawi, Sumatra, Bali, tuwin Madura, wiwit taun 310 dumugi taun 466
ꦧꦧꦺꦴꦤ꧀ꦲꦱ꧀ꦭꦶ​ꦱꦏꦶꦁ​ꦱꦮꦂꦒꦶ​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦔꦧꦺꦲꦶ​ꦫꦺꦴꦁꦓꦮꦂꦰꦶꦡ꧈​ ꦦꦸꦗꦺꦴꦁꦓ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦫꦡꦺꦴꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ ꦯꦸꦫꦏꦂꦡ​ꦲꦢꦶꦟꦶꦔꦿꦠ꧀꧈ Babon asli saking sawargi Radèn Ngabèhi Ronggawarsita, Pujangga ing Karaton Dalem, Surakarta Hadiningrat.
꧋ ꦏꦲꦼꦕꦥ꧀ꦲꦶꦁ​ꦥꦔꦼꦕꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦠꦸꦮꦤ꧀ ꦲ꧈ ꦨꦸꦟꦶꦁ꧈ ꦲꦶꦁ​ꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦡ꧈ Kaecap ing pangecapanipun Tuan H. Buning, ing Ngayogyakarta,
ꦠꦲꦸꦤ꧀꧇ ꧑꧘꧘꧕꧉ Taun 1885
ꦧꦸꦧꦸꦏ Bubuka
꧅ ꦲꦺꦴꦁꦮꦺꦲꦼꦤ꧀ꦥꦿꦤꦮꦱꦩꦼꦃ ꧅ Hongwéhen pranawasameh
꧅ ꦥꦸꦂꦮꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ​ꦫꦗ​ꦥꦸꦂꦮ꧀ꦮ​ꦗꦶꦭꦶꦢꦤ꧀ ꦎꦁꦏ꧇ ꧒꧇ ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈ ꦲꦔꦺꦴꦕꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦧꦧꦂꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁ​​ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦲꦫꦗ꧈ ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦏꦮꦿꦠ꧀ꦧꦧ꧀ꦏꦥꦶꦁ꧇ ꧔꧇ ꦲꦶꦁ​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ​ꦫꦗ​ꦥꦸꦂꦮ꧀ꦮ꧉ ꦩꦼꦁꦒꦃ​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ​ꦫꦗ​​ꦥꦸꦂꦮ꧀ꦮ​ꦱꦢꦪ​ꦮꦲꦸ​ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈ ꦲꦶꦪꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦿꦶ​ꦨꦛꦫ​ꦲꦗꦶ​ꦗꦪꦨꦪ꧈ ꦟꦡꦨꦶꦟꦛꦫ​ꦲꦶꦁ​ꦤꦸꦯ꧀ꦮ​ꦗꦮꦶ꧈ ꦲꦶꦁꦏꦁ​​ꦲꦏꦝꦡꦺꦴꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶ​ꦢꦲ꧈ ꦲꦶꦁꦒꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦩꦩꦼꦤ꧀ꦤꦁ​ꦠꦤ꧀ꦤꦃꦏ​ꦝꦶꦫꦶ꧈ ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦒꦚ꧀ꦕꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦁ​​ꦧꦸꦧꦸꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ​ꦫꦗ​ꦥꦸꦂꦮ​꧀ꦮꦗꦶꦭꦶꦢꦤ꧀ ꦎꦁꦏ꧇ ꧑꧇ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺ​ꦲꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​​ꦔꦟ꧀ꦝꦥ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧇ Purwakanipun Serat Pustaka Raja Purwa jilidan ongka 2 punika, angocapaken babaraning cariyosipun Serat Maharaja, ingkang kawrat bab kaping 4 ing Serat Pustaka Raja Purwa. Menggah Serat Pustaka Raja Purwa sadaya wau punika, hiasanipun Sri Baṭara Aji Jayabaya, Natabinaṭara ing Nuswa Jawi, ingkang akaḍaton Nagari Daha, inggih ing Mamenang tanah Kaḍiri, kados ingkang sampun kagancaraken tumrap ing bubukanipun, Serat Pustaka Raja Purwa jilidan ongka 1 wondéné urutipun cariyos kados ing nganḍap punika.
꧇ ꦕꦠꦸꦂꦠꦏꦟ꧀ꦝꦼꦃ ꧇ Caturtakanḍeh
ꦧꦧ꧀ꦏꦥꦶꦁ꧇ ꧔꧇ Bab kaping 4
