Pamertalan caturan
Praèn
Pamertalan caturan yaiku tumindak ing ngendi pacelathon sing cinatur dipertal bajur cinatur ing basa jujugan. Linakon iki séjé karo pamertalan uwus (penerjemahan frasa), sing mung mertal klumpukan frasa ajeg lan winates. Tèknologi pamertalan caturan marakaké panyatur saka manéka basa bisa mariwicara (berkomunikasi) siji marang liyané. Mula, tèknologi iku nduweni mupangat gedhé banget kanggo manungsa ing babagan kawruh, patembungan sabrang budaya, lan bisnis sabuwana (global).