Pangèksi komputer
Pangèksi komputer (basa Inggris: computer vision) yaiku bubuhan (tugas) kanggo komputer tumandang molih (acquiring), ngolah, nlika (analisis), lan mangertèni citra dhigital. Banjur mathi (mengekstrak) data saka jagad nyata murih piwoleh desana angka utawa simbul, lan diwujudaké arupa pepunton (komputer bisa mangertèni "iki gambar wong", "iki gambar kucing", lsp) "Mangertèni" ing surasa (konteks) iki ateges napsiraké citra rupa (lebon menyang retina) dadi wedharan sing lumebu akal kanggo dinalar murih timbul tumindak sing cocog. (Kaya manuhi praupané manungsa, nginggati alangan, lsp.) Mangertèni citra ing bab iki bisa dideleng minangka "ngudhari" desana simbul saka data citra lumantar modhèl sing kawangun nggunakaké géomètri, fisika, setatistik, lan téyori panggulawenthah.
Perdi èlmiah (disiplin ilmu) pangèksi komputer minangka dhasar téyori sing digunakaké kanggo ngyasa sistem sing kawagang njupuk desana saka citra. Data citra sing dijupuk bisa werna-werna. Kaya taler vidéo (video sequence), gambar saka kodhak, data saka pamurya 3D (3D scanning), klumpukan titik-titik 3D saka sensor LiDaR, lan piranti pamurya mèdis. Pardi èlmu iki nggayuh mangun tata pangèksi komputer lumantar téyori lan modhèl-modhèl sajeroné.
Japerdi (subdisiplin) saka pangèksi komputer ana baliwangun kupengan (scene reconstruction), pamangguhan barang (object detection), wewanuhan kagiyatan (activity recognition), panilasan vidéo (video tracking), wewanuhan barang (object recognition), pangudakara pose 3D (3D pose estimation), pasinaon, pangindeksan, pangudakara obah (motion estimation), servo rupa (visual servoing), pamodhèlan kupengan 3D (3D scene modeling), lan pamaluyan gambar (image restoration).