꧅ ꦲꦩꦿꦠꦺꦭꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦧꦧꦂꦫꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦲꦫꦗ​ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈ ꦏꦥꦺꦫꦁ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ ꦥꦺꦫꦁꦔꦤ꧀ ꦎꦁꦏ꧇ ꧑꧇ ꦤꦩ​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦫꦗ​ꦏꦤ꧀ꦮ꧈ ꦏꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸ​ꦮꦶꦯꦏ​ꦲꦶꦁ​ꦩꦩꦼꦤ꧀ꦤꦁ꧈ ꦥꦔꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦭꦶꦏ​ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦱꦸꦂꦪꦾ​ꦱꦔ꧀ꦏꦭ꧇ ꧘꧕꧒꧇ ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦕꦟ꧀ꦢꦿ​ꦱꦔ꧀ꦏꦭ​ꦲꦩꦉꦁꦔꦶ꧇ ꧘꧗꧘꧉ Amratèlakaken babaranipun Serat Maharaja punika, kapérang dados sakawan lampahan, pérangan, ongka 1 nama Serat Raja Kanwa, kaanggit déning Empu Wisaka ing Mamenang, panganggitipun nalika taun surya sangkala 852 taun candra sangkala amarengi 878.
꧅ ꦮꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦩꦼꦁꦒꦃ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦸꦧꦸꦏ​ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦫꦗ​ꦏꦤ꧀ꦮ꧈ ꦲꦶꦁ​ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦧꦿꦩ꧈ ꦲꦺꦠꦁꦔꦶꦁ​ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦱꦸꦂꦪꦾ​ꦱꦔ꧀ꦏꦭ꧇ ꧓꧐꧑꧇ ꦠꦶꦤ꧀ꦤꦼꦔꦼꦂꦫꦤ꧀ ꦱꦺꦭ​ꦧꦼꦤ꧀ꦠꦂ​ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦭꦸꦏ꧀꧈ ꦏꦲꦺꦠꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦕꦟ꧀ꦢꦿ​ꦱꦔ꧀ꦏꦭ꧇ ꧓꧑꧐꧇ ꦠꦶꦤ꧀ꦤꦼꦔꦼꦂꦫꦤ꧀ ꦧꦫꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦫꦗ​ꦮꦺꦢ꧀ꦝ꧉ Wiyosipun, menggah ingkang dados bubuka kacariyosaken rumiyin, tumrap ing Serat Raja Kanwa, ing salebeting taun sambrama, etanging taun surya sangkala 301 tinengeran, séla bentar katon muluk. Kaétang ing taun candra sangkala 310 tinengeran, barakaning Raja Wédḍa.
꧋ ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ ꦲꦶꦁ​ꦤꦭꦶꦏ​ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈ ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦗꦸꦩꦼꦤ꧀ꦤꦼꦁ​ꦫꦡꦸ​ꦲꦒꦼꦁ​ꦲꦩꦼꦁꦏꦸ​ꦠꦭꦠꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦸꦯ꧀ꦮ​ꦗꦮꦶ​ꦱꦢꦪ꧈ ꦢꦺꦮ​ꦲꦤ꧀ꦤꦩ​ꦯꦁ​ꦲꦾꦁ​ꦫꦸꦢꦿ​ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁ​ꦲꦾꦁ​ꦗꦓꦢ꧀ꦟꦡ꧈ ꦲꦏꦝꦡꦺꦴꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦓꦶꦭꦶꦔꦪ​ꦠꦤ꧀ꦤꦃ​ꦦꦿꦪꦁꦔꦤ꧀ ꦯꦁ​ꦲꦾꦁ​ꦫꦸꦢꦿ​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦱꦿꦶ​ꦩꦲꦫꦗ​ꦢꦺꦮ​ꦲꦺꦯ꧈ ꦥꦸꦠꦿꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦸꦁ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦤꦩ​ꦦꦿꦨꦸ​ꦦꦏꦸꦏꦸꦃꦲꦤ꧀ ꦲꦫꦫꦡꦺꦴꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦡꦯꦶꦏ꧀ꦩꦢꦸ꧉ ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ ꦱꦉꦁ​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱ​ꦱꦶꦠꦿ꧈ ꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤ꧀ꦤꦼꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦨꦸ​ꦦꦏꦸꦏꦸꦃꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦡꦯꦶꦏ꧀ꦩꦢꦸ꧈ ꦗꦼꦁꦏꦂ​ꦲꦔꦭꦶꦃ​ꦏꦝꦡꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦤꦒꦫꦶ​ꦦꦸꦂꦮꦕꦫꦶꦡ꧈ ꦲꦶꦁꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ​ꦠꦤ꧀ꦤꦃ​ꦠꦶꦭꦱ꧀ꦏꦝꦡꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦦꦸꦂꦮꦕꦫꦶꦡ​ꦏꦥꦶꦁ​ꦏꦭꦶꦃ꧈ ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦔꦗꦼꦁ​ꦏꦒꦼꦩ꧀ꦫꦗ​ꦨꦺꦫꦮ​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃ​ꦯꦁ​ꦲꦾꦁ​ꦏꦭ꧈ ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦫꦗ​ꦨꦸꦢ꧀ꦝ​ꦏꦽꦰ꧀ꦟ​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃ​ꦯꦁ​ꦲꦾꦁ​ꦮꦶꦰ꧀ꦟꦸ꧉ ꦢꦸꦩꦸꦤꦸꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦏꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦸꦏꦶꦂ​ꦩꦲꦺꦟ꧀ꦢꦿ꧈ ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦩꦁꦏꦺ​ꦏꦮꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦉꦢꦶ​ꦭꦮꦸ​ꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦮꦮꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦃ​ꦯꦸꦫꦏꦂꦡ꧈ ꦦꦿꦨꦸ​ꦦꦏꦸꦏꦸꦃꦲꦤ꧀ ꦭꦗꦼꦁ​ꦲꦱꦶꦱꦶꦭꦶꦃ​ꦤꦩ​ꦦꦿꦨꦸ​ꦯꦿꦶ​ꦩꦲꦦꦸꦁꦓꦸꦁ꧈ ꦤꦒꦫꦶꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦮꦶꦤ꧀ꦤꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦦꦸꦂꦮꦕꦫꦶꦡ꧈ ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦗꦏ​ꦦꦸꦫꦶꦁ​ꦏꦶꦤ꧀ꦤꦂꦪ​ꦦꦦꦡꦶꦃ꧈ ꦉꦰꦶ​ꦫꦢ꧀ꦝꦶ​ꦏꦶꦤ꧀ꦤꦂꦪ​ꦧꦿꦲ꧀ꦩꦤ꧈ ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦤꦩ​ꦧꦿꦲ꧀ꦩꦤ​ꦫꦢ꧀ꦝꦶ꧈ ꦱꦫꦲꦫꦶꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦮꦶ​ꦩꦟꦶꦱ꧀ꦱꦩꦶ​ꦏꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦥꦸꦁꦒꦮ ꧉ ꧆ ꧉ Kacariyos, ing nalika punika, ingkang Jumeneng Ratu Ageng hamengku talatahipun Nuswa Jawi sadaya, déwa anama Sang Hyang Rudra saḍèrèkipun Sang Hyang Jagadnata, akaḍaton wonten ing Gilingaya tanah Prayangan, Sang Hyang Rudra ajujuluk Sri Maharaja Déwa Ésa, putranipun kakung ingkang nama Prabu Pakukuhan, araraton wonten ing Tasikmadu. Kacariyos, sareng dumuginipun mongsa sitra, panjenenganipun Prabu Pakukuhan ing Tasikmadu, jengkar hangalih kaḍaton ing Nagari Purwacarita, inggih punika tanah tilas kaḍaton ing Purwacarita kaping kalih, ingkang ing ngajeng kagem Raja Bérawa inggih Sang Hyang Kala, tuwin Raja Budḍa Kresna inggih Sang Hyang Wisnu. Dumunungipun wonten sukunipun wukir mahéndra, ingkang ing mangké kawastanan redi lawu kalebet wawengkonipun Tanah Surakarta, Prabu Pakukuhan, lajeng asisilih nama Prabu Sri Mahapunggung, nagarinipun lastantun winastanan Purwacarita. Radèn Jaka Puring kinarya papatih, Resi Radḍi kinarya brahmana, kaparingan nama Brahmana Radḍi, saraharinipun Dewi Manis sami kadadosaken punggawa.
꧅ ꦲꦶꦁ​ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦧꦶꦯ꧀ꦮꦮꦶꦯꦸ꧈ ꦲꦺꦠꦁꦔꦶꦁ​ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦱꦸꦂꦪꦾ​ꦱꦔ꧀ꦏꦭ꧇ ꧓꧐꧒꧇ ꦠꦶꦤ꧀ꦤꦼꦔꦼꦂꦫꦤ꧀ ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦂ​ꦧꦫꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦒꦸꦤ꧉ ꦏꦲꦺꦠꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦕꦟ꧀ꦢꦿ​ꦱꦔ꧀ꦏꦭ꧇ ꧓꧑꧑꧇ ꦠꦶꦤ꧀ꦤꦼꦔꦼꦂꦫꦤ꧀ ꦫꦸꦥ​ꦕꦺꦴꦟ꧀ꦢꦿ​ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦒꦤ꧉ Ing salebeting taun biswawisu, etanging taun surya sangkala 302 tinengeran, kembar barakaning guna. Kaétang ing taun candra sangkala 311 tinengeran, rupa condra katon ing gagana.
꧋ ꦲꦩꦉꦁꦔꦶ​ꦩꦺꦴꦁꦱ​ꦏꦂꦠ꧀ꦡꦶꦏ꧈ ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ ꦦꦿꦩꦺꦯ꧀ꦮꦫꦶ​ꦟꦡ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦤꦩ​ꦢꦺꦮꦶ​ꦩꦟ꧀ꦤꦶꦱ꧀ꦱꦺꦢ꧉ Amarengi mongsa kartika, kacariyos, Pramèswari Nata ingkang nama Dewi Manis seda.

