Menyang kontèn

Pamertalan mesin birid pranata

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Pamertalan mesin birid pranata (basa Inggris: rule-based machine translation, RMBT) yaiku pamara (pendekatan) klasik pamertalan mesin sing adhedhasar desana basawidyané basa sumber uga basa jujugan. Desana-desana iki piwoleh saka paramasastra lan bausastra (bisa ekabasa, dwibasa, utawa manékabasa) sing ngukub pranata semantik, morfologis, lan sintaksis utama saben basa. Kanthi ukara lebon (input), tata RBMT banjur ngriptayasa (generate) ukara weton (output) adhedhasar analisis basa sumber lan basa jujugan sing digunakaké. Nanging RBMT saya suwe saya digajuli karo paricara (metode) sing luwih ndaya gunani (efisien), utamané terjemahan mesin talirasa (neural machine translation).[1]

  1. Wang, Haifeng; Wu, Hua; He, Zhongjun; Huang, Liang; Church, Kenneth Ward (2022-11-01). "Progress in Machine Translation". Engineering. ISSN 2095-8099.