Menyang kontèn

Pametelan Data

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ing téyori parikandha, pametelan data utawa kompresi data (uga karan pangodhean sumber, [1] utawa panyudan bit-rate) iku tumindak nge-enkodhe parikandha piguna bit sing luwih sithik tinimbang wujud asalé. [2] Pametelan iki bisa arupa pametelan sirna (lossy) utawa tansirna (lossless). Pametelan tansirna nyuda bit kanthi cara ngidentifikasi banjur ngilangi redundansi statistik. Ora ana parikandha sing ilang ing tumindak iki. Dene pametelan sirna nyuda bit kanthi cara mbusak parikandha sing ora utawa kurang wigati. [3] Lumrahé, piranti sing metel data diarani enkodher, lan piranti sing tumindak walikané (dékompresi) diarani dékodher.

Proses nyuda ukuran data berkas asring aran pametelan data. Ing babagan transmisi data, diarani pangodhean sumber: enkodhing tumindak ing sumber data sadurunge data disinggahaké utawa dikirim. [4] Pangodhean sumber beda karo pangodhean saluran (channel coding), sing ndeteksi uga ngoreksi kasalahan utawa aran pangodhean baris (line coding), kanggo metakaké data menyang sinyal.

Algoritma kompresi data nyumadya liru limbang ruwang wektu, tegesé akehé bit parikandha sing arep disinggahaké utawa dikirim sapada karo akehé sumber daya komputasi sing dibutuhaké kanggo nindakaké enkodhe lan dékodhe. Pametalan data diyasa kanggo ngimbangaké prakara kuwi, yaiku akehé data sing kabusak (nalika piguna pametelan sirna) karo sumber daya komputasi utawa wektu sing dibutuhaké.[5]

  1. Wade, Graham (1994). Signal coding and processing (édhisi ka-2). Cambridge University Press. kc. 34. ISBN 978-0-521-42336-6. Dibukak ing 2011-12-22. The broad objective of source coding is to exploit or remove 'inefficient' redundancy in the PCM source and thereby achieve a reduction in the overall source rate R.
  2. Mahdi, O.A.; Mohammed, M.A.; Mohamed, A.J. (November 2012). "Implementing a Novel Approach an Convert Audio Compression to Text Coding via Hybrid Technique" (PDF). International Journal of Computer Science Issues. 9 (6, No. 3): 53–59. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2013-03-20. Dibukak ing 6 March 2013.
  3. Pujar, J.H.; Kadlaskar, L.M. (May 2010). "A New Lossless Method of Image Compression and Decompression Using Huffman Coding Techniques" (PDF). Journal of Theoretical and Applied Information Technology. 15 (1): 18–23. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2010-05-24.
  4. Salomon, David (2008). A Concise Introduction to Data Compression. Berlin: Springer. ISBN 9781848000728.
  5. Tank, M.K. (2011). "Implementation of Lempel-ZIV algorithm for lossless compression using VHDL". Thinkquest 2010: Proceedings of the First International Conference on Contours of Computing Technology. Berlin: Springer. kc. 275–283. doi:10.1007/978-81-8489-989-4_51. ISBN 978-81-8489-988-7.