Contoh 9. Serat Dewaruci[besut | besut sumber]

꧋ ꦱꦼꦫꦠ꧀꧇ ꦪꦢꦮꦫꦸꦕꦶ꧈ ꦩꦮꦶꦮꦽꦢꦶ ꧉ Serat Dewaruci, Mawi Wredi
꧅ ꧉ ꦧ꧀ꦖ ꧉ ꧅ ꦤꦶꦲꦤ꧀ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦔꦸꦭꦸꦤ꧀ꦩꦤꦸꦭꦠ꧀ꦱꦿꦶ꧈ ꦩꦿꦶꦁ​ꦱꦂꦏꦫ​ꦩꦩꦿꦶꦃ​ꦩꦩꦂꦢ꧀ꦢꦮ꧈ ꦠꦾꦱ꧀ꦮꦶꦒꦼꦤ꧀ꦤ​ꦥꦚ꧀ꦗꦸꦠꦤ꧀ꦤꦺ꧈ ꦗꦸꦮꦼꦠ꧀ꦱꦶꦭꦂ​ꦗꦺꦁ​ꦠꦸꦮꦸꦃ꧈ ꦮꦲꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦏꦲꦤꦤ꧀ꦗꦠꦶ꧈ ꦱꦸꦗꦤ​ꦥꦫꦩꦂꦠ꧈ ꦮꦶꦠꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦠꦸꦩꦸꦮꦸꦃ꧈ ꦮꦶꦤ꧀ꦤꦔꦸꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠ꧈ ꦒꦶꦤꦸꦥꦶꦠ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦮꦶ​ꦫꦺꦃ​ꦧꦶꦩ​ꦱꦸꦕꦶ꧈ ꦮꦶꦤ꧀ꦤꦔꦸꦤ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦗꦂꦮ꧉ ꧃ ꦮꦽꦏꦺꦴꦝꦫ​ꦢꦸꦏ꧀ꦥꦸꦫꦸꦲꦶꦠ​ꦩꦿꦶꦁ꧈ ꦝꦚꦁ​ꦢꦸꦂꦟ​ꦏꦶꦤꦺꦤ꧀ꦔꦸꦥꦪꦲ꧈ ꦠꦺꦴꦪ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦤꦸꦕꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧈ ꦩꦫꦁ​ꦱꦫꦶꦫꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦮꦽꦏꦺꦴꦝꦫ​ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦮꦮꦂꦠꦶ꧈ ꦩꦫꦶꦁ​ꦤꦒꦿꦶ​ꦔꦩꦂꦡ꧈ ꦥꦩꦶꦠ꧀ꦏꦢꦁ​ꦱꦼꦥꦸꦃ꧈ ꦱꦶꦫ​ꦦꦿꦨꦸ​ꦪꦸꦝꦶꦰ꧀ꦛꦶꦫ꧈ ꦏꦁ​ꦥꦫ​ꦫꦶꦱꦢꦪ​ꦤꦸꦗꦸꦩꦉꦁꦔꦶ꧈ ꦲꦤꦺꦁ​ꦔꦂꦱꦤꦶꦁ​ꦫꦏ꧉ ꧃ ꦲꦂꦪꦯꦺꦟ​ꦩꦠꦸꦂ​ꦲꦶꦁ​ꦫꦏꦗꦶ꧈ ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦲꦂꦱ​ꦏꦺꦱꦃ​ꦩꦩꦿꦶꦃ​ꦠꦺꦴꦪ꧈ ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦒꦸꦫꦸ​ꦥꦶꦠꦸꦢꦸꦃꦲꦺ꧈ ꦱꦿꦶ​ꦢꦂꦩꦦꦸꦠꦿ​ꦔꦸꦔꦸꦤ꧀ ꦲꦩꦶꦪꦂ​ꦱꦲ​ꦠꦸꦂꦫꦶꦔꦫꦶ꧈ ꦕꦶꦤ꧀ꦤꦶꦥ꧀ꦠ​ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁ​ꦧꦪ꧈ ꦟꦫꦺꦟ꧀ꦢꦿ​ꦩꦔꦸꦤ꧀ꦏꦸꦁ꧈ ꦢꦾꦤ꧀ꦱꦠꦿꦶꦪ​ꦢꦟꦚ꧀ꦗꦪ꧈ ꦩꦠꦸꦂ​ꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦫꦏ​ꦯꦿꦶ​ꦟꦫꦦꦡꦶ꧈ ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ​ꦠꦤ꧀ꦱꦏꦺꦕ꧉ ꧃ ꦲꦶꦁꦒꦶꦃ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦢꦸꦏ​ꦭꦶꦭꦤ꧀ꦤꦶ꧈ ꦫꦪꦶ​ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦺꦱꦃꦲꦺ​ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈ ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦏꦺꦕ ꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦺ꧈ ꦲꦂꦪ​ꦏꦭꦶꦃ​ꦮꦺꦴꦠ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ ꦲꦶꦁꦒꦶꦃ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦭꦶꦭꦤ꧀ꦤꦶ꧈ ꦮꦠꦏ꧀ꦫꦏ​ꦥꦢꦸꦏ꧈ ꦔꦱ꧀ꦠꦶꦤ​ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ ꦏꦂꦪ​ꦩꦔꦺꦟ꧀ꦢꦿ​ꦱꦁꦱꦫ꧈ ꦉꦰꦶ​ꦢꦸꦂꦟ​ꦒꦶꦤꦸꦧꦼꦭ꧀ꦥꦸꦫꦶꦃ​ꦔꦥꦸꦱ꧀ꦱꦶ꧈ ꦱꦶꦂꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦥꦿ​ꦥꦟ꧀ꦝꦮ꧉ ꧃ ꦮꦽꦏꦺꦴꦝꦫ​ꦩꦶꦪꦂ​ꦱꦤꦲꦸꦂꦫꦶ꧈ ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱꦏꦼꦤ꧀ꦤ​ꦲꦢꦺꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦥꦃ꧈ ꦩꦠꦶꦪ​ꦔꦸꦩꦸꦂꦏꦸ​ꦝꦺꦮꦺ꧈ ꦮꦺꦴꦁ​ꦤꦼꦢꦾ​ꦩꦿꦶꦃ​ꦥꦶꦤꦸꦠꦸꦱ꧀ ꦥꦤꦸꦁꦒꦭ꧀ꦭꦺ​ꦲꦾꦁ​ꦩꦲꦱꦸꦕꦶ꧈ ꦲꦂꦪꦯꦺꦟ​ꦱꦏ꧀ꦱꦤ꧈ ꦏꦭꦺꦥꦠ꧀ꦱꦸꦩꦼꦩ꧀ꦥꦿꦸꦁ꧈ ꦯꦿꦶ​ꦟꦫꦺꦟ꧀ꦢꦿ​ꦪꦸꦝꦶꦰ꧀ꦛꦶꦫ ꧈ ꦩꦮꦶꦃꦲ​ꦫꦶꦏ​ꦠꦒꦶ​ꦔꦸꦔꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦶꦥꦶ꧈ ꦭꦶꦂ​ꦠꦶꦤ꧀ꦤꦼꦧꦏ꧀ꦩꦺꦴꦁꦠꦸꦤ꧀ꦤ꧉ ꧃ ꦠꦤ꧀ꦮꦶꦤ꧀ꦤꦂꦤ​ꦏꦁ​ꦏꦫꦶ​ꦥꦿꦶꦃꦲꦠꦶꦤ꧀ ꦏꦮꦸꦮꦸꦱ꧀ꦱ​ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦫ​ꦯꦺꦟ꧈ ꦠꦤ꧀ꦥ​ꦮꦢꦾ​ꦲꦩꦸꦁ​ꦝꦺꦮꦺ꧈ ꦩꦸꦁ​ꦧꦗꦿ​ꦱꦶꦟ꧀ꦝꦸꦁ​ꦫꦶꦮꦸꦠ꧀ ꦲꦩ꧀ꦧ꧀ꦧꦼꦧꦼꦤ꧀ꦤꦼꦂ​ꦩꦸꦫꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦩꦂꦒꦶ꧈ ꦥꦿꦲꦫ​ꦩꦸꦁꦒꦺꦁꦔꦂꦱ꧈ ꦒꦺꦴꦫꦫꦺꦃ​ꦒꦸꦩꦸꦫꦸꦃ꧈ ꦏꦒꦾꦠ꧀ꦩꦶꦫꦶꦱ꧀ꦮꦺꦴꦁ​ꦥꦢꦺꦱꦤ꧀ ꦏꦁ​ꦏꦲꦩ꧀ꦧꦃ​ꦏꦁ​ꦏꦥꦿꦁꦒꦸꦭ꧀ꦝꦺꦴꦝꦺꦴꦏ꧀ꦲꦗꦿꦶꦃ꧈ ꦲꦟ꧀ꦝꦼꦥꦺꦱ꧀ꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ​ꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧉ Nihandoning ngulun manulat sri, mring sarkara mamrih mamarddawa, tyaswigena panjutané, juwet silar jèng tuwuh, wahananing kahanan jati, sujana paramarta, witaning tumuwuh, winanguning kang sasmita, ginupita ing kawi rèh bima suci, winangun lawan jarwa. Wrekoḍara dukpuruhita mring, ḍanyang Durna kinèn ngupayaha, toya ingkang nucèkake, marang sariranipun Wrekoḍara mantuk wawarti, maring Nagri Ngamarta, pamit kadang sepuh, sira Prabu Yuḍisṭira, kang para risadaya nujumarengi, aneng ngarsaning raka. Aryasèna matur ing rakaji, lamun harsa kèsah mamrih toya, déning guru pituduhé, Sri Darmaputra ngungun, amiyar saha turingari, cinipta praptèng baya, Naréndra mangunkung, dyan satriya dananjaya, matur nembah ing raka Sri Narapati, punika tansakéca. Inggih sampun paduka lilani, rayi dalem kèsahé punika, boten sakéca raosé, arya kalih wotsantun, inggih sampun tuan lilani, watak raka paduka, Ngastina pukulun, karya mangéndra sangsara, Resi Durna ginubel purih ngapusi, sirnaning pra Panḍawa. Wrekoḍara miyar sanahuri, ingsun mongsakena adèn ampah, matia ngumurku ḍéwé, wong nedya mrih pinutus, panunggalé hyang mahasuci, Aryasèna saksan, kalèpat sumemprung, Sri Naréndra Yuḍisṭira, miwaha rika tiga ngunguntansipi, lir tinebak mongtuna. Tanwinarna kang kari prihatin, kawuwusa lampahira Sèna, tanpa wadya amung ḍéwé, mung bajra sinḍung riwut, ambebener murang ing margi, prahara munggéng ngarsa, gorarèh gumuruh, kagyat miris wong padésan, kang kaambah kang kapranggul ḍoḍok ajrih, andepés nembah-nembah.

butir2[besut | besut sumber]

Teks Jawa Alihaksara Latin Terjemahan Indonesia Terjemahan Inggris
꧇꧕꧇ ꧋ ꦮꦢꦾꦧꦭ​ꦏꦁ​ꦱꦼꦤꦼꦁ​ꦏꦮꦸꦭ​ꦲꦭꦶꦠ꧀ꦲꦶꦏꦸ​ꦢꦢꦶ​ꦱꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺ​ꦥꦫ​ꦏꦮꦸꦭ​ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁ​​ꦥꦿꦗ꧈ ꦒꦮꦺ​ꦏꦸꦏꦸꦃ​ꦱꦂꦠ​ꦩꦶꦤꦔ꧀ꦏ​ꦠꦩꦺꦁꦔꦶꦁ​ꦤꦒꦫ꧉ 5. Wadyabala kang seneng kawula alit, iku dadi senengane para kawula sajroning praja, gawe kukuh sarta minangka tamenging negara. 5. Prajurit yang mencintai rakyat jelata, akan disayangi rakyat dalam negara itu, dan membuat kokohnya negara dan menjadi perisai negara. 5. Soldiers who love the common people will be loved by the people of the country, and they will provide strength to the country and serve as a shield to it.

Lyrics[besut | besut sumber]

おもちゃの兵隊が木々をかき分けて omocha no heitai ga kigi o kakiwakete
パッパラ、口笛を吹いてさ pappara, kuchibue o fuite sa
   
そんな夢の続きが今、ボクを引き止めて sonna yume no tsuzuki ga ima, boku o hikitomete
さっきからまるで眠くないんだよ sakki kara marude nemukunai nda yo
   
顔、体形、瞳の色、髪型じゃわからない kao, katachi, me no iro, kamigata ja wakaranai
ハリボテの日々を行け haribote no hibi o yuke
   
ボクもこんな風に出来るはず boku mo konna fuu ni dekiru hazu
麒麟児にゃ努力も欠かせない kirinji nya doryoku mo kakasenai
何千何百回繰り返してさ nan sen nan hyaku kai kurikaeshite sa
生まれた命だよ、さあ I'll go umareta inochi da yo, saa I'll go 
   
大人の話す未来はちょっと飽き飽きで otona no hanasu mirai wa chotto aki aki de
ラッタラ、口笛を吹いてさ rattara, kuchibue o fuite sa
   
昨日の夢の続きに今、ボクは魅せられて kinou no yume no tsuzuki ni ima, boku wa miserarete
さっきからまるで聞いてないんだよ sakki kara marude kiitenai nda yo
   
歴史上に残るような rekishi jou ni nokoru you na
泡沫、消えちゃうような utakata, kiechau you na
1,2,3 で雲の上 wan, tsuu, surii de kumonoue
   
どんな悲しい出来事も donna kanashii dekigoto mo
湯がいて食べて寝てまた明日 yu ga ite tabete nete mata ashita
なんか隣の星くらいは nanka tonari no hoshi kurai wa
行けそうな気分だよ、さあ I'll go ike sou na kibun da yo, saa I'll go 
   
ボクもこんな風に出来るはず boku mo konna fuu ni dekiru hazu
麒麟児にゃ努力も欠かせない kirinji nya doryoku mo kakasenai
何千何百回繰り返してさ nan sen nan hyaku kai kurikaeshite sa
生まれた命だよ、さあ I'll go umareta inochi da yo, saa I'll go 
   
生まれた命だろ、さあ歩こう umareta inochi daro, saa arukou